Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Dalam rangka memenuhi tugas membuat cerkak dalam bahasa jawa dari guru kami, yaitu Ibu Anthik. Berikut merupakan kumpulan cerkak bahasa jawa dari XII TKJ 1 :
Pethuk Amarga Ngeband , Nyebar Amarga
Ngeband
Dening : Adhitya MN (01)
Jenengku Biyorn,Tahun iki yaiku tahun
2001 aku lagek lulus saka kelas 12.Dina Iki Aku tangi kawanen Amarga ndelok
Film ning TV bengi kuwi.
“yorn – Biyorn ndang sarapan!Kae lho,
adikmu wis budhal sekolah ning SMP ne masa kowe kalah leh tangi isuk”
“diluk !”
“diluk !”
Aku langsung mblayu mengguri sarapan
karo dijak omong – omongan karo ibukku
“Jane kowe kudu ndang gulek gaweyan ,
Ben iso entuk duwik dewe dadine gak ngrepotne wong tuwa, Trus, Bapakmu kuwi
ya ning luar negeri dadine leh kirim duwik mung 2 sasi pisan “
“Lha masalahe aku iki isih urung wani wira-wiri gulek gaweyan soale wedine nik ora ketompo.Sakliyane kuwi aku iki uwonge arang dolan pas isih sekolah dadi mungkin kurang kenalan”
“Wis , Jajalen tekok kancamu nik kancamu wis entuk we mungkin ya iso melu”
“Lha masalahe aku iki isih urung wani wira-wiri gulek gaweyan soale wedine nik ora ketompo.Sakliyane kuwi aku iki uwonge arang dolan pas isih sekolah dadi mungkin kurang kenalan”
“Wis , Jajalen tekok kancamu nik kancamu wis entuk we mungkin ya iso melu”
Sakwise adus karo sarapani aku langsung
shredding gitar karo ngrungokne lagu saka CD Player.
Sesuke , Aku njajal takok ning kancaku
liwat telepon. Tibake , jik akeh sing urung ketompo dadine aku njajal telpon
ning nomere kancaku sing liyane sing omahe ning kutha liya.
“We Wis entuk Gaweyan gung”aku takon
“Wis , Iki aku melu band tapi masalahe enek anggota sing metu”jawabe
“Aku iso nggenteni ora?”
“Ya , Tapi we kudu cepet-cepet soale ndang rekaman maneh”
“Aku tak budhal sesuk ning omahmu”
Sesuke , Aku pamit merga arep budhal , sak durunge kuwi , aku nggowo gitar . Pas teka aku pethukan kancaku kuwi trus langsung dijak ngrembug.
“Wis , Iki aku melu band tapi masalahe enek anggota sing metu”jawabe
“Aku iso nggenteni ora?”
“Ya , Tapi we kudu cepet-cepet soale ndang rekaman maneh”
“Aku tak budhal sesuk ning omahmu”
Sesuke , Aku pamit merga arep budhal , sak durunge kuwi , aku nggowo gitar . Pas teka aku pethukan kancaku kuwi trus langsung dijak ngrembug.
“Iki lho , Anggota Anyare “
“Rize , ndang ayo ngrembug “Omonge Ingve karo maca manga
“Jenengmu sapa?”Mige karo Ingve
“Biyorn”
“Rize , ndang ayo ngrembug “Omonge Ingve karo maca manga
“Jenengmu sapa?”Mige karo Ingve
“Biyorn”
Wong 4 kuwi
langsung ngrembug opo sing kudu disiapne kanggo rekaman mulai saka lagu , genre
, musik lan liya – liyane . Dadine kabeh kuwi wis dirembug apik – apik dina
kuwi Merga wis sore Mige karo Ingve mulih Tapi , aku nginep ning omahe Rize.
Pas kuwi aku
disuguhi sega karo ibune Rize tapi aku ora doyan mergo pedes dadine aku milih
metu ning warung cedake kanggo tuku sega goreng putihan.Banjur kuwi aku turu ning
omahe .Sesuke aku langsung mulih , Tapi Rize lali ngomongi nik dina iki ndang
latihan amarga ewuh sinau, dadine wonge kaget nik aku wis mulih dadine kono ngirim sms pas aku wis teka omah karo
turu
Wonge ngomong nik sesuk kudu latihan
dadine aku kaget mergo lagek teka tapi dikongkon budal maneh dadine sesuke aku
moro ning omahe Rize maneh.
Pas teka kono aku malah dijak ning
nggone Mige
“Omahe mige kuwi endi ya?”
“Gak ya ning kutha-mu?”
“Lha endi , Duduhi ta jane kowe sing moro ning omahku ben aku ora kesel-kesel rene”
“Wis ta montormu tinggalen kene”
“Lha aku nik mulih piye?”
“Wis ta ngomongo ning bukmu nik kowe engko tak terne merga aku nginep ning omahe Mige 10 dina “
“Ya wis engko tak ngomongi ibukku”
“Ayo budhal , selak dienteni ayo nunut mobilku”
“Gak ya ning kutha-mu?”
“Lha endi , Duduhi ta jane kowe sing moro ning omahku ben aku ora kesel-kesel rene”
“Wis ta montormu tinggalen kene”
“Lha aku nik mulih piye?”
“Wis ta ngomongo ning bukmu nik kowe engko tak terne merga aku nginep ning omahe Mige 10 dina “
“Ya wis engko tak ngomongi ibukku”
“Ayo budhal , selak dienteni ayo nunut mobilku”
Pas tekane ning
omahe Mige , Wis ana Ingve sing teka dadine kabeh wis padha latihan
bareng-bareng Sakwise kuwi Aku diterne Rize mulih ning omahku karo arep mapak
aku maneh kanggo latihan sesuke karo aku ya dijak nginep ning omahe Mige.
“Oalah , Montormu Endi?” “Dititipne”
“Lha njipuke maneh piye”
“ketoke pas bar rekaman”
“Suwi men ta?”
“Wis ta buk uwonge wis tak omongi sakdurunge ben ndang takjipuk”
“Lha njipuke maneh piye”
“ketoke pas bar rekaman”
“Suwi men ta?”
“Wis ta buk uwonge wis tak omongi sakdurunge ben ndang takjipuk”
Wis ana 10 dina
, aku gawene dipapak karo kancaku kuwi kanggo latihan karo rekaman dadine aku
mbalik meneh ning omahe kancaku kanggo njipuk montorku trus sesasi sakwise aku
diomongi karo produsere rekaman nik albume wis rilis dadine diluk engkas mesti
diundang konser maneh.
Pas Wektune
Konser , Asline aku rada ndredeg Tapi wis luwih siap amarga latihan sakdurunge
,Tapi aku dadi luwih kulina. Sakwise Kuwi Wis ana 1 Tahun bola-bali konser saka
undangan ning endi –endi kaya ning kutha-ku utawa kutha liyane.Aku dadi luwih
terbiasa lunga ning endi-endi merga undangan konsere karo wis iso entuk duwik akeh
dewe dadine nik aku butuh opo-opo kuwi wis isa nduwiki dewe.Pas Tahun iki ,
Tahun 2002 Aku dijak ibukku ngurus paspor aku kaget iki ana apa dadine ibukku
ngomong nik tahun ngarep sak kaluwarga arep dijak pindah ning Amerika.Aku
bingung amarga rumangsa kudu ninggalne kanca – kanca bandku.
Pas Tahun 2003 ,
bapakku arep mulih saka Amerika merga entuk cuti saka kantore dadine bapakku
ning omah ana sesasi karo arep ngejak aku budhal ning Amerika tapi aku bingung
“Lha nik carane
ngene aku kudu metu saka bandku soale iki aku wis ngebarne album ke 2 trus
seminggu sakwise ana 2 konser maneh sakdurunge bapak budhal maneh , aku ya wedi
ngrepotno kanca - kancaku”
“Wis ta we
ngomongo apik – apik nik kowe enek urusan sing mendesak soale ibumu karo adikmu
ya arep tak jak ning luar negeri ,Trus urip ning kana dadine omahmu kuwi
dititipne ning pakpuhmu karo paklikmu ben omahe ora suwung. Trus kowe iya arep
tak kuliahne, Nik masalah ngeband wis ta ,
kancane bapakmu ning Amerika kuwi ana sing anake ya seneng ngeband trus
ya nduwe band dadine we mungkin nik wis kenal ya iso ngeband maneh ning kono.
“Waduh , Piye iki ? yo wis aku tak melu budhal wae tapi aku tak ngebarno konser kuwi disik”
“Ora opo-opo Masalah dokumene wis diurus trus wis dadi karo ndhek wingi wis tak tuku tikete”
Seminggu sakwise , Aku marani kanca bandku pas latihan sakdurunge konser terakhirku ning band kuwi nik aku kudu metu.
“Waduh , Piye iki ? yo wis aku tak melu budhal wae tapi aku tak ngebarno konser kuwi disik”
“Ora opo-opo Masalah dokumene wis diurus trus wis dadi karo ndhek wingi wis tak tuku tikete”
Seminggu sakwise , Aku marani kanca bandku pas latihan sakdurunge konser terakhirku ning band kuwi nik aku kudu metu.
“Wis ketoke aku saiki ora iso suwi –
suwi karo kowe kabeh”
“Lho , Nyapo ? Enek Masalah Opo , Opo Ibukmu ora seneng nik we ngeband Aku asline wis repot-repot ngguleki ganti kanggo sakdurunge lha saiki ?Rize Takon
“Lho , Nyapo ? Enek Masalah Opo , Opo Ibukmu ora seneng nik we ngeband Aku asline wis repot-repot ngguleki ganti kanggo sakdurunge lha saiki ?Rize Takon
“Masalahe ora kuwi , Bapakku arep Ngejak
aku karo Ibukku budhal ning amerika sakcepete dadine mungkin aku wis ora iso
bareng kowe kabeh”
“Waduh , Padahal awake dewe ora ana sesasi rilis album Kowe malah metu?”Ingve Takon
“Aku ya arep dikuliahne”
“Wis Ora usah bingung aku tak ngomong ning produser nik kowe arep metu Trus Pas Konser Terakhirmu awake dewe nggawe acara perpisahan nin panggung kanggo kowe”
“Suwun”
“Wis Ayo Pada Latihan”
“Waduh , Padahal awake dewe ora ana sesasi rilis album Kowe malah metu?”Ingve Takon
“Aku ya arep dikuliahne”
“Wis Ora usah bingung aku tak ngomong ning produser nik kowe arep metu Trus Pas Konser Terakhirmu awake dewe nggawe acara perpisahan nin panggung kanggo kowe”
“Suwun”
“Wis Ayo Pada Latihan”
Dina kuwi dadi
konser terakhirku pas kuwi aku konser Ning Kutha-ku dhewe aku wis rasane sedih
merga wis ninggalne band iki merga aku rumangsa matur suwun karo kancaku sing apik
ngajak aku melu band iki,Sakwise lagu terakhir, Kancaku band langsung nggawe
acara perpisahan ning panggung , Merga aku arep metu . Enek Penonton sing melu
rumangsa bingung soale ora ana 2 tahun wis ana sing metu maneh.
Pas aku arep mulih Rize , Ingve karo
Mige ngomong
“Muga Muga kowe sukses , Matur Suwun wis ngewangi band iki ”
“Ya , aku gak bakal nglalekne kowe kabeh Muga-muga entuk anggota anyar sing luwih apik maneh”
“amin”
“Muga Muga kowe sukses , Matur Suwun wis ngewangi band iki ”
“Ya , aku gak bakal nglalekne kowe kabeh Muga-muga entuk anggota anyar sing luwih apik maneh”
“amin”
Sakminggu Sakwise Biyorn , Adike ,
Bapake karo Ibuke langsung siap-siap budhal ning bandara , Wong Papat Kuwi wis
ewuh ket isuk kaya nyiapne dokumen-dokumen karo barang apa wae sing kudu digawa
sesuke paklikku moro ning omahku karo diwenehi kunci karo bapakku.
“Wis omahe jaganen nik iso omahe
dikancing terus , tapi nik iso omah iki ojo nganti suwung dadine omah iki iso
mbok enggoni “
“Wis We iso ngenggoni omah iki karo jaganen kunci iki , Nik bingung takon aku tapi , aku saben dina sabtu moro rene”Omonge Pakpuh
“Ya , Aku siap”Paklik Njawab
“Wis We iso ngenggoni omah iki karo jaganen kunci iki , Nik bingung takon aku tapi , aku saben dina sabtu moro rene”Omonge Pakpuh
“Ya , Aku siap”Paklik Njawab
Aku sak
kaluwarga diterne pakpuh ning bandara.Mergo dina kuwi aku lagek ning bandara,
aku dadi malah seneng ndeloki kiwa tengene bandara mergo akeh pengalaman sing
durung tak rasakne ning bandara kaya ngecek barang bawaan ning nggon khusus ,
mlebu ning ruang tunggu karo liyan – liyane.
“ayo ndang siap-siap 10 menit engkas wis
teko pesawate , Deloken Jadwale ning ndhuwur”
“Yowis, Ayo
Siap-Siap”
Pas Pesawate
teka aku , bapak , ibu ,adik wis mlebu
ning gerbang sing moro ning pesawate pas gulek nggon lungguh aku ya karo ndelok
saka njero nik numpak pesawat kuwi kaya piye rasane , pas Pesawate wis mabur
aku iso ndelok saka njero nik tibake kaya ngene pemandangane numpak pesawat pas
mabur .
Pas ning [esawat
Aku ya ngobrol karo sak kaluwarga karo mesen panganan ning pesawat ben ora luwe
, Pas pesawate wis teka aku sak kaluwarga wis teka ning bandara tapi rasane aku
kok ora kepenak awakku .
“Lemes men we?, We Mungkin jet Lag”
“Opo Kuwi Pak?”
“Mabuk Udara”
“Opo Kuwi Pak?”
“Mabuk Udara”
Sakwise Kuwi Aku
langsung diterne ning WC mergo rasane wis lemes tur pingin mutah Sakwise kuwi
aku langsung dijak tuku panganan ben ora lemes trus , Karo bapak Sakwise metu
saka bandara langsung dicegatne bis kanggo moro ning flat nggone bapak, ning
kono aku milih leren ning kamare kuwi
Pas Tangine aku
milih jalan jalan ning sakiwa tengene flat kuwi
Trus aku dijak kenalan karo wong sing tibake wong luar negeri anake
kancane bapakku kuwi sing jarene hobi band dadine aku gelem wae trus bengine
aku dikenalne karo kanca –kancane sing anggota bandne kuwi trus aku dijak melu.
Kira – Kira sesasi sakdurunge dikuliahne
aku dijak latihan ngeband .Dadine Pas Kuliah aku iso melu ngeband Sakliyane
kuwi , aku ya kerja liyane ning kana .
Pas Tahun 2006
Aku wis lulus kuliah dadine iso luwih fokus ngeband maneh ning kana karo konser
ning endi – endi dadine sakliyane kuwi bandku wis nggawe 2 album Trus ya gawene
diundang negara cedhak –cedhake dadine aku isa entuk pengalaman sing luwih akeh
ning luar negeri.Aku ya nduweni hobi yaiku ngupload video ning youtube
Nanging Pas
Tahun 2014 bandku bubar amarga ana akeh anggotane sing wis metu , Sakwise kuwi
aku milih dadi youtuber konten sing isih berhubungan karo musik, penghasilane
ya cukup lumayan tur 2 Tahun Sakdurunge aku njajal dadi Blogger karo penulis
kanggo penghasilan tambahan.
Tahun Iki Tahun
2018 umurku wis 35 tahun aku isih aktif dadi blogger karo youtuber , Pas Aku
Jalan – jalan ning taman aku petuk Rize sing saiki urip ning amerika.Pas aku
petuk rize aku banjur nekoki
“Piye Kabarmu , Ket Kapan We Pindah Ning
Rene”
“3 tahun sakwise we metu , band ne bubar merga wis akeh sing padha ewuh ngurusi cita – citane dewe.Trus aku ya pas kuwi entuk beasiswa dadine aku iso teko kene”
“Lha Piye Kabare Ingve karo Mige”
“Ingve milih Kuliah maneh ning Jepang karo Mige milih ning Jerman”
“Lha Kondisimu piye saiki”
“Sakliyane Ngeband aku ya kerja ning kantor Servere Website , Asline kuwi cita - citaku”
“Wah Tibake we ya iso ketompo ning kono”
“Soale aku wis kuliah Jaringan pas aku isih ngeband karo kowe”
“Wis Rabi Gung? , Nik Aku ya ora rabi soale aku wegah repot-repot ngurusi bojo karo anak Tapi aku gak nduwe pacar ning kanca wedok sing cedak akeh
“Ya Wis , Aku Rabi Karo Wong Kene sakwise teka mrene arep njaluk nomere?”
“Ya Ora , Aku iki luwih seneng karo gitar kok”
“Oalah , Jik Tetep Koyok Ndisik We?”
“HAHAHAHAHA”
“3 tahun sakwise we metu , band ne bubar merga wis akeh sing padha ewuh ngurusi cita – citane dewe.Trus aku ya pas kuwi entuk beasiswa dadine aku iso teko kene”
“Lha Piye Kabare Ingve karo Mige”
“Ingve milih Kuliah maneh ning Jepang karo Mige milih ning Jerman”
“Lha Kondisimu piye saiki”
“Sakliyane Ngeband aku ya kerja ning kantor Servere Website , Asline kuwi cita - citaku”
“Wah Tibake we ya iso ketompo ning kono”
“Soale aku wis kuliah Jaringan pas aku isih ngeband karo kowe”
“Wis Rabi Gung? , Nik Aku ya ora rabi soale aku wegah repot-repot ngurusi bojo karo anak Tapi aku gak nduwe pacar ning kanca wedok sing cedak akeh
“Ya Wis , Aku Rabi Karo Wong Kene sakwise teka mrene arep njaluk nomere?”
“Ya Ora , Aku iki luwih seneng karo gitar kok”
“Oalah , Jik Tetep Koyok Ndisik We?”
“HAHAHAHAHA”
Aku
karo Rize tetep guyon nganti sore Trus Sakwise Kuwi aku foto bareng karo update
status .Banjur kuwi Rize karo Bojone moro ning omahe Sakwise Kuwi aku ya moro
ning omahku ning cedhake kono.Sakwise kuwi aku takon kabare pakpuh karo paklik
saiki lewat video call banjur kuwi Paklik njawab nik omahe wis dienggoni karo
dijaga dheweke supaya tetep dienggoni tur ya tetep ketok rapi.Amarga wis sore ,
aku milih jalan – jalan sore karo balik ning flat nggone bapakku sing tak
enggoni saiki . Tekane ning kono aku banjur ngetik status FB ning laptopku
isine tentang nggayuh cita – cita.
______________________________________________________________________
Isuk Karo Tukang Koran
Dening : Agung Budi Laksono (02)
Jenengku
Vira, koyo dino biasane aku ngenteni ojek langgananku, pak Dadang neng
ngarep teras. Dino iki aku males nemen amarga pertandingan basket tim
sekolahku diselenggarakke neng luar kota. Wes adoh, aku yo ora ndue
sangu dinggo rono. Ibu ora ngekei sangu luwih,bapak pisan ora gelem
ngekei sangu, dadi saiki mlarat. Mlarat teko artian ra ndue duet.
Aku kepikiran ngko tim basket sekolahku iso tanding pora nek ora enek aku? Atak’e ngko kurang pemain?.
‘BRUKK’
Pas
jek ngelamun dewek’an neng ngarep teras aku kaget. Moro-moro enek koran
sing ngenk’i raiku. Merga ora terima, aku nggolek’i sopo sing nguncali
koran iki. Ono wong neng ngarep omahku sing ketok ribet karo koran neng
keranjang sepedane.langsung ae tak parani wong kui sing wani-wanine
nguncali koran neng raiku.
“Heh! Bocah!” tak celok wong lanang kui.
Wong lanang iki ketok’e sak umuran karo aku. Penampilane biasa, nggae topi lan seragam perusahaan korane.
“enten nopo nggeh mbak?”takon’e bingung.
“Koe’i nek nguncali koran, mbok yo ndelok-ndelok sek!”omongku rodo’ nesu.
Tukang koran kui ketok’an bingung.
“koran seng mbok uncal ngenek’i raiku ngke! Bocah kurang ajar!”lanjutku nesu.
“Sepurane mbak kulo mboten ngertos yen yen korane ngeneki panjenengan” ujare tukang koran iku njaluk sepura.
‘Tukang
koran kui ketok kesopanen neng aku. Ndelok bocahe ngono kui rasane aku
rodo’ ngerasa bersalah. Emboh ngopo aku dai pengin njaluk sepuro pisan.’pikirku neng njero ati.
“ya wes, tak terima sepuramu. Sesok neh, nek arep nguncal koran, ke’i kode disek gen aku siap dinggo nangkep.”jareku karo guyon.
“koyok nopo wae panjenengan njaluk di kode?” Ucap’e karo mesem manis.
“Aku kan peka, kode sitik ae langsung ngerti.”Balesku.
“yo nggeh kulo ajeng lanjut ngeterne koran liyane.”tukang koran siap munggah sepedane.”Sugeng Enjang, Mbak.”
“Sugeng enjang.”
Tukang
koran iku nyepeda ngadoh soko omahku. Ngomong sediluk karo wong lanang
iku marai aku lali karo masalahku. Aku ngarep supoyo sesok aku petok neh
karo tukang koran kui.
Ora nggatek’ne liyane ngerti-ngerti enek sing ndulit pipiku.tak delok tibak’e kui pak Dadang.
“enten nopo to lek?”takok’ku neng pak Dadang.
“la koe wi kui sing ngopo arep mangkat sekolah ora? Kok malah ndomblong neng teras?”
jawab pak Dadang.
jawab pak Dadang.
Sak wise kui aku langsung diterne pak Dadang neng sekolah.
______________________________________________________________________
Layang Kangen
Dening : Ahmad Syarif Hidayat (03)
Angin wengi
iki ngelingake marang koe pepujan ati sing tak tresnani, padange rembulan
ngelengake esemmu sing gawe bungah atiku. Saben bengi, atiku kegugah, karo
kenangan sing wes pernah dilewati, mlaku bebarengan ing ngisore udan. Guyon
bareng ing ngisore sinar rembulan. Kabeh katon nyoto ana ing bayangan.
Abot rasane
ninggal lungo awakmu, saben dina sing tak angen-angen, lagi ngopo koe ng kono.
Tapi kabeh iki ikhlas tak lakoni supaya aku karo koe iso cepet lungguh
sesandingan ana ing pelaminan. Saben nyawang fotomu, atiku kegugah maneh karo
kenangan kui, ora keroso eluh netes, brebes mili nelesi foto sing tak cekeli.
Sliramu tansah
urip ana ng ati, masio ragamu karo ragaku ora sesandingan tapi koe tetep enek ana ning jero pikiran, koe tetep dadi
wong sing selalu tak sayang. Ora ana wong liya kang bisa ngilangi kabeh rasa
tresna, ora bakal aku blenjani janji. Aku tetep setya nunggu koe wong sing tak
tresnani.
Lagi apa koe ning
kono, kangen ora marang aku? Iseh setya jogo tresnaku opo wes lali?. Saben
minggu sing tak tunggu balesan layang soko koe pepujan atiku. Tapi ora ana siji
layang tak tompo. Aku kangen marang suaramu sing mesti gawe tenang atiku,
guyonanmu sing gawe kahanan luweh berwarna.
Aku kangen.
Wis ana limang tahun aku lunga. Sing tak karepne mung siji, koe tetep jogo
janji sing wis mok ucapne. Pandongaku marang gusti ing setiap wengi, mugo koe
diparangi kesehatan lan mugo aku ng kene diwehi kekuatan anggonku golek modal
kanggo mantenan.
Aku pengin
ngomong, aku ning kene sehat, aku ning kene tetep jogo rasa tresna sing ana ing
jero dada. Aku ning kene tansah setya nunggu layang soko awakmu. Aku gak bakal ninggal awakmu, aku
bakal bali gowo berita bahagia, aku bakal bali kanggo ngajak awakmu rabi.
Kuta Jakarta
iki kang dadi saksi, setiap wengi aku mesti ngenteni, saben dina aku ngarepne
kabar soko koe sing adoh ing kana. Saumpama awakmu iku rembulan aku bakal dadi
lintang sing mesti ngancani koe. Pak Hambali mangan serabi, aku muleh ngajak
koe rabi. Jakarta udane deres, mugo koe gek dang bales.
______________________________________________________________________
Dekne Pengen Njebak Awakedewe
Dening
: Ahmad Zakkiyul Fikri (04)
Awan
kui sakwise muleh sekolah, aku karo kancaku dikon kumpul merga ana pembinaan
kanggo nyiapake olimpiade matematika , pancen nggelakne, wes kudune muleh tapi
awakedewe isih dikon neng kene. Opomeneh pas kui cuacane adem lan udan
rintik-rintik.
Sing ngajar wektu iku jenenge pak mulyono. Awakedewe
ngerungokne penjelasane. Moro-moro pak mulyono metu njikuk sesuatu.
Sawetara wektu pak mulyono mbalik mlebu kelas. Wonge
ketok kademen. Lebar kui pak mulyono ngekon aku nutup pintu supaya ruang kelas
hawane ora adem.
Awan kui suasanane sepi banget. Nganti suatu waktu
aku ngerungokne swara ketukan saka jendela sing marai aku merinding.
“pak, ana sing ngetuk-ngetuk jendela,” omongku.
“ra
popo, aku ora krungu opo-opo.” Ngandika pak guru
Moro-moro
ana swara ketukan meneh ning jendela, sing iki ketukane luweh banter.
“pak.
Ana sing ngetuk jendela meneh,” jareku.
“iya,
bapak krungu. Coba tak tiliki sek,” ngandika pak guru.
Akhire pak mulyono marani jendela trus mbukak tirai sing nutupi jendela. Bar kui, Pak mulyono mbalik ning panggon lungguhane. Let ora sui, kaya ana sing arep nyoba bukak lawang. Tapi, merga pintune wis dikunci, pintu iku ora keneng di bukak.
“pak,
kayane ana wong sing arep mlebu,” omongku.
“coba
bukaken,” ngandika pak guru.
Aku mlaku lan nyoba mbukak pintu. Hobiku sing seneng
maca cerita horor marai aku mikir sing aneh-aneh. Ndalala pas tak buka, sing
metu malah demit.
Aku
bukak kunci pintu alon-alon. Langsung kaget pas aku ngerti seng tak delok kui
pak mulyono. Aku langsung nutup pintu lan mlayu ning lungguhanku.
“ono
opo?” takon pak mulyono.
“mau
ana sosok sing mirip bapak,” jawabku.
Moro-moro
ana swara wong mbengok ning njobo kelas.
“bocah-bocah,
cepet metu seko kelas iki. Sing ning njero kui dudu bapak. Bapak saiki ana ning
njobo kelas!!!”.
Krungu swara bengokan kui aku sing ning njero kelas
dadi merinding. Aku dadi ra wani ndelok sosok opo sing lagi lungguh ning mejo
guru. Aku bareng 2 kancaku mlayu metu seko njero kelas.
“ayo
rene melu bapak, kowe kabeh bakal aman.”
Sosok
sing mirip pak mulyono mau metu seko kelas lan mbengoki awakedewe.
“bocah-bocah,
ojo percaya karo de’e. De’e mlakune ngambang.”
Aku
ora nggatekne bengokane. Aku mikir kui mesti jebakan supaya awakedewe mbalik
rono. Sakwise tekan suatu panggonan ning sekolah, aku ngeroso pak mulyono luweh
duwur. Ah, paling iki amerga aku lagi keweden, pikiranku dadi kacau. Tapi, hal
kui marai aku sadar.
______________________________________________________________________
Hadiah Kangge Emak
Dening : Alen Arvana Putra (05)
Wiwit lair
minangka wong wuta, dudu karep Radin wiwit lair ing dunya. Dheweke urip lan digedekne karo mbah putri sing
biasane diceluk Karo sebutan ibuk. Dheweke minangka
kulawarga mung Radin, amarga wong tuwané isin nalika nduweni anak cacat kaya
dheweke. Nganti akhire, mbah putri yaiku
sing ngurus Radin karo kabeh tresna ne.
Ora sawetara tanggi sing ngala-ala lan cilaka, nanging pracaya yen Gusti Allah ora
turu. Ibu ora tau isin yen duwe anak putu kaya dheweke, sanajan dheweke
terus-terusan rasani tanggane.
Dheweke terus tresna karo Radin ra
peduli
omongan utawa pituduh saka
para tanggane.
Sakbendinane
Radin ora bisa dipisahake saka aktivitas wong normal ing umum. Piyambakipun
sekolah wonten ing salah satunggaling Sekolah Khusus wonten ing caket desa.
Radin minangka mahasiswa sing pinunjul supaya dheweke entuk beasiswa nganti
lulus saka sekolah. Saiki Radin sekolah ing kelas 12, sing mesthi bakal ngadepi ujian lulusan
sekolah. Sasampunipun sekolah, piyambakipun mbiyantu Ibu kerja ing lapangan
miturut kemampuanipun ingkang winates. Nalika srengenge wiwit tenggelam, Radin
lan Ibu pindhah saka pekarangan menyang omah kanggo ngresiki awake dhewe,
banjur ndedonga bebarengan ing desane. Sing kaya ngono Radin ngisi dina kanggo
nyedhiyakake pengabdian marang ibu
sing tresna marang dheweke wiwit isih cilik.
Nalika ngethok cepet, Radin lulus karo nilai paling dhuwur lan
judhul mahasiswa sing pinunjul. Iku pancen bangga yen Ibu weruh puthu kesayangan e oleh
asil sing nyenengake. Ketulis njelas ing ijazah saka kertas karo larik saka
jeneng, salah siji kang ketutup tembung "Radinka Shafira" ngiring
dening tembung "Lulus" nggawe Emak matur suwun marang Gusti Allah lan
nangis karo emosi ing bangga Radin.
"Radinka, puthu! Alhamdulillah. "Dheweke
ngucap sukur.
"Matur sembah nuwun, Mak. Kabeh iki kanggo emak
sing wis ngrawati Kula wiwit cilik. "Radin mangsuli
kanthi emosi.
Limang sasi
sawise dina lulus Radini dadi motivator ing akeh omah-omah sing isine bocah
bocah sing nduweni kabutuhan khusus, uga dadi guru kanggo wong wuta ing sekolah
kebutuhan khusus ing Jakarta Pusat. Kanthi kemampuan kanggo nguwasani tulisan brailye, Radin
nyedhiyakake ibune sing seneng karo dheweke. Saben dinten piyambakipun ngupados
slam, nyuwun ageng beras kangge nampi kabutuhan kula lan ibu.
Tiba-tiba dina
teka nalika wektu dheweke nesu banget. Karo awak rame, nganti Radin mlebu
sekolah nalika ngajar. Ing pinggir dalan, sirahé amba abot nganti pungkasané
dheweke ora kepencut ing taksi sing ditunggangi. Sawetara wektu salajengipun,
Radin pungkasanipun ngilang kesadaran
lan mirengake Ibu
ing samping amben. Ibuk ngrangkul
puthunipun ingkang dipun
tresnani kados menawi Radin badhé nilaraken sisihipun.
Ora ana sing ora dikarepake, Radin bakal ngalami iki.
Padha usaha kanggo ngilangak e sel leukemia sing saiki nggarai wuta lan nggrogoti awak e Radin nganti entek.
Amarga perasan tresna karo
Ibu, Radin menehi hadiah pungkasan sing dheweke ngimpi. Dheweke ngusap pipi
alon-alon nalika menehi hadiah kanggo ziarah marang dheweke. Radin takon marang Ibu
supaya nampa hadiah pungkasan saka dheweke. Ibu banjur sesambat lan terus
ngrangkul Radin supaya ora lunga. Iki nggawe Radin malah luwih angel ninggalake dunya.
"Ibu, mugi Radin lunga dhateng
padamelanipun Gusti Allah." Radin
ngandika alon
"Radin bocah sing kuat,Aja
ninggal ibuk. "Ngendikane Ibu,
nguatake.
"Mak, Radin bakal tansah tresna marang
Ibu. Maturnuwun sampun ngancani
lan ngopeni Radin wiwit cilik."
"Iyo le, Insya Allah, anggere Radin ora lara
maneh. "
"Matur sembah nuwun, Mak."
Kanthi nangis
ing mripate, Ibu nampi hadiah pungkasan saka sini sijine puthune. Amarga tresna lan dongane ibuk,
Radin kalem banget ngilangi napas sing terakhir lan ninggalake kanthi eseman
ing pasuryan sing ayu.
______________________________________________________________________
Cuman Angen – angen
Dening : Alfian Ghofur Pramudita (06)
Bu
Sita dino senin wingi ngewenehi tugas gawe cerita ngenani pengalaman kang gak
nyenengake. Tugas iku dikumpulake senin minggu ngarep, nanging nganti dino
sabtu iki Joko urung kepikiran deweke arep gawe cerito bab opo. Ning grup wa bu
Sita bola – bali ngewehi woro – woro ngenani tugas e kudu dikumpulake sesok,
woro – woro kuwi nyebabna Joko dadi kelimpungan ngeleng ngeleng pengalaman e
deweke sing gak kepenak opo. Nganti sore deweke jik gung ketemu ide.
Jam 3 sore grup wa bocah – bocah
mulai rame bahas tugas saka bu Sita. Amarga mumet Joko langsung budal menyang
omahe Deni arep konsultasi, amarga Deni sering ngewenehi ide – ide cemerlang
nggo kanca - kancane, termasuk Joko. “Den, awakmu wis nggarap tugas saka bu
Sita gung?” takon Joko. “Wis, emang ana opo? Awakmu gung nggarap yo…” guyon
Deni. “Jelas gung lah, aku jik bingung pengalaman gak kepenak opo sing pernah
tak lakoni” cerita Joko. “La terus aku kon mikir pengalamanmu ngono?” guyon
Deni. “Ogak, kan kadang – kadang awakmu duweni ide – ide cemerlang ngenani
ngeneni.” bujuk Joko. “Kadang – kadang jare, sering yo aku ngewangi awakmu
nganggo ide – ide cemerlangku.” guyon Deni. “Iyo – iyo, guyon aku. Ewangi mikir
yo?” bujuk Joko. “Tapi, enek syarate.” omong Deni. “Iyo, tapi ojo okeh – okeh.”
omong Joko. “Saitik ae kok, sesok tukokne sego pas istirahat.” omong Deni. “Ok
siap.” jawab Joko.
Sambil mikir Deni yo nggarap tugas
liyane, saking gak sabare Joko terus mekso Deni ben dang nemokne ide. Deni jik
gak nggubris, lan terus garap sambil mikir cerito kanggo Joko. “Sesok jogging
neh yuk Den.” ajak Joko. “Moh, tugase akeh……….Eh, awakmu isuk mau gak yo cerita
ngenani bar jogging mau ngapa wae.” jawab Deni. “O iyo, wah idemu cemerlang
tenan.” omong Joko. “Yo jelas lah.” omong Deni. Untung mau pas dolan ning
nggone Deni Joko cepak gowo buku tulis. Dadi Joko langsung garap tugas ning
nggone Deni.
Cerita ne ngene….
Sabtu isuk mau, Joko duwe ide nek
pisan – pisan jogging ning alun – alun, sekalian deweke arep ngewehne kunci
markas ektrakurikuler lan ngajak jogging Tata, bocah paling pinter ning kelas.
Joko langsung budal ning alun – alun karo rasa seneng. Joko duwe rasa seng ning
Tata, nanging Joko gak weruh deweke seneng Tata amarga apa, lan mulai kapan.
Teko ning alun – alun Joko chat Tata ngajak jogging bareng, nanging Tata gak
gelem. “Gak iso jogging bareng, paling gak iso ketemu mengko pas ngewehne kunci
markas.” Angen – angen e Joko. Joko langsung jogging dewekan, lagi sak puteran
Joko ketemu koncone smp. Karo jogging Joko cerita – cerita karo koncone kuwi,
ngenani apa wae sing iso diceritakne.
Nganti entuk telung puteran, Joko
ngrasa wis cukup lah. Bar jogging Joko langsung jupuk hp ning jaket e. Lanjut
chat Tata, “Ta, awakmu ning kos gak?” takon Joko. “Ning kos aku, enek apa?”
jawab Tata. “Arep titip kunci markas.” omong Joko. Amarga gak dang dibales Joko
langsung moro ning kos e Tata. Nanging wis diceluk karo ibuk kos e Tata gak
dang metu. Joko chat Tata maneh, “Ta, aku arep titip kunci markas, aku wis ning
ngarep kosmu.” omong Joko. “Aku arep mulih, di sms ibukku dikon mulih.” Jawab
Tata. “Yow is, tak terne ning terminal yo? Pisan aku mulih.” takon Joko. “Gak
usah, aku tak budal dewe wae, suwun wis nawani.” Jawab Tata. “Ok. Ati ati yo.”
Omong Joko. “Ok suwun.” Jawab Tata.
Bar dibales ngono, Joko langsung
mulih karo rasa kaciwa. Teko omah Joko langsung sarapan, karo sarapan Joko
mikir arep renang. Bar sarapan Joko leren sediluk, wis leren Joko langsung
budal menyang kolam renang, kolam renang iku lumayan adoh saka omah e Joko.
Teko kolam renang kok Joko ngrasa enek sing aneh. Kok kolam renang e sepi
banget, biasane rame. “Ngerti nek sepi gak rene aku.” omong Joko. Amarga kolam
renang e sepi, Joko langsung mulih.
Kaya ngono iku pengalaman kang ora
kepenak kanggo Joko.
Ngingeti jam tibakno wis jam 4 sore,
tugas e Joko meh bar. Nanging Joko tambah bingung amarga tugas iku enek
perintah ngenani tugas iku minimal pirang lembar, Joko jik kurang seperapat. Ben
gak bosen Joko dolanan hp disik, karo mikir pengalaman sing gak penak piye
maneh sing arep ditambahne ning tugas saka bu Sita iku.
Amarga wis sore, Joko langsung pamit
ning Deni. Sakwise magriban Joko ngrasa luwe, lan pengen tuku sego langganan e
ning pinggir ratan gede. Joko wis ngangen – ngangen arep mangan sego sing dadi
kesenangan e iku, rasane enak ditambah maneh regane murah. “Bengi – bengi
ngrasa luwe, mangan sego langgananku enak iki.” rasan Joko. Joko gak dang budal
amarga ngenteni bapak e supaya ditukokne karo bapake, ben duwike gak kalong.
Dienten – enteni bapake gak dang mulih nyumbang nggone kancane. Joko mutuske
budal dewe lan tuku nganggo duwike dewe.
“Tiwas ngenteni bapak, aku nko
keluwen. Yowis tuku dewe wae.” Omong Joko. Amarga luwe, Joko budal dewe tuku
sego langganan e. Tibakna dina sabtu iki dadi sabtu sing gak kepenak kanggo
Joko. Joko kepengen tuku sego langganan e, tapi bakul sego langganan Joko iku
tutup, bakule dirawat ning rumah sakit. Amarga larane kumat maneh.
Teko omah Joko entuk ide kanggo
nambahi tugas pengalaman sing gak kepenak iku karo pengalamane Joko awit sore
nganti bengi, awit ngenteni bapake gak mulih – mulih nganti gagal tuku sego
langganan e amarga gak bakul. “Cerita ku dino iki kok ya matuk karo tugas e bu
Sita.” gumam Joko.
Pengalamane Joko dino iki kok ya gak
enek sing kelakon, kecuali niatan e Joko garap tugas. Tugas saka bu Sita iso
bar tapi tugas iku bar amarga pengalaman e Joko kang ora kepenak sedino utuh.
Senin e bu Sita nagih tugas kang diwenehne minggu wingi iku. Joko entuk acungan
jempol saka bu Sita amarga ngumpulake tugas tepak waktu, biasane Joko iku
paling telat ngumpulake tugas, tugas opo wae.
Dino sabtu wingi dadi dino kang kang
penak kanggo Joko, awit isuk nganti bengi Joko cuman bisa ngangen – ngangen,
angen – angen e iku kabeh gak iso kedadeyan. Amarga iku kabeh cuman angen – angen.
Awit gak sido jogging karo Tata, gak sido sarapan bareng, gak sido renang,
nganti gak sido tuku sego langganan amarga bakul e loro.
Dadi kabeh kedadeyan iku ojo cuman
diangen- angen tapi dilakoni apa kang dikarepake. Nek cuman diangen – angen,
kedadeyan iku iso wae kelakon nanging cilik kemungkinane kelakon. Nek sing
diangen – angen kuwi kelakon gak masalah, tapi nek gak kelakon kan iso gawe ati
loro.
Angen – angen sing dilakoni seumpama
gagal gak sepira lorone tinimbang cuman diangen – angen. Paling gak wis pernah
nyoba gak cuman angen – angen.
Iku mau ceritane Jokok ingkang
diwenehi tugas gawe karangan ngenani pengalaman kang ora kepenak, untung e Joko
iso ngebarne tugas tepak wektu lan Joko entuk pengalaman anyar ngenani angen –
angen.
______________________________________________________________________
NGERI
Dening : Alviero Maldini W (07)
Kenalno jenengku Ezra budiamur, konco-koncoku nyeluk
aku ezra,aku siswa kelas 3 neng SMA Ora sepele Karangjati,cerito iki diwiwiti
teko aku kelas 8 smp,awet teko kelas 8 belas gak tau nyekel buku,gak pernah
sinau maksute.
Senin nganti sabtu mlebu sekolah,adus isuk,ngangge
seragam,muleh awan,bendino nglakoni koyok ngono tapi siji ae pelajaran gak enek
seng nyantol siji wae,mulai ket kui nganti unggah-unggahan kelas 3 sma ezra
mlebu siswa peringkat neng ngisor,mben ulangan noh pertamane anteng-anteng
wae,tapi lak wes mulai.....
“Dik dik nomer
siji opo?”
“zal woyy zal
nomer enem opo?”
Iyo wes ngonowi
terus teko SMA kelas 11 untung munggah terus,alhamdulillah
Ntah ketemplekan setan opo,sak wis e preinan munggah kelas 3 sma
kui,ezra ndue roso geting mbek koncone mergo dee gaene disepelene mergo bijine
seng elek ae,seng nyontek ae,dee ndue niatan ameh sinau maneh,sinau tenanan,dee
kelingan ndek SD kae dee ki pinter,juara 4 UN e sak sekolah,yo asline pinter
tapi yo kui dadi ngeneki ,mergo gak nate sinau.
Akhire dee sadar,dee isin bar kui dee temenan leh
sekolah,sinau ben bengi,ngapalne pejaran,nggarap tugas,dino demi dino enek
perubahan neng bijine,bijine mulai apik,konco sak kelasse yo mulai ngrasakne
perubahane ezra,koncone ezra seng jenenge samuel kaget ndelok ezra bijine apik.
“Zra kowe nyewo
dukun to?bijimu wilo kok iso ngono saiki,carane nyerpek ki pie to?”takok e
samuel neng ezra
“Lambemu kui,iki
aku sinau tenan neng omah ora kok nyewo dukun,pengen bijimu apik?sinauo to”
jawabe ezra.
Ezra terus sinau nganti sak wis e UN kelas 3,dee
lulus oleh danem seng memuasne,konco-koncone iyo gak nyongko lak ezra bakalan
oleh danem semono,tarah iyo sih usaha ora hianti hasile,saiki ezra ngerti opo
pentinge sinau,ora cuma sinau pelajaran sekolah tapi sak lia liane,kui ki yo
ben ngerti opo seng diomong neng njobo kono,ngerti ilmu seng berkembang neng
njobo kono.
______________________________________________________________________
Lali
Wektu
Dening : Andrey Dwi Setyo Aji (08)
Ing
dino sebtu isuk, Aku pono lan 3 koncoku yaiku samsul, burhan, lan deny biasa
ngumpul bareng pas prei sekolah koyo saiki, ing kecamatanku sistem sekolahe wes
fullday mangkane ing dino sebtu lan minggu para siswa lan guru prei sekolah,
lha yen pas prei ngeneki aku kro koncoku wong telu mau mesti ngumpul bareng
nang lapangan cedak omahkujalan-jalan utawa dolanan, “Dino iki awakdewe ngapo
ya no enak e ?”, “aku yo bingung eg sul, enak e awakdewe ngapo yo,awakmu ndue
saran gak han ?”, “maen mobile wijen yok,sui ra dolanan game bareng ki.” ,”Lha
cocok ki mumpung prei-prei yo kan”.
“Ngko
sore wae maene iki awak dewe muleh disek resik-resik omah, ngko sore moro nang
omahku yo sul,han,den.”. “Oke.” Sawise iku bocah telu mau muleh marang omahe
dewe-dewe podo resik-resik kamar lan sandangane supaya pas dolanan sore ora
ndue tanggungan resik-resik, pas teko ngomah pono langsung mlebu kamar lan
ndelok kamare, nang njero ati dekne mbatin “Mosok ra tak resik i 2 minggu
kamarku sawangane koyo ngene, lha kok jek resik kandang manuk e bapak”. Tanpa
basa-basi pono langsung nggolek i masker lan resik-resik kamare seng rueget
amarga wes sui ra diresik i, ibuk e seng ngingeti pono resik-resik kaget, “lho
lee dengaren kok resik-resik kamar,ketutan jin ko ndi awakmu ?”, “ibuk iki anak
e lagi sregep orane dipuji malah dikiro kesurupan.”
“
hahahaha ora-ora lee, lha ibuk kaget kok dengarenmen awakmu gelem resik-resik,
ya wes ke nak arep maem lawuhe ono nang mejo tk tutupi kae,ibuk tak metu neng
nggene budemu delut.”, “oke buk,oh iyo buk lali anu nyuwun sangu hehehe.”,
“wong prei-prei kok jek sangu, nyoh tak wei 5000 ae cukup to.”, “hehehe iya wes
cukup,suwun nggeh buk.” Sabare iku pono lanjut resik-resik lan ngumbahi klambi
mari ngono maem, lha sawise adus pono lungguh nang ngarep omah ngenteni koncone
3 mau seng jare arep ngajak pono maen game mobile wijen, sui pono ngenteni
akhire cah 3 mau teko.
“Yok
sido maen gak ki no ?” takone burhan,”yo sido no, tapi enak e ki maen nang ndi
?”, “nang kantor deso wae kan enek wifine hehehe.” Saute samsul karo
mesam-mesem, “Wong kok golek gratisan wae, yo wes yok budal.”. tanpa kesuen
pono lan koncone 3 mau langsung budal nang kantor deso, sawise teko pono lan
koncone langsumg ngetokne hp lan mbukak game mobile wijen, “wah cocok tenan iki
sepi kantor desone,wifine banter sul ra ngelag ki nak dingge maen.”, “iyo no ra
ngelag jan mantap tenan, burhan karo deny wes log in game gong ?”, “sek jek
loading ngerti dewe hpku kan evercos” jawabe burhan,”sek jek moco webtoon wes 3
ndino ra moco updatean eg.” Saurane deny,”wooo wong awakdewe ki arep maen
bareng kok malah moco komik,ngko wae mocone ng omah, ndang ayo main selak gatel tanganku pengen mijeti
analog.” Sauranku nang deny
“yo yo sek iki jek loading ki”. Sawise iku bocah 4 mau
nglituk mentelengi hp mergo podo maen game bareng, mergo saking serune main
game bocah-bocah iki mau sampek lali wektu, ra kroso moro-moro uwes krungu adzan
maghrib, bocah 4 iku kaget lan langsung kesusu muleh, Pono wes ndue firasat yen
dekne teko ngomah ibuk e mesti wes ngenteni nang ngarep omah, sawise pono teko omah
tibak e tenan dekne ndelok ibuk e ngadek ono ing ngarep omah karo nyekeli sabet,
“teko ngendi wae lee, yahmene kok lagi muleh mbok rasah muleh sisan, bocah kok raeleng
wektu maghrib jek dolan wae!” ibuk e pono koyo-koyo nesu banget karo pono,
amargo ijik bocah tapi kelayapan ngasi maghrib ugung muleh ugung adus, pono meneng
wae pas diseneni ibune iku, dekne meneng amarga dekne sadar yen dekne salah,
“ngapuntene buk, kulo wau dolanan kaleh rencang-rencang teng kantor desa wifian,
sampek lali mboten ningali wektu.” Ngomonge pono karo nada alus marang ibune, “ngono
iku nak dolan ki didelok wektune yen wes wayah muleh yo muleh adus, sholat nang
masjid besok meneh yen mok baleni maneh rasah muleh sisan,yen muleh ra tak wei lawang.”
“inggih buk pono janji mboten ngulangi maleh.” Sawise iku
pono langsung dikon ibuk e mlebu omah lan adus, sesok e pono ketemu karo Burhan,Deny,lan
Samsul cah 3 iku podo crito yen wingi pas muleh podo diseneni wong tuane, “Aku yo
kapok sok maneh yen dolan nak wes krungu adzan ashar muleh aku.” Ngomonge pono nang
wong 3 mau, “Aku yo kapok no ndek wingi bokongku disambleki karo ibukku, Wes
rawani dolan sampek maghrib neh aku.” Saurane Samsul marang kancane mau, Deny karo
Burhan mung mantuk-mantuk tok krungu critane Pono karo Samsul sing diseneni wong
tuane mau.
____________________________________________________________________
____________________________________________________________________
Amargo Salah Paham
Dening : Anisatul R (09)
Sawijining dina...
Ora kaya biasane Alya lan Siti
sing kawentar minangka kanca raket iku meneng-menengan lan katon wis
rong dina ora guneman , amarga kuwiSiti sing bocah anyar sing lagi mlebu nang asrama panti, nanging uga kerep srawung
karo kekarone nyoba nengahi supaya paseduluran ing antarane bocah loro iku ora
pedhot.
"Alya, tak delok - delok wis rong dina iki kog gak bertegur sapa karo Siti, emange kowe ono
masalah ya karo Siti?" pitakone Atul nganggo basa jawa sing grothal
grathul.
"Ora kok Tul, ora ono apa - apa" jawabe Alya
singkat.
"Ayolah Alya, ora usah ngapusi ..sampean kan kanca,
kanca kenthel malah jare mbak – mbak asrama, mesti ana sesuatu sing mungkin wae aku
bisa mbantu" Atul tetep ora nyerah mbujuki Alya supaya gelem crita.
"Tul , sebenere pancen aku karo Siti wis
ora sapa aruh rong ndina iki, tapi iki merga kabeh salahe kok. Mosok buku
novel sing disilih Siti ki ngakune wis dibalikke seminggu kepungkur
, padahal kenyataane durung mbalik ning aku, nanging Siti kondo yen wis
dibalikke pas aku bar adus malah ganti nuduh aku pikun jan nggregetke tenan
bocah iku" pungkasane Alya crita dawa.
"Ooo...ngono to Al, tapi emange wes kok goleki ning
panggonan liyane rak – rak an buku to Al, ya sapa ngerti buku novel
ketlisut neng ngendi ngunu utuwa ono sing nyilih buku novelmu kuwi Al?"
Atul nyoba takon kanthi ati-ati.
"Apa kowe ya nuduh aku pikun, lali ndeleh buku novel
ning endi ngono to Tul ?" Alya rada muring-muring ditakoni ngono.
"Yo bukane ngono, aku kan cuman takok...sapa ngerti
ngono, yo nek wes bar ngaji engko tak coba ngewangi goleki ,
sekalian karo sinau bareng kaya biasane, piye Al ?" pitakone Atul.
"Yo gak pa pa sih, sinau bareng nang gazebo utawa mushola ya tul "
jawabe Alya.
"Iya neh...sip , wes kek ya. Ayo gek ndang adus terus siap –
siap ngaji kek ya".
Sejam sakdurunge....
"Dadi ngono critane Tul, mosok aku ki yo ngapusi to
wong cetha cetha aku ki wis mbalikke bukune Alya kog pas aku bar piket nyapu gazebo".
"Ooh ngono to critane Sit ...hem mungkin wae Alya lali nek dekek buku
novel sing kok silih wis mbok balikke yo" ujare Atul.
"Lagian yo Alya iku kan lalinan Tul, kowe ngerti
dhewe kan muga - muga wae buku novele pancen mung ketlisut, aku yo dadi ora
penak gara-gara buku novel dhewe dadi meneng - menengan ngene iki , dikirane
aku ora njaga amanah to"curhate Siti maneh.
"Ya wes nek ngono, ngko sore sak wise bar ngaji kowe
melu aku sinau bareng koyok biasane adhewe ngono kae nang gazebo utawa mushola
, mengko pisan jelasno masalah iki nganti rampung lan ben gak dadi salah –
salahan koyok ngene iki , pye ?" ajakan Atul.
"Yo wis aku melu wae Tul , aku yo bakal ngganti buku
novele yen pancen ora ono".
sore iku sak wise ngaji ing gazebo.
"Siti, aku njaluk ngapura yo jebule buku novel sing
mbok balikke kae pancen wis tak tampa, tapi gara-gara tak waca bengi-bengi
nganti keturon malah tiba ning ngisor dipan, dhek awan tak temu pas resik resik
kamar.....maaf yo aku wis nuduh kowe rung mbalikke" Alya ngomong sinambi
ndhingkluk nalika Sitilan Atul neng gazebo lagi guyon.
"Wah syukur nek ngono Al , aku ki yo kepikiran
terus, wis ora perlu isin , aku yo njaluk ngapura amarga ngenengke awakmu , iku
yo goro – goro aku Al. Tapi sak dhewe tetep kekancan to?"
jawabe Siti.
"Hee.... em ora mung kekancan tapi seduluran"
Alya ngomong sinambi ngrangkul Siti.
"Nah ngono kan yo penak nek di sawang , kan
kowe kabeh iku sahabatan , wis sak mestine kudu ngapura lan ngumpulake liyane kaya iki " Atul katon seneng amarga usahane kasil.
"Matur nuwun ya Tul , sampean emang apik
banget" ujare Alya lan Siti bebarengan.
"Okeee.....pada – pada, ayok sinau bareng e ndang dimulai selak
magrib" ujare Atul kambi guyu.
Sak wis e iku Atul melbu kamar jimok buku seng arep
digawe sinau. Alya lan Siti wis guyu maneh kayok biasane. Atul delok lewat
jendela karo guyu ngingeti wong loro mau sing lagi guyon nok gazebo.
Banjur Atul metu ko kamar kambi nyangking buku pelajarane .” ayok gek ndang
sinau !” ujar Atul ning Alya lan Siti.
”Okee......siap bosss Atul...” ujar Alya lan Siti meh
bebarengan.
Sak wis iku Alya ngomong nang Atul yen dhewek e arep
jimok buku disik nang kamar.”Kek ya aku tak mundut buku disik”,ujare Alya nang
Atul lan Siti. Banjur Siti ngomong nang Atul
yen dhewe e seneng wis baikan maneh karo Alya, Atul banjur ngomong dhewe e yo
seneng iso ngewangi. Banjur Alya metu saka kamar karo nyangking buku – buku
pelajaran sesok. ”Ayok nang mushola sinau kambi nunggu ibuk salat magrib
jamaah” ujare Alya.
”ayok...... ” jawab Atul lan Siti bebarengan.
Banjur wong telu mau mlaku bareng moro nok
mushola , tapi Siti dumadakan mandek , banjur Atul takok ”Nyapo kok
mandek Sit” banjur Siti jawab ”Kek ya aku lali urung nyetrika seragam kanggo
sesok kek ya aku tak mundut seragamku disik ya”. ”Yo ndang dipundut disik
seragame” jawab Alya.”Nek arep kek gak pa pa ko” jawab Siti. Banjur Alya lan
Atul mlaku bareng nang mushola,
sak wis e nang mushola Alya ngomong
yen dhewe e ngeroso yen dhewe e tarah yo lalinan.
Selang pirang menit Siti teko karo ngowo
seragam sing ameh disetrika , terus didekek nang dhuwur mejo setrika , banjur
Atul ngomong ”Yen ono masalah iku diselesaik no bukan dimeneng no Al, Sit”. ”Yo
Tul muga – muga wae iki iso tak dadikno pengalamanku, supaya aku gak asal
nyeleh barang lan anger salah paham karo wong”. Ujare Alya marang Atul lan
Siti. ”Wis iki kudu iso dadi kanggo pengalaman kabeh supaya nek nyeleh opo –
opo ora angger lan kudu pas nang panggonan, lan misale barang iku ora ono yo
usaha dipadosi disik ojo langsung meneng – menengan ben gak dadi salah
paham”ujare Siti.
”Yo terutama kanggo Alya ojo angger dekek barang lan ojo
langsung salah paham kek, nek urung ono buktine utawa urung ketemu, ben yo ora
rusak persahabatane iku, oke...” ujare Atul marang Alya lan Siti, banjur Alya
lan Siti jawab ”Okeeee..... bosss”, wis gek ndang ayok wudhu terus nang mushola
terus nunggu ibuk” ujare Atul marang Alya lan Siti.
Awit prastawa kuwi
Alya,Siti lan Atul dadi sahabat salawase. Cah telu kuwi bebarengan terus lan
saiki nak enek masalah mesti dirundingke bareng-bareng.____________________________________________________________________
Kanca
Dening : Arnanda Nuryasa (10)
Isuk kae Deni metu saka omah e budal
menyang sekolah, deni sekolah ing smk 12 ngawi. Deni budal sekolah dewe, numpak
sepeda ontel seng wes tuwo, jarak soko omah e menyang sekolah 10 kilo, nanging
jarak ora ngalangi niat e deni golek ngelmu. Deni nduwe konco jeneng e gunawan.
Gunawan wong e sugih, wong tua ne nduwe sawah ombo. Gunawan iku wong e apik an,
sak bendino yen ngerti deni ngontel budal sekolah kadang ditawani bareng
gunawan numpak montor. Ing sekolahan wong loro iku uga sak kelas, sak bendino
nen sekolah bebarengan terus. Kadang deni ora sangu, karo gunawan biasane
ditukokne jajan.
Dino kamis gunawan ora ngerti deni
sakjroning sekolahan, ora enek surat keterangan yen deni ora mlebu sekolah. Gunawan
mbatin neng atine, yen deni mbolos sekolah. Ananging gunawan neng sisi lain uga
ora percoyo yen denim bolos sekolah. 2 tahun gunawan kekancan karo deni ora
pernah ngerti yen deni mbolos sekolah. Deni semangat e tinggi pengen sekolah
seng duwur sampek sarjana. Sak banjure muleh sekolah gunawan takok marang kanca
kancane deni inkang sak desa karo deni, ananging ora ana seng ngerti. Dino
jumat deni iseh ora mlebu, gunawan curiga marang deni akhir akhir iki, ora
mlebu sekolah nanging ora enek surat ijin e, gunawan nduwe niatan moro neng
omahe deni.
Sak banjure muleh sekolaah, gunawan
tindak menyang omahe deni. Sak tekane neng omahe deni, gunawan ora ngerti pit
ontel seng gawene di nggo deni sekolah. Ing jero omah e deni mung ana bapak e
deni loro ing nduwur amben tuwo, gunawan banjur takok menyang bapak e kena
ngapa deni ora mlebu sekolah tanpa enek surat ijin. Deni ora mlebu sekolah
amargi kerja nggo ngewangi wong tua ne, deni sak ben dino adol loran neng dalan
gede ing kuto. Sak banjure kuwi gunawan muleh menyang omah e, neng atine
gunawan dekne pengen ngewangi deni konco sak kelas e kuwi.
Dino sebtu gunawan mlebu sekolah
koyok biasane, ananging bangku sebelah e seng biasane di lungguh I deni iseh
kosong. Deni iseh ora mlebu sekolah. Uwes 3 dino deni ora mlebu sekolah, sak
banjure muleh sekolah gunawan ngggolek I deni neng dalan gede ing tengah kuto,
gunawan muter muter kuto nganing urung ketemu. Suara adzan ashar wes krungu,
gunawan mlampah menyang mesjid. Sak bar e sholat ashar gunawan ngerti deni
mlaku nggowo Koran saka arah kidul e mejid. Gunawan nyamperi deni ing pinggir
dalan kuwi,
“ Den, tak golek I muter muter tibak e neng
kone kowe.”
Deni
wajah e lesu kringet e mili soko pori porine, amargi manas golek duwek ngedol
Koran ing dalan lan sekitare lampu merah.
“
oalah kowe gun, sepurane ya. Ngapa kowe nggolek I aq gun?”
Gunawan
karo wajah sedih e ngingeti deni konco sak kelas e iku, seng sak mben dino neng
ndi neng ndi bareng.
“Den
aq iki koncomu, yen butuh bantuan aq yo siap mbantu kowe den. Yen ono masalah
crito o neng aq gakpopo”
“Aq gak penak gun ngrepotke awakmu
terus, wes gak popo gun , nasib ku tarah ngeneki tak jalani wae. Tuhan iku moho
ngerti seng apik gun kanggo hambane”
Gunawan
rumangsa ngesakne marang konco akrab e iku, dekne pengen ngewangi golek duwek
kanggo tuku obat bapak e seng lagi loro.
“Wes
ayo den tak rewangi ben ndang cepet bar lan luweh asile mengko”
“
gak usah gun, ndang muleh wae, ndang sinau gun. Gak pengen ngrepotne kowe aq”
“Gak
ngrepotne den, konco iku susah seneng bareng”
Gunawan langsung ngewangi deni
dodolan Koran neng pinggir dalan gede ;lan neng lampu merah seng peluang payu
ne akeh. Suara adzan magrib wes krungu, deni lan gunawan cepet cepet mungkasani
leh dodolan Koran lan langsung leren neng mejid. Koran dino kui laku
akeh,penghasilane deni nambah luweh akeh amargi disunggi wong 2. Deni trenyuh
atine marang gunawan amargi gelem ngewangi dodolan Koran kanggo biaya berobat
bapak e seng lagi sakit. Iseh ana wae konco koyok ngunuwi seng gelem susah
seneng bareng. Sakbare solat magrib deni lan gunawan muleh lan nggowo bapak e
deni marang puskesmas, tabungane deni wes cukup di nggo berobat bapak e
ditambah bantuane gunawan.
Sak wis e saka puskesmas gunawan
ngeterke deni lan bapak e muleh, bapak e deni brebes ngingeti jejancan e anak e
seng kentel iku, bapak e ngrasa bersalah ora bisa ngewenehi sing luweh apik
kanggo deni. Sesok e keadaan e bapak e deni wes mendingan, obat saka puskesmas
manjur tenan. Senen isuk deni wes iso sekolah maneh. Gunawan seneng banget
kanca sak bangkune wes mlebu sekolah maneh, neng ngi neng ndi bebarengan terus.
Pas pelajaran deni di dawuhi kalian guru BK amargi ora mlebu sekolah tanpo
alesan 3 dino. Deni njawab jujur opo enek e, guru BK ne nggeh ngewenehi welas
kasih marang deni. Deni cumak di kek I peringatan supaya yen ora mlebu nggawe
surat lan tanda tangan wongtuane utowo wali.
Deni mbalek neng kelas ditakoni
kaliyan Gunawan ,
….
“ We nke dihukum
opo karo guru BK”
“ora
dihukum, aq njawab opo enek e, cumak dikek I peringatan supaya yen ora mlebu
nggawe surat”
“Alhamdulillah lak ngono, mengko
muleh sekolah tak terne ya den. Aq uga pengen ngerti keadaane bapakmu”
“Iyo
gun, matursuwun lo we koncon paling apik, tapi gak ngrepotne too?”
“ halah tenang den, koyok lagek
kenal aq wae, hahahahahha”
Bel
muleh sekolah wes muni, deni lan gunawan cepet cepet muleh moro neng omahe
deni, Alhamdulillah bapak e deni wes mari, bapak e ngerti yen anak e muleh
sekolah bapak e masak kanggo anak e, ngepasi gunawan moron eng omahe deni bapak
e nggeh masak akeh, swasana neng omahe deni malah seneng lan bahagia. Wajah e
deni ora susah maneh, bapak e wes mari lan bisa nafkahi deni maneh, masio pas
pasan tapi kebutuhan e wes kecukupan ra ketang kadang telat sitik. Nanging rasa
syukur keluargane deni wes nggawe atine deni lan bapak e bahagia. Urip pas pasan
lan kecukupan ora dadi halangan kanggo bahagia, dek ne ngerti tuhan iku adil
ngewenehi bahagia marang hambane.
______________________________________________________________________
DAKTINGGAL
LUNGA
Dening
: Bagus Virdianto (11)
Panggonan sing padha, kursi sing padha, lan meja
sing padha, nanging karo wong sing beda-beda. Lenggah ing pojok kamar ora ala.
Saka meja iki aku bisa nyawang akeh prakara ing ngarepku. Nanging, soko sing
ilang aku ora bisa ndeleng maneh. Iku ora bakal dadi.
Seneng ngobrol wae sepasangan sing seneng ngobrol.
Ora sengaja salah sijine gocelan tangan pasangane. Apa padha seneng, iku mung
rasa wedi ilang. Saka meja iki aku mung nggolek lan ngendhih.
"Apa kabar iki?" Takon pelayan sing teka
ing meja.
"Robusta siji."
"Makananne nopo mba?"
"Siji durian donut."
"Yen ana tambahan , wenehana ngerti kasir
mengko ben diterke pelayan."
"Cepet-cepet!" Aku ngetokne
tembung-tembunge kanthi kasar.
Pelayan kaget lan banjur lunga kanthi mlaku cilik,
kuwatir yen emosiku bakal njeblug maneh. Pasuryan abdi mau langsung pucat.
Urung ngasi dakdemek, pasuryan pucuke pucuk bisa nyedhaki aku. Aku ora kuwat,
luh kaya pipine kaya pipine tanpa alangan, ngalir cepet.
Aku nyadari wong ing cafe iki nyenengake karo aku
lan kepenak. Aku uga nyadari yen ora ana sing ana ing kafe bakal wani
nyenengake. Aku malah wani kanggo ngira yen luwih saka siji wong mikir aku
edan. Aku ora edan, nanging mung nyedhak.
Bengi ing wayah wengi aku bali menyang kafe iki.
Cafe iku favoritku sakanca kabeh, yaiku ing ngendi crita kita tuwuh. Yo, aku
ngomong karo sampeyan, sampeyan sing wis lunga. Lan saiki aku mung nangis ing
pojok cafe. Nalika nunggu urutanku teka. Cuma kui sing bisa dakenteni, amarga
sampeyan ora bisa bali.
Wis limang sasi wiwit patemon pisanan ditindakake.
Nanging, kenangan kui ora bakal ilang. Mundhut nyedhiyakake akeh piwulangan
penting, salah sijine sing mulang ora kabeh bisa diganti. Kalebu kenangan kula
lan sampeyan.
Dina iku dina minggu, dina sing nyenengake kanggo
njelajah internet nalika ngombé kopi. Aku mutusake arep menyang cafe luwih
apik. Kejabi luwih seneng tinimbang ing omah, aku uga mikir ing cafe yen aku
bisa ketemu karo wong lanang ganteng. Wong wadon ngendi sing ora bakal kepencut
karo wong ganteng?
Kafe iku ana ing pinggir dalan gedhe ibukutha.cafeiku
duweni kaca sing cetha gedhe sing dadi jendhela lan penghalang kafe kanthi
jalan gedhé ing ngarep. Nang njero cafe iku rodo peteng, sanajan isih awal
amarga ana cahya cilik sing teka. Ditambahake tembok-tembok sing nggumunake,
cafe iki bisa dadi panggonan favoritku kanggo ngombe kopi.
Aku lunga lan lungguh ing pojok kamar. Njupuk
laptopku lan wiwit njelajah internet.
"pesen opo iki mba?" Takon pelayan sing
kadhangkala muncul ing meja.
"Arabika, mengke kulo pesen jajanan e tiyambak,"
jawabku.
"Oke, pesenan e njenengan mengke kulo terke
mba, sekedap," ujare pelayanAku bali karo aktivitas sadurunge lan wiwit
nggoleki kabar panas liyane sing bakal becik kanggo maca. Nanging, aku ora
nemokake apa-apa sing menarik nganti akhire aku bosen. Mungkin iki amarga aku
dhewe ing meja iki. Nganti sakcepete sesampune pelayan kasebut teka karo
pesenanku karo wong galak karo rambut pirang dawa ing endhas dheweke ora bener.
"Aku oleh gabung?" Wong takon karo pelayan
sing manggonke sandi.
"Muga-muga," amarga sawetara alasan aku
ngomong, refleks, aku mikir amarga dheweke bagus, aku seneng.
"Robusta karo donut durian, bro," ujare
priya pelayan.
"Oke, pesenanne mengke kulo terke nggih mas,"
wangsulane pelayan.
Pelayan bali, ninggalake aku karo wong liyo sing
banjur aku ngerti asmane yaiku Doni. Mung sawetara tembung sing diterbitake
nanging aku wis nyimpulake yen dheweke iku wong sing ramah. Cara ngomong uga
menarik, intonasi iku apik. Dheweke wong apik, aku seneng.
Wektu wis arep nyedaki sore, wes tak roso iki
wektune kanggo aku ngomong pamit kanggo mulih. Doni mung nganggukke sirahe
tandha ijin. Sanajan aku pancene pengin supaya dheweke bisa nahan aku,
sethithik ninggalake kesan yen dheweke ora pengin aku ninggalake kanthi cepet.
Nanging dheweke ora nglakoni, aku langsung metu saka cafe. Nganti aku kesengsem
nalika tanganku sing arep narik gagang lawang ditahan dening wong.
"Ayo bareng aku bae," ngendikane Doni.
Ah, rasane kaya ing wektu aku pengin nguwuh kanthi
seneng. Mung siji kalimat nanging atiku kanggo mburi donya. Ing motor, Doni
kapandeng beda dadi akeh omongan lan nalika iku aku ngerti yen aku tresna.
Motor doni teka ing omahku jam lima
sore. Panjenenganipun ngandika pamit lan cepet-cepet lunga. Dheweke lunga
kanthi jawaban akeh pitakonan sing ana ing sirahku yen aku ora duwe wektu
kanggo metu. Kajaba kanggo nomer seluler sing ditinggalake, sawijining tandha
yen bakal ana rapat liyane.
Mesthi wae, patemon ngajak aku menyang rapat
sabanjure karo Doni. Nggawe raosku uga. Aku seneng, yen mung patemon pisanan
tau kedadean, aku ora bakal seneng.
Ing dina liyane aku luwih cedhak karo hubungan Doni.
Sasi sawise rapat, Doni lan aku resmi mbentuk hubungan istimewa. Aku ngerti
akeh babagan dheweke kaya pakulinan nglebokake siji tangane ing cangkir kopi
minangka tandha yen dheweke mikir.
Saben wengi Minggu kita tansah njupuk wektu kanggo
ketemu siji liyane. Unik saben-saben kita metu, tujuan kita mung cafe, cafe
sing padha ing ngendi wae kita ketemu. Ora ana bosen, amarga uwis tresna.
Nganti aku wiwit mangerteni yen rong sasi sawisé ngrampungake rambut Doni wis
dadi luwih tipis. Saben-saben aku takon jawaban ora serius.
"Iku salah nggunakake shampoo," wangsulane
Doni.
Aku ngerti dheweke wis ngapusi, aku ngerti ana apa
kang nyoba kanggo ndhelikake. Aneh, punapa mawon aku ora peduli. Sakwene aku
bisa terus karo dheweke, aku seneng. Prasaja, mung bisa ndeleng ing udan karo
dheweke, aku seneng.
Dino iku dino sebtu, patang sasi wiwit patemon
pisanan karo Doni, telung sasi wiwit dheweke pisanan nyatakake dheweke tresna
marang aku. Doni ngandika dina iku dheweke bakal milih aku kanggo cafe. Ora ana
perasaan aneh nganti aku weruh dheweke nganggo sirah mbuwang lan pasuryan pucet
ing ngarep omahku.
Dheweke mung nyuwun supaya aku cepet-cepet dikon
munggah ing motor. Aku ngerti tujuane, dheweke kepengin menyang cafe kanthi
cepet. Aku ora ngerti apa sing bener disimpen. Kabeh Aku sumurup ing wayahe aku
tresna marang wong, kang ora bakal ilang, ora pengin wong kanggo pindhah, bodho
aku banjur.
Iku peteng liwat, wayah iku howone adem banget ing
cafe ditambah hawa kadhemen ngetik balung. Pendhaftaran raos tambah akeh. Doni
milih meja ing tengah kafe, ora ing pojok kaya biasane. Sikapé luwih tuwa,
lambéné rada kecut. Siji jam liwati, kabeh kita nindakake terus tangan kanggo
dangu, wayah iku rasane kaya wedi kelangan. Kafe iku padhet banget, nanging
tentrem tanpa swara ing kabeh. Aku ora krungu apa-apa, kabeh wis sepi. Nganti
obrolan sing keprungu ing kupingku.
"Yen ana tambahan, sampeyan bisa menyang kasir,
bro ..."
"Cepet-cepet!" Wong mau ngagetake ing
pelayan.
Aku kaget, nanging aku ora nglilani. Wong lungguh
ing pojok cafe. Sawise njerit aku weruh dheweke nangis, aku ora ngerti. Kabeh
cafe nyawang dheweke. Nanging ora ana sing wani nyenengake, dakpikir dewek e
rodo gendeng.
"Uhuukk ..." Doni watuk.
Aku weruh getih watuk. Aku kuwatir, aku njupuk
dheweke menyang rumah sakit tanpa mikir. Rasane ng atiku rakepenak, aku wedi,
aku kuwatir. Ing dalan menyang rumah sakit dheweke ora duwe sadar. Mung eseman
sing ayu sing dirilis sadurunge ora sadar. "Sampeyan bisa lunga,"
mung ukara kasebut sadurunge ditutup.
Rawuh ing rumah sakit, apa sing ditindakake yaiku
nyenengake. Ora suwe sawise dhokter ngandika yen Doni mati, yen nalika iku aku
ngerti yen kabeh wektu iki dheweke wis ndhelikake kanker otak saka aku. Aku
lemes, nangis sajrone kayekten. Ayo dumadakan, pindhah tanpa cues. Sampeyan
lagi mbeling Doni.
Nganti saiki aku mung bisa nangis. Wonten ing cafe
Sudur, ing pundi kita kepanggih. Panggonan pisanan kita kenal. Saiki aku mung
ngenteni pelayan kanggo ngirim pesenku sing uga dadi menu favoritmu. Yen
sampeyan mung ana kene.
Aku sesambat ing meja nganti pelayan teka karo
pesenan lan wong nggantheng aku ora bener supaya.
"Aku arep linggih?" Wong takon kula
minangka pelayan diselehake dhawuh ing meja.
Pelayan wis nempatake pesananku, pasuryane isih
wedi. Kuwatir aku bali ing emosi. Wong takon maneh. Aku ora njawab, kabeh aku
wis sijine salah siji saka telung tanganku ing cangkir kopi.
______________________________________________________________________
Muncak Ing Lawu
Dening :
Bayu Syahrul Hidayat (12)
Perkenalke jenengku Juna siswa kelas 3 sing saiki sekolah
ning SMK. Nalika mamperingati dina kamardikaan Indonesia sing ke 73, aku lan
kanca-kancaku Julia, Agus, Septina, Okta, Novendra pengen muncak ning gunung
Lawu sing duwur e 3.265 saka duwur permukaan laut.
Bocah lima iku katon wis siap-siap nata barang-barang e dewe
kanggo muncak ket seminggu sakdurunge. Aku mung nyiapke keperluan sing penting
digawa kaya sleeping bag, tas, panganan cilik, banyu ngombe, jaket, sarung
tangan, sepatu, masker, lan obat-obatan.
Dina Jumat iku pas dina Kamardikaan Indonesia wis pada kumpul
ning ngarep sekolah jam sewelasan budal numpak motor goncengan. Saka Ngawi
budal ning Karanganyar Jawa Tengah. Nalika wektune jam setengah rolas,
bocah-bocah pada leren kanggo salat jumat ning terminal Maospati, sakbanjure
Salat Jumat iku lanjutne perjalanan ngelewat kutho Magetan arah ning Sarangan.
Sakwise tekan daerah Sarangan motor e Novendra ban e bocor
garai perjalanan terganggu, Agus banjur munggah ning duwur menawa ana tukang
tambal ban. Alhamdulliah ana tukang tambal ban motor sing buka ing sisih dalan
e Sarangan. Bocah pada nunggu ning kono karo foto-foto ning sekitar e dalan amerga suasana karo pemandangan sing
katon anyep lan menakke mripat ngingeti. Ora krasa jam 3 wis bar nambal neban
motor e Novendra, kabeh pada nglanjutake perjalanan ning Tawangmangu,
Karanganyar. Setengah jam kepungkur aku lan rombongan teko ning pos pendakian
Cemorokandang ing Tawangmangu, Karanganyar.
Jam 4 pas tekan pos pendakian Cemorokandang, pada parkirake
motor ing sisih etane pos pendakian. Nalika iku wektune wis Asar banjur Salat
Asar pisan ing mushola pos pendakian. Septina karo Okta ora melu Salat merga
enek halangan.
Sakwise iku Agus daftaraeke rombonganku sing cacahe ana 6
wong sing nate muncak ning Lawu, Agus pisan dadi ketua rombangan muncak.
Sakbare daftarke rombongan wayah e ngisi wetheng nggo sega kang digowo saka
omah dewe-dewe. Persiapan barang-barang dingo siji-siji, ora lali sakdurunge
budal diwiwiti kanthi maca dedonga marang Gusti kang Paring Kaselametan
muga-muga perjalanane lancer.
Jam setengah lima pada banjur budal ndaki lewat pos
Cemorokandang. Hawa adem uga bledung tansah gawe irung deleleran umbel,
sakdurunge pos 1 pancen dalan e iseh penak di daki amerga dalan sing diwenehi
kaya tangga kayu. Alas-alase uga katon ijo lan endah disawang nalika jedul
utawa delepe srengenge.
Tekan pos siji kanca-kanca wis katon kademen kaya Julia,
Septi, karo Okta, ya amerga srengenge ameh dele ping papane. Sakbare mari leren
ning pos siji aku banjur dadi pemimpin ning ngarep rombongan wayahe wis wengi
dalan ne saya angel dilewati sering Novendra kepleset merga kurang kenceng
bocekan nglewati dalan munggah.
Urung ana sing lara nganti tekan pos 2, merga hawane saya
adem lan petheng aku lan rombongan mutusake nginep ning pos 2 ning jero shelter utawa omah-omahan kang digae
kanggo nginep para pendaki. Ing pos 2 uga akeh pendaki-pendaki sing leren ning
kana. Ing shelter iku pada leren karo Salat
amerga ora ana banyu kanca- kanca pada tayamum sakdurunge salat. Jam 8
kabeh pada mruput turu ben isa tangi jam 2, kabeh turu ana sleeping bag karo
rangkepan jaket lan kemul supaya anget ning badan.
Jam 2 alarm pada muni Julia ketok sik dewe tangi nyepakne
panganan kanggo neruske perjalanan. Aku ya nyiapke wedhang kaya susu, kopi
tambah roti kanggo nambah energi perjalanan. Kabeh tak tangekne supaya gelem
tangi Agus karo Novendra paling angel ditangekke, tapi gelem tangi merga luwe.
Karo nunggu banyune umop kanca-kanca pada gawe tulisan kanggo kancane sing
ditinggal muncak ora lali maneka ucapkan-ucapan uga wis dicepakke ket saka
omah. Sakmarine wedhange wis dadi pada ngombe lan mangan secukupe kanggo ngisi
tenaga. Ngresiki nggon shelter sakdurunge ditinggalke ora luput siji sampah
ketinggal amerga kebersihan lingkungan iku ya penting dijaga supaya alam tetep
endah lan ora rusak.
Jam 3 isuk kabeh pada budal nerusake perjalanan ning pos 3,
jarak pos 3 iku paling adoh uga medan dakian ya pancen angel. Julia sambat
sirah e mumet lan wetenge loro, sedilut-sedilut leren merga mesakne Julia sing
loro. Tas e Julia digawa Agus lan Julia dituntun Septina. Aku lan rombongan wis
awit bingung pos 3 jarak e jik adoh. Mergo Julia jik kuat lan jik iso mlaku,
Julia tetep meksa munggah karo di tuntun Septina.
Alhamdulillah ana pos bayangan la nana siji shelter sing iso
dingo kanggo nglerenke Julia sing wis gak kuat neruske Perjalanan. Septina Okta
nambani Julia karo obat-obatan sak anane. Setengah jam kepungkur Julia wis
gelem mari sakwise diobati. Sakdurunge neuske perjalanan maneh kabeh Salat
Subuh dhisik merga wektune gung padhang.
Srengenge alon-alon jedul saka sisih kulon gunung Lawu, pas
wektu iku apik-apike pemandangan kanggo foto-foto. Okta sing paling seneng foto
ngakon ngefotoke dek e. Saka kulone gunung Lawu ketok genah Provinsi Jawa
Tengah, kautamanan Kabupaten Karanganyar, Sragen, lan Wonogiri. Alas, sawah,
omah-omah, kali, dalan gedhe kabeh katon cilik nambahi rasa syukur marang Gusti
kang paring Kaendahan.
Wayah isuk nambahi semangat kabeh kanaca-kancaku nerusake
muncak ing Lawu, sedilut-dilut ora luput foto ning nggon sing sekirane apik.
Ora krasa wis tekan pos 3 nggon e pancen rame tenan nganti ora ana nggon kanggo
leren. Leren mung kanggo mangan roti lan ngombe, sakbanjure iku pada lanjutne
perjalanan ning pos 4. Awit dalan saka pos 3 nganti pos 4 dalan e saya munggah
lan terjal, alas e ganti buka, sabana utawa nggon suket-suket liar kang jembar,
langit e katon padhang jinglang nanging ora krasa panas amerga saya duwur ning
puncak gunung.
Pos 4 kondisine jembar akeh suket lan kaya lapangan sisih
kiwa tengene sabana lan pemandangan sing katon apik. Septina karo Agus katon
kesel banget nganti keturon ning pos 4 sejam, nalika iku aku Okta Novendra
Julia foto ning sisih etane pos 4 sing apik banget kanggo foto. Sakwise Septina
karo Agus wis tangi nerusake perjalanan ning pos 5.
Perjalanan ning pos 5 dalanne saya penak sabana saya akeh
bukit-bukit sakitar Lawu katon genah nambahi endah gunung Lawu, Puncak gunung
Lawu Hargo Dumilah uga wis ketok genah. Sabana ning gunung Lawu pas wektu iku
katon garing mergo musim tiga, malah kaya sabana ing Afrika. Rawan banget
nalika tiga kedadean kobongan ning gunung Lawu merga pendaki ninggal geni gak
dipeteni sakdurunge ditinggal.
Akhire teko pos 5 yen nek disawang pos 5 ora kaya pos ora ana
shelter e, among pertigaan kulon arah Cemorokandang, etan arah Cemorosewu, lan
ngidul arah Hargo Dumilah puncak paling duwur gunung Lawu. Amerga aku wis gak
kuat ngempet luwe kanca-kanca akhire lurus ning arah Hargo Dalem tuku sega ning
warunge Mbok Yem. Ing daerah iku pancen akeh omah-omahan sing dodol panganan
kayata sego, banyu, jajanan, wedhang, uga ana sing nginep ning kono. Senajan
regane luwih larang saka panganan ning isor, tetapi iso bantu para pendaki sing
wis keentekan panganan lan ngombe.
Jam 4 sore sakwise leren nggone warunge Mbok Yem, aku lan
kanca-kanca nerusake perjalanan ning Hargo Dumilah. Dalane pancen terjal akeh
watu lan wit-wit cilik nutupi dalan.
Kabeh seneng banget nalika wis teko pucuking gunung lawu kang
duwur e 3.265 mdpl. Rasa kesel dadi ilang sedilut, nyawang sakitaranne gunung
lawu kabeh pancen endah tenan. Senajan angin ngebut banter e, garai tambah
adem. Nyawang sisih kulone Lawu ketok gunung Merapi, Merbabu, Sumbing, Sindara,
Andong, Telamaya ing Jawa Tengah. Ing sisih etan ana gunung Wilis.
Syukur marang Gusti Kang Paring Cipta Endah Alam, nambahi
rasa syukur karo Sing Gawe Urip, tambah tresna marang lingkungan sak kabehanne.
Kabeh iku tanda-tanda kekuasaanne Gusti kang Maha Kuasa, nyiptaake alam kang
kudu dijaga lestarine.
Ora lali foto ning tugu Lawu, terus motoke tulisan lan ucapan
sing digawe tekan omah. Sakwise marem foto rombonganku banjur mudun lan nginep
ning Sendang Derajad sisih kidul Hargo Dalem, nggone lumayan penak merga angina
e gak banter, uga cedak sumber mata air senajan asat nggonne. Sewengi iku
ngedekne tenda lan turu ning kana.
Mruput isuk kanca-kanca pada tangi beresi barang-barang lan
ngresiki sekitare tenda saka sampah. Jam 7 budal mudun lewat jalur Cemorosewu,
dalanne Cemorosewu pancen penak ditata karo watu-watu alam kaya tangga. Saben
pos ana wong dodol panganan dadi ora susah pendaki sing lewat Cemorosewu nalika
keentekan panganan. Mudun lewat Cemorosewu ora krasa kesel e nanging ya kudu ati-ati
ben gak tiba. Tekan pos Cemorosewu jam 11 awan, aku lan kanca-kanca banjur
seneng banget nalika wis tekan kene nganti selamet ora ana halangan
sakkabehanne. Telung dina ning gunung Lawu rasane pancen ayem tenan, ngelingake
wong urip nek kepingin nggayuh cita-citane kudu gelem rekasa ning mburine,
kabeh nggo usaha lan dedonga supaya iso klakon pangarepe urip. Mari iku menyang
pos Cemorokandang jipuk motor lan mulih ning omah e dewe-dewe.
______________________________________________________________________
Helm
Ilang
Dening : Bonnaventura Dicky F.P (13)
Dino
iku aku mulih sekolah, aku semangat utowo aku arep mlayu mlayu karo konco
konco. Tekan omah aku banjur salin lan mangan sitik ben ora lemes. Jam 4 sore
aku wis siap metu saka omah nganggo klambi lan katok khusus nggo mlayu mlayu,
ora lali sepatu tak tali disikan supoyo ora kesrimpet
Bar
iku kancaku marani aku marang omah, terus aku budal lan lali pamit marang wong
tuo sik amarga aku kesusu susu selak sore. Bar iku aku tekan ing arena mlayu,
aku langsung pemanasan lan siap siap mlayu, 12 menit aku mlayu lan fokus ing
dalan. Sak wis e 12 menit aku mandek lan ndelok hp,.
Amarga
aku diajak omong omongan kancaku, aku ora fokus ing endi endi. Suwi suwi
kancanku ngajak marani bocah bocah liyo sing ono ning kono, bocah bocah kui
podo dolanan bal balan ing lapangan, aku lan kancaku banjur kepengen melu
dolanan bal balan iku, lumayan karo golek keringet.
Aku
banjur matur ing bocah bocah sing balbalan amarga arep melu, banjur bar kui aku
ora fokus ing endi endi amarga asik balbalan lan golek keringet sore sore iku,
bocah bocah mau sak durunge ora kenal karo aku lan kancaku, bar kui podo
kenalan siji siji, ben supoyo akrab karo konco anyar iku.
Sak
wis e balbalan aku leren karo cerito cerito yen aku gawene mlayu mlayu ing
panggon iki. Ndelok hp wis jam setengah 6 sore, aku cepet cepet mulih amarga
sesok sekolah engko bengi sinau. Aku moro ing motor sing tak parkir, tapi aku
kaget pas aku ndelok ing motor helm ku ora ana, padahal sak urunge aku ndeleh
helm kui ing spion motor.
Aku
bingung amarga helm iku helm sing tak tuku kanggo duit tabunganku sing tak
klumpuake suwi, lan aku wedi di seneni karo wong tuo ku. Akhire aku tekon ing
satpam sing jogo kono, aku banjur njaluk rekaman cctv tapi satpam ng kono ora
iso ngewehi aku video iku. Padahal nek ana bukti video minimal aku iso goleki
ciri cirine pelaku iku.
Aku
pasrah amarga ora ana bukti kuat sopo sing nyolong helmku iku, akhire aku
njaluk tulung ing petugas e kono nek menowo kerjo sing maksimal, supoyo helm
sing parkir ng kono ora kelangan meneh.
Bar
iku aku mulih lan nyeritaake kejadian iku ing wong tuoku, aku wis mgiro nek aku
mesti diseneni pas teko omah, tapi tibaake wong tuoku amung nyeramahi lan
meseni aku, yen nek nduwe barang dijogo sing tenanan, amarga ora kabeh wong
nduwe barang sing awake dewe nduweni, lan ojo lali nganggo bersyukur
Akhire
aku banjur iklhas ake helm sing ilang mau lan intropeksi kejadian sing wis kelewat
mau supoyo iso dadi pelajaran ku nggo dino dino mengarep meneh supoyo iso luwih
ati ati jogo barang, amarga sak murah murah barang mboh opo wae bentuke kui
kudu dijogo
Bar
iku banjur adus lan sinau amarga sesok sekolah..
______________________________________________________________________
Saingan Kudu sing Sehat
Dening: Choirul Wahyu Pratama (14)
Wiwit cilik paijo lan jono wis dadi konco. Sekolah wiwit sd nganti mlebu sma iki mesti
bareng. opo meneh nek balbalan, cah loro iki yo melu sekolah balbalan sing enek
ing desane. Maklum nek cah loro iku seneng balbalan amarga Paijo lan jono urip
ng desa sing dikenal desa balbalan, jane jeneng desane iku Sumber Harjo, nanging
enek sing menehi julukan desa balbalan, amarga saka desa iki akeh sing dadi
pemain balbalan nasional. Sebab iku cah loro mau melu sekolah balbalan, amarga
deweke pingin dadi pemain balbalan sing sukses, lan iso nggowo timnas Indonesia
melbu piala dunia.
Saben sore bar mulih sekolah, paijo lan jono latihan balbalan. Deweke
latihan balbalan ng sekolah balbalan nggene bapak e Aldo. Aldo iku yo isish
konco sak kelas, ananging dewek e ora seneng karo paijo lan jono amarga deweke
nganggep nek cah loro saingane ng tim. Aldo pingin dadi pemain sing paling di
andalne dewe, ora ono wong sing oleh ngluwihi deweke, pokok e deweke sing apik dewe
ing tim.
Srengenge isik panas ing Sore iki, bakal
ono seleksi pemain ngge turnamen tingkat kabupaten, sak durunge wiwit seleksi
kabeh pemain podo pemanasan ng pinggir lapangan.
Pelatih :” cah.. Paijo lan Jono ng ndi yo? Kok Gung teko.”
“mboten ngertos pak. Triose wau nggih saget nderek seleksi kok pak.”
Jawab Dani.
“ halah pak, paling cah iku paling kesel balbalan pak, deweke karo akku
sek apik aku pak, ra enk apa-apane karo aku.” Saut Aldo
“husss… gak apik ngonowi, ojo sombong sek do.” Dani
Paijo lan Jono teko
“Sepuntene pak, kulo kalih jono telat. Wau ban sepeda kulo bocor. Dadi
kulo tuntun sepedahe.” Paijo
“nggih pak sepuntene nggih pak” tambah jono
“halah… alesan. Ngeneki gak patut dicontoh. Nek pingin dadi pemain
professional kudu disiplin, wayahe latihan yo teko tepat waktu, ora telat..”
Aldo
“iyo Do, nggarai ki kene keno musibah ban bocor barang, dadi rodo
telat.” Jono
“ yow is gak popo, lain wektu ojo diulangi mneh yo le, paijo lan jono.
Ileng nek pingin sukses dadi opo wae hargai wektu, disiplin. Ok” pesene
pelatih.
Sak wis e pemanasan pelatih
langsung mbagi pemaine dadi loro tim, kangge nyeleksi sopo wae sing pantes
digowo ng turnamen kabupaten. Paijo lan Jono melbu tim rompi ijo, lan deweke
cah loro musuh Aldo sing kalebu tim rompi abang.
Sak durunge main pelatih ngandani nek main e kudu sing apik, tokne kabeh
kemampuane nek pingin kepilih melu turnamen kabupaten, sak liyane iku kudu iso
jaga emosi, ojo enek gelutan nek ing balbalan.
Pak pelatih wis nyumprit, tandane pertandingan wis awit, kabeh pemain
main semangat sore iki, kabeh nduwe tujuan kudu iso kepilih ing tim kangge
turnamen. Opo memneh paijo lan jono, semangate cah loro mau soyo duwur banget.
Cah loro mau nampilne permainan sing apik, umpan-umpan cendek e cah loro mau
nggarai mumet musuhe. asile paijo ngegolne soko umpan soko jono. Ora suwe
gentian jono ngegolne, tim ijo sementara unggul 2-0 soko tim abang. Aldo ora
trimo nek mengko tim e kalah, deweke main luwih semangat nanging karo emosi
pingin ndang iso ngalahne tim musuh.
Aldo nggiring bal mlayu moro ng gawang lawan, deweke nggiring dewe, ora
di operne kancane, moro-moro paijo soko samping ngrebut bal siko Aldo, Aldo ora
trimo. Paijo Di uber Aldo. Ngerti paijo mlayune soyo banter tur Aldo ws rdo
mangkel, dewek e nyrekel Paijo soko mburi. Paijo tibo, sikile loro kenek
srekele Aldo. Aldo seneng, amarga saingane bakal kurang.
Ngerti paijo loro, jono langsung marani paijo, di ewangi kancane jono
mbopong paijo ing pinggir lapangan. Paijo langsung ditangani pelatih.
“paijo koyok e ora iso melu ng turnamen, amarga sikile cedera. Kudu
ditambani sek nganti mari, ora oleh balbalan nek during mari.” Jarene pak
pelatih
“Alhamdulillah… Dadi aku sing bakal makili ng turnamen kabupaten.” Aldo
“karepmu piye?... sak penakmu nek ngomong, gelut ye… ?? ngerti kancane
loro malah seneng, kudune awakmu njaluk ngapuro wis marai Paijo cedera. Ogak
malah seneng ngeneki.” Saut Jono
“ayo, mbuk kiro aku gak wani po piye..” jawab Aldo
“wooo…. Nantang bocah iki” Jono
“ wis wis…. Ojo gelut. Aldo iling omonganku iki, saingan opo wae iku
oleh nanging saingan e yo nganggo cara sing becik, ojo
nganggo cara sing curang. Opo meneh karo kancane dewe ngeneki.”
“ Lha pripun melih pak, nek mboten ngangge cara niku jelas kulo kalah
pak, kulo bakal gak kepilih maengke.” Jawab Aldo
“Nek awakmu pingin kepilih yo latihano sing giat, tenanan, ojo pesimis
disek. Lek awakmu tenana lek latian awakmu bakal entuk asil sing mbuk karepne.”
Pelatih
“lha iyo, kudu latian sing giat, ora malah nganggo cara curang sampek
marai kancane cedera.” Jono
“Iyo Iyo….. Sepurane yo paijo, aku wis nggarai awakmu cedera ngeneki.”Aldo
“Yow is neh… tarah yow is takdirku kok e, gak opo opo, sek enek wektu
lan turnamen liyane.” Jawab Paijo
Akhire Aldo ngakoni kesalahane lan njaluk ngapuro ng paijo lan kabeh kancane.
Kabeh kancane maafne Aldo. Lan sak teruse kabeh pemain terus latian kanggo
persiapan turnamen kabupaten sing awite 2 wulan ngkas. Paijo ora iso melu
amarga sek cedera lan Cuma iso ndelok jono, Aldo lan kancane main ng turnamen.
______________________________________________________________________
Kelinci lan Dukun Kewan
Dening
: Dede Sumarsono (15)
Ing salah sawijinig
desa ana ing bumi iki, kala mbiyen ana kewan kelinci lan dukun kewan. Dukun
kewan iki gawene percobaan sing aneh kang ngelibataken kewan kelinci. Percobaan
e dukun iki nyeleneh. Lan setengah populasi kelinci ing pulau iku entek. Dukun
sihir iki ngerakit bahan saka buku sepuh kuno kanggo nggawe kelinci bisa
ngomong lan mikir kayata ka manungsa. Ing sawijing percobaan, ana kelinci sing
jenenge Kucil dadi praktek percobaanne. Kucil iki di tetesi embun saka
godokanne ramuan dukun sihir iku. Lajeng awake Kucil iki kejang kejang lan
denyut nadine ilang. Ngerti mangkono kelinci ikut banjur diguwak dikira
pengcobaanne gagal.
Nanging saminggu saterus e kelinci iki tangi lan kaget amarga ingatane terakhir kwi ndek e mati mergo dukun e netes ake ramuan iku. Banjur Kucil iki bali ing kampung asal e.
“Loh, kok ono dukun kewan ning kene…wah wah…kudu ati ati iki aku” Gunemane Kucil ing ngguri sesuketan.
Dukun kewan ing kunu nangkepi para kelinci nggo barang percobaane meneh. Salah sijine sing kecekel yaiku Tubi, dulur e Kucil. Ngerti kayata ka mangkunu, awak e Kucil gemeter lan pengen nyelametake Tubi iku. Ananging kepiye meneh. Kucil cuman kelinci cilik, beda karo dukun e kwi sing duwur e kaya tower lan gedhe awake kaya kapal.
Banjur Kucil iki mbuntuti dukun sihir iku lan ndedep.ing nggurine. Ing tengah ing ndalan dukun sihir iki mandek lan mbeleh 1 kelinci ne iku nggo dipangan.
“Luwene rek wetengku, penak e mbeleh kelincine siji ae…Kyok e enak ki yen dipanggang.” Ujar e Dukun Sihir iku.
Ngerti mangkono kelinci iki mikir. “Wah, bahaya iki, dukun e kate manggang kanca kanca ku, duh pye ki nyelametkene.” Ning pikirane kelinci iku.
Lajeng sakdurung e mbeleh salah sawijining kelinci dukun iki nggolek nggon ing cedak e kali lan mubeng ngiteri sekitar nggo golek bumbu sing sedep nggo kelinci panggange. Kesempatan emas iki dimanfaat ke karo Kucil nggo mbukak kandang kurungane kanca kancane iku.
“Duh, kok dikunci kyo ngene neh, pye ki mbukak e.” Jare Kucil.
“Iki ra iso mbok bukak
nggo tangan kosong Cil, nggolek o kuncine ning pinggang e dukun sihir kwi. Ndek
mau dicantolke ing pinggang e sebelah kiwo” Jarene Tubi.
“Woo, iyo, suwun, tak golek ane, enteni sek ya.”Jare Kucil.
Banjur Tubi ndemek tangane Kucil nggo ngendekke Kucil
“Wis Cel, gak usah mbok repot repot ngetokke, iki wis nasib e awake dewe. Mending we urip o sing tentrem ing desa liyane.”Jare Tubi.
“Gak iso, pokok e percoyo o ae aku iso nyelametke awakmu kabeh.” Banjur Kucil langsung ngalih lan nggolek i dukun sihir iku.
Rodok suwe yen Kucil nggolek i akhire temu penyihir e. Ing kunu kelincine katon ati ati lan ndendep ing nggurine dukun iku. Kelinci iku nggolek i lengah e dukun iku. Pas dukun iku ngumbah peso ing pinggir kali kelinci iku banjur nyedak i lan njukuk kunci ne iku saka dukun sihir katon alon alon kaya angina sumilir. Nanging amargo dukun iku ngerasa ana sing aneh, dukun iku banjur nglinguk mara ngguri lan kaget ana kelinci sing nyekel kuncine.
Banjur dukun iku
ngetokke clurit e kate mbacok kelincine iku. Nanging didisiki karo Kucil. Kucil
sing ya mergo pada kaget e langsung nendang dukun iku nyemplung ing kali.
Lajeng mlayu sak cepet cepet e ing kurungane kancane lan mbukak kandange.
Nanging saka ngguri dukun iku cepet cepet nenteng klambi ne sing teles karo
mlayu nggowo clurit ing tangane. Krungu suara mblayune dukun kwi marai Kucil
soyo ngewel lan keder tangane kate mbukak kurungane.
Let 10 meter ko dukun sihir iku kandang e kasil dibukak lan Kucil karo liyane mblayu dewe dewe. Ananging sing digodak penyihir iku cuman 1. Yaiku Kucil. Kucil sing mlayu bareng Tuban iku ditakoni.
“Cil, kok dukun e
nggodak awake dewe tok ya” Jarene Tubin karo mlayu.
“Iku mergo aku sing
kasil dadi bahan percobakane Bin, we mlayu o ning lain arah”
“Ora iso cil, aku gak
iso ninggalke kwe sing wis nulung aku” jare Tubin.
“Lah, wes to percoyo o
neng aku, aku iki bedo soko sakdurung e” Jare Kucil.
Bnajur Tubin mlayu ing arah liyo terus Kucil moro ing daerah sing di ngerteni ndek ne. Dukun iku ijek ngetuti Kucil. Nanging dukun iku gak ngerti yen tibakke kate dijebak karo Kucil. Terus Kucil mlayu ing nduwure ranting kangan ngambang ng nduwur e lumpur hisab. Amarga dukun iku fokus e neng kucil tok sampek ra ngigeti yen ana genangane lumpur hisab e iku. Lajeng dukun iku kecemplung ing lumpur hisab lan ra iso ngobahke sikile. Terus Kucil mbalek ndelok dukun kwi.
“Kapok a awakmu nggawe percobakan neng bangsane kelinci he..?”Jare Kucil.
“Tibak ne kwe to
percobaanku sing berhasil” Jare dukun e.
“Haha, iyo. Nyapo
emange..?”
“We bakalan tak cekel
sok mben”Jare dukun e karo mesem.
Lajeng dukun iku moco mantra lan muncul manuk gagak sing
akeh ngulur ke tali neng dukun iku banjur ngunu metu. Kelinci sing wedi amargo
ana kerumunan manuk gagak sing teko lan dukun iku metu sitik sitik saka pasih
hisab iku mlayu katon cepet nganti ra ketok parane neng ndi.
Sakdurunge acara nikahane Riska diawiti, Riska lan bapake lagi omong-omongan ing kursi ngarep omah karo nyawang karepotane wong wong kanggo nyiapke acara jam 2 mengko.
“Bapak… toya sekar ing gelas iki kagem napa ta, Pak?,” pitakone Riska ing Bapake.
“Ublik ing cedhak maeman niku nggih kagem napa ta,pak bapak. Kok ana-ana wae”,omonge Riska banjur ngadek mlaku ngalih amarga ditimbali mbak-mbak sing arep ndandani Riska kanggo temu manten mengko.
Ora keri, mesthi yen ana wong nduwe gawe ngeneki mesthi uga akeh sejenis aturan-aturan lah sing biasane kudu dilakoni sakdurunge nduwe gawe, kayata conto sakdurunge mantu iku ana acara tua-tuaan, ing kono iku mengko digoleki cocok orane pasarane sakkan keturunane. Ruwetlah..
“Mbak…kula badhe nyuwun pirsa, pareng?”, pitakone Riska.
Saiki mancik jam 1 awan. Ujuk-ujuk kahanane langit wis ora cerah kaya mau. Langite sing warnane biru, malah ana awan-awan sing rupane abu-abu. Angine sing awale semribit sansaya banter. Ora seger maneh nanging nambahi ademe awak. Ing njero omah Riska iseh dirias karo mbak Desi.
“Lho…mbak kok hawane sansaya adem ya?”, omonge Riska.
Saya suwe kahanane wis ora kepenak. Mendunge sansaya ireng padha mlumpuk. Firasate Riska ora kepenak. Bapake Riska uga bingung. Padahal sakdurunge, Bapake Riska wis ngundang tukang tambak udan kanggo nambak udan nalika ing acara nikahane Riska dina iki. Nanging Bapake heran, kena ngopo kok malih dadi medung kaya ngene. Banjur bapake Riska takon menyang tukang tambak udane.
“Mbah… lak panjenengan mpun nambak udane ta?”, pitakone Bapake Riska.
Banjur mbah tukang tambak udan iku.nyekeli plastik kresek sing diisi mbuh apa. Banjur mbah-mbah iku tutuke komat-kamit kaya maca apa ngono. Banjur plastik kresek iku diuncalke menyang ndhuwur gendheng omahe Riska. Sakbare iku, mendunge padha mencar. Ananging angine sansaya banter. Wit-witane ana sing nganti montang-manting. Godhong-godhongan garing uga godhong sing isih enom yo padha melu mobat-mabit ngrontoki digawa angin. Ujuk-ujuk…MAAKKK BROOKKKKK!!!! Suara terop ambruk. Kahanan saya kacau.
“Lho… ana apa kae?”
Kaya ngono iku suarane wong-wong sing lagi rerewang nandangi gawean ing njero omah. Banjur padha metu ndelok kahanan ing njobo. Padha rame-rame ing njobo.
Saiki angine wis mandhek. Mendunge sithik-sithik wis saya buyar medhot dhewe-dhewe. Ing kursi ngarep omah Riska netes eluhe bingung nyawang kahanan sing kaya ngene iku mau.
Kelulusan
____________________________________________________________________
Terop Ambruk
Dening
: Devita Ramadhani (16)
Cuaca dina iki cerah. Langite katon warna biru. Angine
semribit nambahi rasa seger ing wayah awan iki. Manuk-manuk padha miber
bebarengan ngalor ngidul. Kahanan ing desa pancen mbungahke. Opo maneh nalika
wayah kaya ngene iki, kahanane jan kepenak. Oyo... iki uga wayah wong mantu.
Ora gur wong siji. Panggah saben desa mesthi ana wong mantu. Dina iki mengko
ana wong mantu. Mantene jenenge Riska lan Reza. Kaluwargane Riska iku terkenal
kuat banget adat jawane. Saben kagiyatan sing ditandangi mesthi ana
bumbu-bumbune adat jawa. Ananging beda karo Riska, dheweke iku beda karo
kaluwargane. Dheweke ora seneng yen ana gegayutane karo adat jawa sing kadang
ana sing ora pasti bener opo orane. Dheweke luwih percaya ing agamane,
sunah-sunahe sing diajarake Rasul.
Sakdurunge acara nikahane Riska diawiti, Riska lan bapake lagi omong-omongan ing kursi ngarep omah karo nyawang karepotane wong wong kanggo nyiapke acara jam 2 mengko.
“Bapak… toya sekar ing gelas iki kagem napa ta, Pak?,” pitakone Riska ing Bapake.
“Banyu iku ana
dongane.”, jawabe Bapake Riska.
“Donga kok ngagem toya
kembang to,Pak.”, Riska heran.
“Lha banjur, sekul,
wedang kopi, teh anget, gedhang kaliyan maeman ing meja iku kok ora pareng
dimaem niku pripun to pak maksute?”, pitakone Riska.
“Panganan sing ana ing
meja iku kabeh ki gawe nyepaki mbah-mbahmu sing uwis seda, Ris.”, saurane
Bapake Riska.
“Lha mosok ta,Bapak,
mbah mpun seda kok dicepaki maeman kaya ngono iku. Banjur pripun nek maem?”,
pitakone Riska sansaya heran.
“Ya… bapak percaya
wae,yen arwahe mbah bakal mrene. Amarga iku, ing omah iki disiapke maeman sing
disenengi mbah nalika iseh ana.”, jelase Bapake Riska.
“Lah…napa nggih wonten
ta Bapak. Kan mbah mpun seda. Kudune mbah niku dikirim dungo amrih diparingi
kahanan sing sae ing alam kono.”, pituture Riska.
“Kowe ki ngerti apa ta
ndhuk-ndhuk. Lha wong kaya ngene iki lho, sing ngewei ngerti menyang bapak yo
mbah-mbahmu ndhisik. Kudune dadi anak iku kan yo manut pituture wong tuane.”,
jelase Bapak.
“Ublik ing cedhak maeman niku nggih kagem napa ta,pak bapak. Kok ana-ana wae”,omonge Riska banjur ngadek mlaku ngalih amarga ditimbali mbak-mbak sing arep ndandani Riska kanggo temu manten mengko.
Ora keri, mesthi yen ana wong nduwe gawe ngeneki mesthi uga akeh sejenis aturan-aturan lah sing biasane kudu dilakoni sakdurunge nduwe gawe, kayata conto sakdurunge mantu iku ana acara tua-tuaan, ing kono iku mengko digoleki cocok orane pasarane sakkan keturunane. Ruwetlah..
“Mbak…kula badhe nyuwun pirsa, pareng?”, pitakone Riska.
“Yo oleh to,Ris. Mosok
wong takon wae ora oleh.”, jawabe Mbak Desi, jenenge mbak-mbak sing ngrias
Riska.
“Mbak… panjenengan iku
kok saget ngrias manten kok mesthi apik iki rahasiane napa ta,Mbak?”, pitakone
Riska menyang Mbak Desi.
“Ya…ndhisik e aku
seneng cekel barang rias kaya ngeneki. Terus aku ya melu kursus rias. Banjur
tekan saiki aku wes iso ngrias dewe. Ananging ana salah siji hal sing penting
sing kudu tak lakoni sakdurunge ngrias manten,Ris.”, jelase Mbak Desi.
“Napa niku,Mbak?”, pitakone
Riska heran.
“Sakdurunge ngrias iki,
aku nglakoni tirakat, bisa uga arupa poso.”, jawabe Mbak Desi.
“Lha amarga
ngapa,Mbak?”, pitakone Riska maneh.
“Ya… aku diwarahi karo
panutanku. Yen sakdurunge ngrias manten ngeneki kudu tirakat dhisik amrih asile
iki apik.”, jelase Mbak Desi.
Saiki mancik jam 1 awan. Ujuk-ujuk kahanane langit wis ora cerah kaya mau. Langite sing warnane biru, malah ana awan-awan sing rupane abu-abu. Angine sing awale semribit sansaya banter. Ora seger maneh nanging nambahi ademe awak. Ing njero omah Riska iseh dirias karo mbak Desi.
“Lho…mbak kok hawane sansaya adem ya?”, omonge Riska.
“Iyo ya Ris…kok langite
uga akeh awane abu-abu padha mlumpuk. Kok kaya arep udan ya?”, omonge Mbak
Desi.
“Nggih lho,Mbak. Aku
dungo wae lah. Lha sejam maneh acarane wis diawiti.”, jawabe Riska.
“Kok ngene ya…
kaluwargamu mesthi ora lali babagan iki.”, tuture Mbak Desi.
“Kesupen napa
ta,Mbak?”, pitakone Riska penasaran.
“Kan biasane ya, yen
arep nduwe gawe kaya ngeneki mesthi sing nduwe omah ngutus wong liya utawa
dulure utawa sapa wae sing dipercayani nambak udan.”, jelase Mbak Desi.
“Nambak jawah niku
pripun ta, Mbak maksute?”, pitakone Riska penasaran.
“Nambak udan iku,
sejenis ritual kanggo nahan utawa ngalihno udan amrih ora repot yen nalika nduwe
gawe kaya ngene iki.”, jelase Mbak Desi.
“lha mosok ta, udan iso
ditahan?”, pitakone Riska heran.
“Lha pancen ngono
iku,Ris aturane mbah-mbah jaman mbiyen. Pancen diwuruki kaya ngono iku.”,
jelase Mbak Desi.
“Kok iso ngono ya,
Mbak. Kudune kan yen awake dhewe pengen diwenehi rasa aman lan sekabehane,
awake dhewe kudu dungo, nyuwune perlindungan iku menyang Gusti Allah.”, jawabe
Riska.
“Lah mbuh ora ngerti,
Ris. Pancen kaya ngono iku sing diwuruk ne saka mbah-mbah jaman mbiyen.”,
saurane Mbak Desi.
“Nah… wis bar Ris
dandane. Ndang ayo metu saka omah. Acarane wis arep diawiti.”, tuture Mbak Desi
menyang Riska.
Saya suwe kahanane wis ora kepenak. Mendunge sansaya ireng padha mlumpuk. Firasate Riska ora kepenak. Bapake Riska uga bingung. Padahal sakdurunge, Bapake Riska wis ngundang tukang tambak udan kanggo nambak udan nalika ing acara nikahane Riska dina iki. Nanging Bapake heran, kena ngopo kok malih dadi medung kaya ngene. Banjur bapake Riska takon menyang tukang tambak udane.
“Mbah… lak panjenengan mpun nambak udane ta?”, pitakone Bapake Riska.
“Uwis ki le…”, jawabe
mbah tukang tambak udan iku.
“Lha kok kaya ngene ta,
Mbah. Mendunge peteng. Angine uga sansaya banter.”, saurane Bapake Riska sing
katon saya bingung.
“Sek le… tak rampungne
dhisik.”, jawabe mbah tukang tambak udan.
Banjur mbah tukang tambak udan iku.nyekeli plastik kresek sing diisi mbuh apa. Banjur mbah-mbah iku tutuke komat-kamit kaya maca apa ngono. Banjur plastik kresek iku diuncalke menyang ndhuwur gendheng omahe Riska. Sakbare iku, mendunge padha mencar. Ananging angine sansaya banter. Wit-witane ana sing nganti montang-manting. Godhong-godhongan garing uga godhong sing isih enom yo padha melu mobat-mabit ngrontoki digawa angin. Ujuk-ujuk…MAAKKK BROOKKKKK!!!! Suara terop ambruk. Kahanan saya kacau.
“Lho… ana apa kae?”
“Suara apa kae?”
“Lho…lho terope kok
nganti ambruk kae kepriye?”
Kaya ngono iku suarane wong-wong sing lagi rerewang nandangi gawean ing njero omah. Banjur padha metu ndelok kahanan ing njobo. Padha rame-rame ing njobo.
Saiki angine wis mandhek. Mendunge sithik-sithik wis saya buyar medhot dhewe-dhewe. Ing kursi ngarep omah Riska netes eluhe bingung nyawang kahanan sing kaya ngene iku mau.
“Ya Allah ana apa
ngeneki…kena ngapa?”, pangucape Riska karo nangisi kahanan.
“Kudune wayah ngeneki
yen kepengin diwenehi perlindungan iku nyuwune marang Gusti Allah, ora malah
percaya marang hal-hal sing kaya ngono iku.”
“Paringono perlindungan
kagem sedaya Ya Allah.”, pituture Riska ing jero ati.
Bapake Riska saiki
yowis awit sadar. Yen ora kabeh omongane wong iku bener. Banjur donga uga
nyuwun perlindungan marang Gusti Allah karep ben acarane lancer ora ana alangan
maneh. Akhire terope ditata maneh karo tukange. Banjur acarane dilanjutke maneh
nganti bar.
______________________________________________________________________
Ulangan Dadakan
Dening : Dewi Retnanigtyas (17)
Isuk
kuwi Guntur lan sakanca-kancane podo bar nglaksanakake upacara bendera sing
saben dina senin di anakake. Bocah-bocah sak kelas podo gobyos melbu neng kelas
banjur lungguh neng panggonane dewe-dewe. “Guh, ayo neng kantin. Ngelak aku,
mau yo ugung sarapan.” Guntur ngajak Teguh neng kantin sak wis e deweke ndeleh
topi menyang tas e. “ Lha iki wes melbu i le, ngko nek telat diseneni Pak
Joko.” Teguh ngelak amergo deweke wedi telat lan didukani Pak Joko sing mulang
pelajaran Basa Jawa neng kelase.
“ Halah, ora-ora paling yo gurune jek
rapat”, Guntur tetep mekso Teguh. Akhire Teguh gelem dijak Guntur menyang
kantin. “ Heh, we arep neng ndi?”, Bela, salah siji konco wadon e sing paling
ceriwis nakok i bocah loro sing mlaku neng ngarepe. “ Kantin”, saurane Guntur cekak.
“ Yowes banjur ndang bali menyang kelas,
nek ora kena semprot marang Pak Joko we ngko cah loro”, lanjute Bela
ngeden-ngedeni. “ Alah Bel, we wi rasah ngeden-ngedeni ngono kuwi. Wis Tur
ndang ayo nggatek omongane Bela.” Teguh mlaku ndisiki Guntur sing banjur mlaku
ing mburine.
“
Wooo... titeni wae nek sampek telat, tak sokorne”,
batine Bela
“ Ehhh...Bel, pr e Pak Joko wes
nggarap?”, Widya mbuyarake lamunane Bela sing isih pegel marang loro koncone
mau. “ Ealah iyo lali aku Wid, oleh nyontek nggonmu gak? Aku wedi kena hukuman
marang Pak Joko.” Bela gupuh dewe bukak tas e banjur ngorek-ngorek njerone
nggoleki buku tulise basa jawa. “Iyo oleh Bel. Koyo karo sopo wae, yowes ndang
disalin ngko selak Pak Joko rawuh.”
Ora
suwe Pak Joko rawuh nenteng tas tangane sing isine buku-buku basa jawa. Untunge
Bela wes bar nyalin buku tugase Widya. Pak Joko banjur lungguh lan salam marang
bocah-bocah. Sak kelas mangsuli salame Pak Joko. Pak Joko nakoni sopo wae sing
absen dino iki. “ Mboten wonten Pak, Alhamdulillah sedoyo rawuh ingkang sehat
wal’afiat”, Bayu sing dadi ketua kelas mangsuli pitakonane Pak Joko. “ Coba
itungen koncomu sing menyang kelas iki”, dawuhe Pak Joko. Bayu banjur ngitung
konco sing ana ing kelase. Deweke rada bingung koncone kok ana sing durung
melbu ing kelas,loro. Sopo ya? Pikire Bayu.
“ Lengkap Bay?”, pitakone Pak Joko. “
Mboten Pak, kurang kaling bocah”, wangsule Bayu karo wedi-wedi. “ Lho banjur
menyang ndi koncomu?”. “Kula...”, “
Sepuntene Pak, wau tirose Guntur lan Teguh teng kantin. Rencange sajar kula
piyambak. Sajare dereng sarapan saking dalem,” durung bar Bayu mangsuli
pitakonane Pak Joko, Bela langsung nyahut opo sing ditakonke.
“ Ealah, bocah loro kae ra mari
mari”,ora let suwi bocah loro sing dadi omongan mau melbu menyang kelas banjur
maju menyang ngarep kelas. “ Nyuwun ngapunten Pak, kula lan Guntur ba’da nedi
menyang kantin”, Teguh karo ndingkluk nyuwun sepura menyang guru basa Jawane
iku. “ Anu pak, kala wau kula sing ngajak Teguh menyang kantin. Sepuntene”,
Guntur melu nambahi.
“ Yowes, Pak Joko ora pilih kasih. Kowe
cah loro mengko pas istirahat neng kantor nemoni aku. Saiki ndang lungguh neng
bangkune dewe-dewe.”, Teguh lan Guntur banjur lungguh neng bangkune dewe-dewe.
“ Saiki bukak tugase ndek wingi. Dicocokne bareng-bareng”, Pak Joko ndawuhi
murid-muride.
Guntur
bingung polahe dewe. Deweke bingung takon menyang konco-kancane pr opo sing di
tugasne. “ Waduh aku durung nggarap. Kowe wes Bay?”, Guntur takon marang konco
sebangkune, Bayu. “ Uwis no, lha kowe opo durung?”
“ Aduh aku lali, wingi bengi aku keturon
bar dolanan game”, saure Guntur karo kringet adem mancur saka bathuk e. “ Sopo
iki sing durung nggarap? Maju mengarep”, Pak Joko sing dikenal tegas iku
langsung ndawuhi bocah-bocah sing durung nggarap pr maju. Akhire Guntur lan
loro koncone sing liyane maju mengarep. Cah telu iku banjur dikek i tugas dewe
lan didawuhi nggarap menyang njobo kelas.
Teguh
lan Guntur melbu kelas sak bare nemoni Pak Joko ing ruang guru. Cah loro iku
melbu kelas ora semangat blas. “ Sepurane ya Guh, jane nek aku ora ngajak kowe
mau ra bakal kedadeane ngene”. Guntur ngroso salah marang Teguh. Deweke ngajak
Teguh nglakoni tumindak ala kanggo senenge dewe. “ Halah, rapopo Tur. Santai
wae”, saure Teguh karo ngeplak gegere Guntur.
“ Piye cah, dikon opo we mau?”, Widya
nakoni cah loro sing lungguh ing bangku ngguri pojokan. “ Dikeki tugas
wakehh... Wid”, Guntur mangsuli karo mlilikne mripate. “ Sabar yo. Sokben neh
ojo dibaleni”
***
Sak
banjure muleh sekolah. Guntur adus, lan reresik liyane. Bengi iku deweke niat
arep ngebarne tugas sing diwenehi Pak
Joko. Nanging Guntur kegoda marang hp ne sing awit mau muna-muni wae. Akhire hp
ne langsung disaut lan langsung nggoleki opo sebabe sing marai hp ne muni.
Tibake dolanan online e sing njaluk di perbarui versi sing luwih anyar.
Langsung diperbarui marang Guntur.
Dolanan
e mau sak bare diperbarui tibakne ana menu-menu anyare sing nggawe Guntur
penasaran pengen ndang nyoba game anyare. Pas dibukak, ana pemberitahuan
obrolane konco-kancane saka whatsapp. Timbang ganggu dolanane akhire Guntur
mateni pemberitahuan anane pesen melbu soko whatsapp e. Dadi deweke ora bakal
meruhi opo wae sing diomong koncone neng grup. Deweke males melu nimbrung bahas
sing ora penting. Guntur banjur milih nerusake dolanane.
***
Sesuke
bocah-bocah podo umek neng kelas. Guntur tetep sibuk dolanan game online. “Heh,
Guh. Ayo dolanan iki bareng”, Guntur nyenggol lengene Teguh sing ana ing
andenge. “ Moh, aku arep sinau ae”, Teguh nyauri ora ngingeti rupane Guntur
blas. “ Halah gayamu”
“ Cah wes arep bel melbu, ndang
diklumpukne hp ne”, Bayu ngomongi konco sak kelase ben gek ndang ngumpulne hp
ne. Guntur ora nggatek omongane Bayu. Deweke jek tetep sibuk dewe karo dolanan
anyare.
Pas
bel melbu, guru jam kepisan banjur melbu lan ndawuhi nyuwek saklembar kertas
kanggo ulangan. “ Lho opo ulangan dino iki?”, Guntur nyenggol Bayu sing ing sampinge. “ Lha kowe opo ra
bukak grup, ndek wingi kae Bu Siti ngendika yen dina iki ulangan harian
Matematika”, Bayu bisik-bisik ngomongi Guntur. “ Mati we le, aku ra sinau e”,
Guntur ngeplak sirahe dewe.
Guntur tolah
toleh nggarap ulangane. Deweke bingung ra bisa nggarap soale blas. Akhire
deweke milih bukak hp sing mau ra ditumpuk. Ora suwi mbukak hp, ujuk-ujuk hp ne
muni banter amarga suarane hp lali ora dipateni. Guntur kaget sak plengan.
Konco-kancane sak kelas podo mengo ngingeti Guntur sing mulai gupuh amarga Bu
Siti mlaku nyedaki wonge.
“ Le cah bagus, kok hp mu ora mbok
tumpuk?”, Bu Siti nyindir Guntur sing bingung ndelikake hpne.
“ Anu Bu..”, Guntur bingung arep
mangsuli apa. “ Kene hp mu, bocah kok mbeling eram. Aturane hp ditumpuk ki yo
ditumpuk. Hp mu tak sita se sasi. Nganti kowe nggawe masalah meneh, wong tuwamu
tak celuk tak kon rawuh ing sekolahan”
“ Mboten bu, kula nyuwun ngapunten. Kula
salah”
Sak bar e kasus iku
Guntur luwih sering maca buku. Deweke janji marang awake dewe yen ora bakal
mbaleni kesalahane maneh. Ojo sampek deweke ngecewakake wong tuwane. Lan ojo
nganti wong tuwane ketut masalah sing digae Guntur.
______________________________________________________________________
Dening
: Dyah Ayuningtyas (18)
Jenengku
Ani, aku salah siji siswi kelas XII SMK ning kuthaku. Dina iki yaiku dina
terakhir dilaksanakne Ujian Nasional. Suasana tenang kerasa amarga para siswa
siswi lagi podo sinau di nggo Ujian. Watara 30 menitan aku sinau, bel masuk wis
muni. Iku tandane yen Ujian wis arep diwiwiti. Aku lan konco konco banjur mlebu
kelas lan lungguh sesuai panggonan sing wis ditentokne.
Sekitar
jam 10 an Ujian uwis bar. Aku karo konco-koncoku lego banget mergo Ujian
Nasional sing diadakne 4 dina iso lancar. Sakdurunge mulih ning omah, aku
lungguh lungguh disek ning taman sekolahan karo koncoku jenenge Rina.
“Piye Rin lancar pora nek mu garap ?” Takonku ning
Rina.
“Gak yakin aku An karo jawabanku ngke, soale aku
akeh sing ogak roh jawabane.” Jawabe Rani karo wajah bingung.
“Yowis neh Rin, dongo ae mugo mugo bijine iso apik.”
“Amin.. Lha kowe ngke piye An? Mesti lancar, kowe
kan wong pinter. Hahaha ” Takone Rina karo guyu.
“Halah Rin, aku ae yo akeh sing gak iso kok, tapi
Alhamdulillah e kabeh sing tak sinau ngke metu ning soal.”
“Oalah, yo
mugo-mugo ae ya An bijine adewe iso apik.”
“Amin.. ayo Rin mulih, langite mendung ngko nek
kudanan.” Ajakku
“Ayo An!”
Akhire
aku karo Rani mulih amarga langite mendung. Aku langsung ning parkiran jimuk
sepedaku. Kira-kira 15 menitan aku wis teko omah. Sak banjure teko omah aku
langsung mlebu ning kamarku terus leren. Lagi wae mlebu kamar Ibuku marani aku
mergo pengen tekok ning aku.
“An, piye UN e ngke ? lancar pora?”
“Alhamdulillah Bu, lancar.”
“Lha piye An, bar lulus arepe ning ndi ?”
“Pengene kula nggih kuliah Bu, sami kalih rencang
rancang. Kan pendidikan niku nggih penting Bu”
“Pendidikan
tarah penting An, tapi nek kowe arepe kuliah sepurane ya An,Ibu karo Bapak gak
sanggup biayani. Kan kowe ngerti dewe biaya kuliah ki larang gek adik adikmu
wis podo sekolah kabeh.”
Krungu ukara saka Ibu aku langsung
sedih lan kuciwa. Aku ngrasa yen cita-cita ku pengen kuliah gak bakal klakon
amarga gak duwe biaya. Karo ngempet tangisku aku nyauiri ngendikane ibuku ndek
mau.
“Nggih Bu.”
Sak
banjure kuwi Ibu ku metu soko kamarku.Aku mikir piye carane aku tetep iso
kuliah tapi aku gak mbebani Bapak karo Ibuku. Akhire aku buka buka internet
terus nemokne enek kuliah kelas karyawan, dadine iso kuliah disambi kerjo.
Banjur aku duweni niatan nek arepe kuliah karo kerjo.
Wis
sesasi kepungkur, wis wayahe pengumuman kelulusan. Rasa ndredeg lan penasaran
campur dadi siji. Teko sekolahan aku langsung delok papan pengumuman sekolahan.
Alhamdulillah 100% siswa siswi sekolahku lulus kabeh lan nilai UN ku
alhamdulillah memuaskan. Suasana seneng lan lega tak rasakne karo konco-koncoku, termasuk
Rani. Rani langsung marani aku karo wajahe sing bungah.
“Alhamdulillah An Lulus kabeh.”
“Iyo Rin Alhamdulillah. Bar lulus we arep kuliah
ning ndi Rin?”
“Pengenku ning Jogja An, lha kowe arep ning ndi ?”
“Rencanaku arep kerjo Rin. Insha allah sisan karo
kuliah . ”
“Kowe arep kuliah karo kerjo An? Opo gak angel to.
Kerjo ae wis abot lho An opo meneh nek karo kuliah”
“Insha allah ora Rin, kuliah sing dinggo karyawan kan enek.”
“Oalah iyo ya
An, lha kowe nyapo kok pengen e karo kerjo barang?”
“Ket biyen aku pengen iso kuliah Rin, nek aku iso
dadi sarjana kan Bapak Ibuku iso bangga karo aku. Tapi Bapak Ibuku gak duwe
biaya nggo nguliah ne aku gek adik adikku kabeh wis podo sekolah, dadi aku
pingin kerjo nggo biaya kuliahku karo nek iso ngewangi Bapak Ibuku nyekolahne
adik adikku.”
“Waah, niatmu apik banget An. Mugo-mugo dilancarne
ya An. ”
“Amin. Suwu ya Rin.”
Sak
bare pengumuman kelulusan di umumke lan SKL wis metu, aku langsung golek
lowonagan pekerjaan lewat BKK sekolah lan lewat internet.
Banjur
wektu sing tak enteni wis teko. Perasaan seneng lan bangga akhire tak rasakne.
Awet soko daftar-daftar lan melu tes akhire aku ketrimo kerjo ning salah siji
PT gedhe ning Bekasi. Lan seminggu ngkas aku bakal budal rono. Aku langsung
moro ning Ibu lan Bapakku ngomongi yen aku wis ketrimo kerjo.
“Pak Bu, Alhamdulillah kula sampun ketampi kerjo
teng Bekasi.” Omongku karo wajah seneng.
“Alhamdulillah An, lha terus budalmu sok kapan?”
Takone Ibu
“Minggu ngajeng Bu.”
“Lha terus rencanamu arep kuliah gak sido An?”
“Sios bu, kula badhe kuliah teng mriko sisan kerjo,
Insha allah kula saget.”
“Yowis nek karepmu ngono. Sing ati-ati ning kono,
kerjo karo kuliah e sing tenanan. Ojo lali sholate. Ning kene Bapak karo Ibu
mung iso dongakne .” Ngendikane Bapak.
“Inggih Pak.”
Setahun
kepungkur aku ning perantauan. Kerjo lan kuliah sing tak pengenke wis kelakon.
Akeh halangan sing tak rasakne,tapi aku tetep bersyukur lan ikhlas nglakoni
kabeh. Akhire aku iso kuliah nganggo duwitku dewe lan ora nyusahne Bapak Ibuku.
Aku uga iso ngewangi Bapak Ibuku biayani sekolahe adik-adikku.
______________________________________________________________________
Kekancan
Saklawase
Dening
: Eka Putri Nurita (19)
Isuk
kang sumilir iki kaya biasane bocah telu kang kekancan iku budal sekolah
bareng. Cahya, Listi, Ari bocah kelas telu Sekolah Menengah Pertama kuwi uwis
kekancan wiwit ing bangku Sekolah Dasar. Ing perjalanan tumuju sekolahan bocah
telu kuwi bahas perkoro arepe neruske ing Sekolah Menengah Akhir opo ning
Sekolah Menengah Kejuruan, ora keroso bocah telu iku uwis tekan ing
sekolahan.Cahya, Listi lan Ari melbu kelase dewe-dewe. Dina iki ora ana pelajaran
kanggo kelas telu, amargo Ujian Nasional uwis mari.
Teng-teng
bel mulih uwis muni, Cahya karo Listi mara ing kelase Ari. Sak tekane ning
kelase Ari bocah telu iku terus omong-omongan bahas ngenani opo kang isuk mau
uwis dadi pembahasan. Ora suwi leh ngrembuk akhire bocah telu iku sepakat yen arepe neruske ing
salah sijine Sekolah Menengah Kejuruan kang ana ing Kabupaten sebelah. Nanging
pada duweni kekarepan ing jurusan kang bedo-bedo. Ora keroso wektu uwis sore
bocah telu iku enggal bali ing omahe dewe-dewe lan sepakat arepe pada golek
informasi ngenani pendaftaran ing sekolah kang arepe dituju.
Ing
salah sijine dina kang pas pendaftaran ing sekolah sing di tuju. Cahya, Listi
lan Ari budal daftar numpak bis, sak tekaning ning sekolah bocah telu iku
nyerahke syarat-syarat sing kudu di kumpulke ing panitia pendaftaran.sak uwise
daftar bocah telu iku terus ngenteni pengumuman anggone kapan tes dilaksanakake. Salah sijine panitia ngumumke
yen tes dilaksanakake seminggu sak bare pendaftaran. Sak suwine ngenteni dino
tes, Cahya, Listi lan Ari sak bendino sinau bareng kanggo nyiapke tes, supaya
bisa ketopo kabeh lan ora lali dungo marang sing kuoso. Ing salah sijine dina
sak urunge tes, bocah telu iku omong-omongan. Lan Ari ngomong, ” Yen sok enek sing ora ketompo ning sekolah
iku, aku kepingin yen adewe kudu tetep konconan ora ana sing iri marang liyan.”
Cahya nyaut, “Iyo bener jare Ari adewe
kekancan wis wiwit SD dadi aku yo ora bakal lali karo kowe-kowe sing wes
berjuang bareng.” Listi nyauri, “Iyo yen
sok adewe ora maneh sak sekolahan, adewe yo kudu tetep kabar-kabaran.” Sak bare
omong-omongan nganti suwi, bocah telu iku muleh.
Dina
iki dina tes, isuk ruput-ruput bocah telu iku uwis nyegat bis ing pinggir
dalan. Ing bis Ari ngilingke marang kanca-kancane ojo lali dungo marang sing
kuoso,supuyo diwenehi kelancaran garap soal-soal tes mengko. Bis mandek ing
karep sekolahan Cahya, Listi, Ari mudun bis kanthi ati kang dredek amarga wedi
ora iso garap soal tes mengko. Saksuwene wektu garap kelas sepi koyo ora ana
penghunine, lan ora kerasa guru sing ngawasi tes ngakon kabeh ngumpulke
garapane. Ora liyo Cahya, Listi lan Ari iyo gumpulke garapane. Sakwise kabeh di
kumpulake kabeh peserta tes dikon kumpul ing lapangan kanggo ngrungokkake
arahan saka panitia. Ing lapangan diumumke yen
hasil tes dina iki bakalan metu sak minggu sak wise tes. Marine dikeni
arahan kabeh peserta tes oleh muleh. Lan bocah telu ki mau yo muleh.
Seminggu
wes kepungkur wayahe delok hasil tes minggu wingi, kaya biasane Cahya, Listi
lan Ari budal bareng delok hasile. Sak tekane ning SMK lan didelok hasile
jebule sing ketompo cuman Ari. Amarga Cahya karo Listi ora ketompo ing dalan
muleh saka SMK ora ana meneh omong-omongan kan kaya biasane sing dilakoni karo
bocah telu iku. Sakdurunge Cahya lan Listi muleh ing omahe, Ari ngajak koncone
mampir ing omahe disik, lan bocah telu kuwi mau lungguh ing ngisor wet pelem
kang ana ing ngguri omah. Ari takon
marang Cahya. “Mari ngene awakmu arepe
daftar ning ndi ya?”. Cahya nyauri tanpa ngengiti Ari. “Ora eruh aku, paling aku ra sekolah maneh.”
Listi nyaut. “Lho, nyapo kok ora neruske
sekolah, opo cuman goro-goro ora ketompo pisan awakmu ora gelem sekolah maneh.
Wes ngene wae kepriye yen kowe melu aku daftar ing sekolahan cedak omah ku wae.” Ari nambahi. “Iyo, karone sekolahan sing
cedak omahe Listi yo apik.” Cahya nyauri
“Aku ora kudu sekolah ing kunu.” lan terus ngaleh tanpa pamit lan ngomong
opo-opo. Ari lan Listi bingung marang Cahya ora biasane muleh ora pamit. Ora
suwi Listi pamit ning Ari arep muleh amarga uwes ameh sore.
Sakwise
dina kuwi Cahya jarang bareng karo Listi lan Ari. Listi ketrimo ing sekolahan
cedak omahe lan Cahya ketrimo ing salah siji sekolah sing ana ing Kabupaten.
Amaraga bocah telu iku mau wis ora sak sekolahan maneh, sak iki bocah-bocah iku
jarang ketemu, Ari lan Listi tetep jaga
komunikasi. Nanging ora karo Cahya, Cahya luwih cedak ning Listi ketimbang karo
Ari, Sipat Ari SMS Cahya jarang di bales. Ari iso ketemu karo kanca-kancane yen
dina minggu wae, amarga Ari ngekos ing cedak sekolahan. Saben dina minggu Ari
dolan ing omahe Listi lan ngajak Listi dolan ing omahe Cahya. Nanging saben
Listi lan Ari dolan, Cahya pas lagi turu yen ora ngunu lagi ora ana ning omah,
Dadi saben minggu Ari cuman ketemu kara Listi. Hubungan Ari lan Cahya saya adoh
amarga jarang ketemu lan jarang komunikasi maneh.
Ing
salah siji dina pas Cahya lan Listi ketemu ing omahe Cahya, Cahya ngomong ing
Listi. “ Sak iki Ari sombong yo, uwis ora gelem kekancan karo adewe sing
sekolah ing sekolah biasa, ora kaya wonge sekolah ing sekolahan sing apik lan
kanca-kancane wong kutha, lha adewe ae wong deso” Lan Listi nyauri. “Ora ngunu, ancen Ari saiki
kan ngekos dadi jarang ning omah lan jarang iso ketemu adewe.” Cahya nambahahi
maneh. “Ari wis bedo ora kayo Ari sing biyen, sak iki wis ora maneh mentingke
adewe, sak iki luweh penting kanca-kanca anyare sing ning kutha ’’ Sak mulihe
saka omahe Cahya, Listi ngomongke opo sing di omongke karo Cahya mau ning Ari.
Lan sak uwise diomongoni karo Listi, Ari langsung SMS Cahya kanggo nakokke opo
kang di omongke Listi mau lan jalok ngapuro yen enek salah marang Cahya lan ora
lali jelaske yen deweke ora bedak-bedakake kanca lan isih gelem kekancan karo
Listi lan Cahya.
Ing
dina minggu pas Ari mulih ing omah, Ari ngajak Listi dolan ing omahe Cahya karo
jelaske opo kang kudune ora gawe kekancanane rusak. Ing omahe Cahya, Ari
ngomong. “Adewe iki uwis kekancan wiwit
cilik, dadi aku ora bakal nglalekake kowe.” Listi nambahi. “Iyo, masio adewe ora sak sekolahan maneh
,tapi adewe isih iso komunikasi lan ketemu ning omah yen dina minggu utawa yen
ana libur.” Lan Cahya nyauri. “Iyo sepurane ya Ri, aku uwis mikir sing ora-ora
ning awak mu, amarga aku iri karo awakmu sing iso ketompo ing sekolah iku.” Ari
ngingeti Cahya karo ngomong. “Iyo ora popo, masalah sekolahan iku uwis ora
penting sing penting sakiki adewe kusu jaga kekancanane adewe iki.” Sak marine dina iku bocah telu kuwi mau
kekancan kaya biasane maneh.
Nilai
Urip Ing Ndunyo
Dening : Elang Tegar Pamungkas (20)
Sore…..
srengenge kuning soko kulon brobos liwat gentheng
sing wis podo pecah, lurus myilaune mripat bocah pawakan cilik sipit lan ndue
irung mancung, ora lali nggowo buku sing pojokane wis uwel.
Emak :”Ehhh
le arep menyang ndi?.”
Kiro :
(Mengo marang suoro) “Nguber ngimpiku Mak.”
(Mlayu karo masang eseman ing pipine)
Bocah kui jenenge Kiro, bocah biasa soko anake
keluarga mlarat nanging nyekel prinsip kang luhur.
Amargo enek kejadian sing rabakal di lalekne wonge
mbien.
Pas iku wayah sore, Kiro budhal ngaji menyang pak Poloski,
guru ngajine awit soko almarhum bapake pas isih cilik.
Karo mlayu , Kiro ngeleboke sangu ning sak clono
dowo werno biru.
“ngosss ngoss” karo nelen idhu, Kiro ngandekne
playune lan jupuk botol sing banyune ngisi soko kali mburi omahe.
“Kiroooo…..” suoro cah wadon nyeluk ing burine, ya…,
Santi, parase ayu lan ketok nek bocahe pinter koncone Kiro ngaji lan sekolah
saben dino.
Santi :”Pie Ro, wis iso ngitung
aljabar durung? Yen durung aku iso ngajari koe, sitik sih.”
Kiro :”Wis iso aku nanging durung
patio paham, amargo gurune sing ngajar galak.”
Santi :”Hahaha……. (buggg) aduhh.”
Pas penak-penake ngobrol Santi nendang barang ning
njero kresek werno emas.
Kiro :”Nyapo
San?.” Marani Santi.
Santi :”Iku lho, ono opo ning njerone
kresek, tak tending mergo raketok moto.”
Kiro
nyedak barang kui mau, dibukak kreseke lan bingung karo isine.
Kiro :”Opo ki?? Buku?.”
Buku
gambar iku ra ono gambar blas ning sampule, Nanging enek tulisan
ing
pojok ngisong bukune, “Ojo lali marang dunyo lan kuoso”.
Bocah
loro kui mau podo inget-ingetan amargo bingung, sakbare sepakat
akhire
dibukak bukune mau. Cahaya metu soko njero buku, nyedot Kiro
karo
Santi.
Angel
dipercoyo, njero buku ono istana koyo dongeng-dongeng sing
diceritakne
ibune Kiro selagi isik bayi. Wit-witan soko roti sing godonge
dadi
permen kapas, mobil gulali, lan akeh sebongsone.
Kiro
lan Santi bungah ora gegoro, mlayu rono rene gowo permen ning
tangan
tengen, sing kiwone dienggo njupuk permen sing gantung ning
nduwur
wit.
Ono
telung jam bocah loro kuwi ning njero bukune fantasi iku, sampek
Kiro
eleng yen Emake bakal goleki.
Kiro :”Mulih yo San, kito ojo lali
marang ndunyo sing ono.”
Santi :”Ayo Ro.”
(Doooom)
suoro lawang mbukak, akhire Kiro karo Santi iso mulih
menyang
desone.
Andi :”Hmmm, deloken sesuk we….”
Tibake
wingi sing eruh rahasia buku fantasi kui ora cah loro tok, Andi
Kancane
ngaji Kiro karo Santi ngerti, wonge wis niteni yen sesuk bakal
ngalangi
cah loro lan gawe rencono sing elek.
Sesuke,
Kiro lan Santi di seneni karo pak Poloski amargo mbolos ngaji
wingi.
Pas
wektu iku tase Kiro ditinggal ning ngarep musholla, ngerti ono
kesempatan
Andi meneng-meneng jupuk tas iku lan ngeranggeh buku
fantasi
sing ditemu Kiro.
Andi :”Mumpung raenek wong.”
Plung
Andi langsung mlebu ning njero buku tanpa roso wedi lan gelisah.
podo
karo Kiro, Andi yo seneng-seneng ning njero dunyo buku kui,
limang
jam Andi atine bungah, tibo akhire wonge pengen mulih.
Amargo
niat awale Andi elek, wonge bingung gerbange ragelem bukak.
Andi :”Waduh pie iki, aku raiso
mulih….
Mbokk tulung aku!!.”
Sakwise diceramahi pak Poloski, Kiro karo Santi arep
mulih, nanging cah loro kaget bukune ning njero tas Kiro ilang.
Kiro :”Ilang,
pie iki San, yen ditemu wong liyo iso bahaya iki.”
Santi :”Lha
pie to iso raono?.”
Kiro nggeleng sirah, tandane raruh.
Pak Poloski :”Ono
opo cah kok podo ribut sore-sore?”
Lha
iki Andi endi? Kok genti sing ra njedul.”
Kiro karo Santi bareng :”Andi ning njero bukune!.”
Bar njelasne ning pak Poloski, akhire Kiro lan Santi
setuju bakal mlebu ning njero buku fantasi meneh nggo nyelametake Andi.
Kiro :”Andi,
we ning ndi??.” Bengok Kiro
Andi :”Aku
ning kene!! Tulung aku Kiro!!.”
Cah telu mau bare ketemu.
Andi :”Sepurane
Ro, aku jupuk bukumu raisin kowe.”
Kiro :”Ora opo Ndi, yo mugo-mugo iki
iso nggo sinauonan nggo kowe.”
Andi
mantuk sirahe, amargo Andi wis sadar karo perbuatane akhire Kiro,
Santi,
lan Andi iso mulih bareng.
Ning
nduwur wis disambut karo pak Poloski lan Emake Andi sing netes
banyu
tangis.
Akhire
buku fantasi iku tetep digowo Kiro, sing nemu pisanan, kuwi
Pesene
pak Poloski.
Jarene
sejam ning njero buku podo karo sepuluh menit ing ndunyo.
Kiro
ra bakal mlebu buku meneh, mergo bakal dadi pribadi sing lali
menyang
sang kuoso lan seisine, buku iku bakal dadi tanda yen nuntuni
urip
penak tok rabakal urip mulyo ing ndunyo.
______________________________________________________________________
Tabrakan
Sore
Dening :
Endah Ayu Nurul B (21)
Saben sore, aku lungguh ning ngarep omah ngenteni pak Eko
bakul bakso lewat. Kui wes dadi kebiasaanku sakjoke aku lan keluargaku pindah
omah sing sakdurunge ning desa lan saiki pindah ning pinggir alun alun kutha.
Bapak lan Ibuku kerja ning pabrik, saben dina muleh surup biasane malah nganti
maghrib durung bali. Yen sore sakwise ados aku wes siap ning ngarep omah
ngenteni pak Eko lewat ning ngarep omahku sing saben dina rame amarga cedak
alun alun. Ora kaya sore biasane, sore iki aku ngenteni pak Eko nganti jam
setengah 5 sore. Swara teng teng teng mangkuk bakso sing di tutuk uga urung tak
rungokne.
Sakwise setengah jam ngenteni, akhire motore pak Eko bakul
bakso iku ketok mlaku soko sisih kulon alun alun. Aku banjur mlayu nyegat ning
pinggir dalan ngarep omahku. Wes meh cedak, banjur aku di kagetne karo bocah
cilik kira kira umur 9 tahun sing numpak pit banter mlaju moro ning arah pak
Eko. Bocah iku arep wae nabrak aku amarga saking bantere medal pit e mau. Aku
kaget banget lan mung iso ngelus dada. Pak Eko sing alon alon numpak motore
katon kaget amarga bocah iku mau. Pas ning ngarep omahku. "Dubrak.....
swara motore pak Eko iku nabrak bocah cilik sing numpak pit mau. Bocah cilik
mau banjur nangis sak banter bantere nganti wong ning alun alun moro delok kedadean
iku.
"Enek opo iki?" takon bapak bapak sing mlayu soko
alun alun.
"Iku bakul bakso nabrak bocah cilik sing numpak
pit" jawabe ibuk Rumini sing nyegat bakso ning etan omahku. Amarga
tabrakan iku mau, motore pak Eko ambruk lan baksone kutah kabeh pececeran ning
dalan. Bocah cilik mau kejokan kuah bakso panas ning sekujur awak e. Wong wong
sing delok banjur mbantu pak Eko lan nulungi bocah cilik mau sing nangis. Aku
banjur mlayu ning jero omah jupuk obat
p3k ning lemariku lan tak wehne bapak bapak sing ngobati bocah cilik
mau. Sakwise iku aku langsung marani pak Eko sing katon iseh kaget lan dredek
amarga kadadean tabrakan mau.
"Pak jenengan
mboten nopo nopo to? takonku marang pak Eko."
"Aku rapopo dek, mung iseh kaget wae." Jawabe pak
Eko sing omongane isih ngewel.
"alkhamdulilah nek ngoten pak. Jenengan mboten sah
bingung pak, katah sing ngertos wau sing salah bocah cilik sing numpak pit
niku." aku rodok nenangne pikirane pak Eko.
"Iyo dek, aku ngerti mau bocah e numpak pit banter moro
ning ngarepku. Mulane aku kaget lan yo wes ra iso ngerem meneh." Jawabe
pak Eko.
Sakwise padha padha di tambani, bocah cilik iku ngaku yen numpak pit banter amarga wes sore cepet cepet muleh selak di goleki ibuk e. Wong wong sing delok padha bubar mbalik ning alun alun meneh. Ora cukup ngunu masalahe bar, rodok suwe ibuke bocah cilik mau moro ning panggon kedadean tabrakan ning ngarep omahku. Banjur ibuk mau marani anake lan moro ning pak Eko.
"Pak Eko jenengan kudu ganti rugi pit e anakku sing
rusak amarga mbuk tabrak!" ibuk e bocah cilik mau teko teko langsung nesu
ning pak Eko.
"Sepuntene bu, sing salah niku putrane jenengan sing
numpak pit ngebut" bu Rumini banjur jelasne kedadean tabrakan mau ning
ibuk e bocah cilik mau.
"Njih bu. Putrane jenengan sing salah, nitih pit mboten
ati ati akhire ketabrak kalih motore pak Eko." Aku melu mbela pak Eko.
"Loh ora iso ngunu, anakku yo loro parah iki amarga
kutahan baksone pak Eko." Ibuk mau iseh mbelani anak e sing salah.
"Bu.... Sepuntene njih, kulo wau kaget amarga putrane jenengan nitih pit ngebut ten ngajeng kulo.
Kulo mpun mboten saget ngerem bu." Pak Eko jelasne marang ibuk e bocah
mau.
Amarga akeh sing nyekseni nek pak Eko ora salah, akhire ibuk mau nakoni anake banjur anake jujur yen dheweke ngebut kesusu arep mulih mergo nek selak di goleki. Sakwise ngerti ngunu, ibuk kui nerima salahe anake banjur jaluk ngapura marang pak Eko. Ibu mau yo sanggup ganti kerugian sing di alami pak Eko.
"Pak Eko sepuntene njih, amargi anak kulo jenengan
dados ngeten niki. Kulo siap gantos ganti rugi motor lan gerobak baksone
panjenengan." Ibuke bocah mau jaluk ngapura marang pak Eko.
"Njih mpun mboten sah bu, niki sampun nasib sing
penting kulo lan putrane panjenengan slamet mboten nopo nopo. Gerobak bakso
kulo tasih saget kulo dandani meleh, mboten sah digantos bu." jawabe pak
Eko sing dermawan lan jembar atine.
"Waduh pak, kulo salah nek mboten gantos rugine
jenengan pak. Kulo sampun nuduh jenengan sing mboten mboten. Sepuntene sing
katah njih pak." Ibuk mau getun
wes nuduh pak Eko sing ora ora.
"Mpun bu mboten nopo nopo, kulo sampun ikhlas. Mengke
wonten gantine sing luwih katah meleh saking gusti Allah." Jawabe pak Eko
sing katon ikhlas ngadepi cobaan mau.
"Matur suwun pak Eko, mugi mugi jenengan rejekine katah
sehat sedaya keluarga jenengan njih." Ibuk mau banjur mulih ning omahe.
Sakwise ibuk mau bali karo anake. Aku lan bu Rumini sing
iseh ngancani pak Eko banjur mbantu ngresiki motor lan gerobak e pak Eko.
Sakwise di resiki pak Eko pamit bali muleh ning omahe amarga wis surup. Banjur
aku lan bu Rumini mlebu ning jero omah. Aku seneng banget iso bantu pak Eko lan
entok piwulang apik saka teladhane pak Eko sing sabar, dermawan, lan jembar
atine marang wong liya. Amarga kedadean iku aku ngerti pentinge mbantu wong
sing susah amarga sok nek awakdhewe ngalami susah bakal entok bantuan ganti
karo gusti sing kuasa.
______________________________________________________________________
Antara Bakat lan
Tanggung Jawab
Dening : Fakih Puji R (22)
Slorot
srengenge ngebeki jero kamarku. Aku bocah kelas 2 SMK ing SMK NEGERI 1 NGAWI.
Aku kagolong bocah sing aktif ing
organisasi. Aku uga seneng babagan olahraga. Bapak lan ibuku uga dukung kabeh
kegiatanku.
Ibuk : awakmu oleh milih kegiatan sing
kok senengi. Sing penting ora ninggal kewajiban sinau!
Aku : nggeh buk..
Ing
sekolahan aku melu Organisasi Siswa Intra Sekolah. Aku uga melu jujitsu,
futsal, atletik. Nglakoni kabeh kui ora segampang sing tak bayangno. Bagi waktu
kui angel, urung maneh ana kegiatan sing tempuk dadi siji. Pernah aku sambat
marang koncoku perkoro iki..
Aku : aku kesel...
Izzah : mari nyapo ? hmm
Aku : mari latihan jujitsu. Asline dina
iki ana jadwal latihan atletik, tapi aku gak melu mergo aku yo latihan jujitsu
(ekspresi lesu).
Izzah : sokor ! makane gak usah
kabeh-kabeh dieloki!
Aku : asem bocah iki, dicurhati malah
nyokorno (ing jero batin).
Ing
dina selanjute ana maneh kedadean sing ana 2 kegiatan tempuk. Pas dina iku ana
kegiatan OSIS sing ora bisa tak tinggal amerga iku aku izin ora melu latihan
futsal. Pas ketemu salah siji arek sing melu futsal, aku diceramahi
ntek-ntekan.
Nanda : wingi nengdi kok gak latihan ?
Aku : ana kegiatan OSIS.
Nanda : lah lah OSIS maneh ! turnamen
wes kate mulai , lek gak iso latihan gak usah melu turnamen wae ! (nada rodok
nesu).
Wiwit
kedadean iku aku rodok khawatir, rasa bingung, was-was campur dadi siji. Sempet
aku mikir kate ngeculno OSIS lan curhat karo pengurus liyane.
Aku : koyone aku gak iso melu gabung
neng OSIS maneh.
Tania : ora segampang kui! Ana apa ?
Aku : aku sek pengen ngrintis opo sing
tak senengi, utamane babagan olahraga.
Emil : ojo egois. Mergo kesenengan mosok
meh ucul tanggung jawab. Nek ana masalah crita nang kene dirembug
bareng-bareng. Eleng awak e dewe ki keluarga!
Abot
banget rasane. Aku ora pengen ngerusak kepercayaan tapi aku uga pengen nekuni
bakat sing ana ing awakku. Pas ing omah aku ngomong nang ibukku.
Aku : buk, yen kudu salah siji kegiatan
ku tak culno. Aku kudu ngeculno sing pundi?
Ibuk : sing nglakoni kuwi awakmu, duduk
ibuk.
Aku : bingung aku buk (rodok murung)
Ibuk : pilihen sing sekirane awak mu gak nduwe beban pas nglakoni kegiatanmu.
Amarga yen nglakoni enek peksoan kui ora bisa tulus soko ati. Takon o ing atimu
sing paling jeru nduk.
Aku
tetep nglakoni sing biasane tak lakoni. Soyo suwe aku ora bisa fokus ing kabeh
kegiatanku. Aku wis ora nate melu latihan jujitsu, kadang ngroso males teko ing
forum e OSIS. Kabeh dadi semwrawut. Pernah pas wayah sadurunge turu, aku mikir
sampek banyu mata mili ing pipiku.
Aku : aku ora iso koyo ngene terus! Kudu
semangat (ujarku sadurunge meremke mripat)
Ing dina-dina
mlebu sekolah aku ketemu bu Yeni. Bu Yeni iku salah siji guru olahraga ing SMK
NEGERI 1 NGAWI.
Bu Yeni : kok gak nate latihan atletik
nduk?
Aku : kula bingung bagi waktu bu.
Latihan atletik niku bareng kaleh latihan jujitsu.
Bu Yeni : eman-eman nduk, yen atletikmu
ora diterusno. Pengalamanmu lomba ing sd, smp kudune iso kok terusne ing smk.
Aku : nggeh bu yeni..
Pas aku ing
omah, aku mikirno nasehate bu yeni.
Aku : yen tak pikir-pikir, bener pisan
sing di dawuhi bu yeni. Atletikku kudu tak lanjutno. Itung-itung bisa nambah
ketahanan fisik ing futsal ku barang.
Awit
dina iku, aku iso luwih fokus ing kegiatan-kegiatan ku. Aku bisa nglakoni
hal-hal sing tak senengi tanpa ngeculno tanggungjawab lan kepercayaan sing wis
dipasrahno nang aku. Kabeh impian ku tak tulis ing sawijining kertas.
Alhamdulillah wis bisa nyoret impian-impian cilik sing wis bisa tak wujudne.
Ojo wedi gae gebrakan. Ora perlu sangar ing kabeh bidang. Cukup tekuni bakat
sing wis diparingi gusti.
______________________________________________________________________
APES
Dening
: Fatrah Ahmad Putra (23)
Dino iki dino sg penting banget kanggo Dede, Didi
lan Dodo. Amergo dino iki cah telo kui bakal dadi cah SMK ning SMK Negeri 1
Ngawi. Cah telu kui mau wes janjian budal bareng isuk isuk banget amergo wes
gak sabar arep teko ning sekolah anyar e. Jam setengah 6 Didi karo Dodo wes
teko ning nggon kumpul, tapi Dede ra ndang teko, ditelpon, di SMS, di WA, di
chat yo ora enek saurane. Cah loro mau banjur ngenteni Dede teko sampe jam
6.15.
“Ki
Dede kok ra ndang teko jane wonge jek ngorok po piye, Do?” Pitakonan Didi.
“Lha
aku yo gak ruh, ditelpon yo gak diangkat kok.” Dodo nyauri.
“Budal
sek ae po piye, Do?”
“Yowes
ayo budal sek ae, ngko lak yo petuk ning sekolah.”
Cah
loro kui langsung budal disik, pas ning tengah dalan Dodo ngerti motor e Dede
soko spion sing banter banget sampe nyelip cah loro kui.
“Cah!
Ndang ayo cepet ngko telat!!” Dede bengok ning kanca kancane.
Didi
karo Dodo yo manut ae numpak banter ning dalan. Sampe tengah dalan apes e cah 3
kui kenek tilangan.
“Le,
kok numpak mu banter men, aku duduhi KTP karo SIM mu!’ Omonge pak Polisi sing
nyegat cah 3 kui.
“Kula
dereng gadah pak, kula nembe umur 15 dereng saget ndamel KTP kaleh SIM” Saurane
Dede.
“Lha
nek durung duwe SIM kok awakmu wes wani numpak motor le? Pak Polisi takok meneh.
“Lha
pripun pak, griya kula tebih eg pak, nopo bapak purun ngeterke kula menyang
sekolahan?” Saut Dede
“Lha
bapak mu wi opo gak iso ngeterke to le?
“Bapak
kula merdamel ten Surabaya, pak.”
“Lha
ibu mu yo gak iso?”
“Bapak
niki sakjane Polisi nopo Wartawan to pak, kok tanglet terus?”
“Aku
yo polisi to le, mosok yo enek wartawan sing nilang wong.”
“Owalah,
kula kinten bapak niku Wartawan, ibu kula jam 5 sampun budal menyang sawah pak”
“Yowis,
amergo kowe rung duwe SIM dadi kowe saiki tak tilang, jaminan e STNK yo le.”
Polisi
kui banjur nulis surat tilang kanggo Dede, Dede yo mung iso pasrah amergo
ditilang karo polisi.
“Ki
le surat tilange, sesok tanggal 23 sidang ning Pengadilan Negeri Ngawi yo le.”
“Nggih
pak.”
Bar
ditilang cah telu kui langsung lanjut budal ning sekolah sing jarak e wis ora
adoh soko nggon tilangan mau. Nanging apes e meneh cah telu kui mau telat teko
ning sekolah lan upacara ne wis awit.
“Cah
iki wes jam 7.15.” Didi ngandani kancane karo delok jam tangan e.
“Walah
marai ndadak ketilang barang.” Saurane Dede.
“Kowe
marai dienteni yo suwi ra ndang teko teko, De!” Saut Dodo.
“Aku
ngke jam 6 lagek tangi cah, hehe.” Saut Dede karo guya guyu
“Wooo….
Dasar kebo!!” saut Dodo karo Didi bebarengan.
Cah
telu mau banjur ngenteni upacara bar lagek gerbang e dibuka karo pak Satpam.
“Kok
telat nyapo, le?” Takok pak Satpam.
“Anu
pak, kenek tilangan.” Dede nyauri.
“Lha
opo durung duwe SIM to, le?”
“Dereng
pak, nembe umur 15 sedoyo” Saurane Didi.
“Oalah
le.. le.. yowes amergo kowe kabeh telat, saiki resiki toilet ning cedak e ruang
guru, nek wes bar ngomongo ning aku ngko tak terne ning kelasmu.”
“Nggih
pak.”
Cah
telu kui langsung ngresiki toilet sing ana ning sebelah ruang guru sampe resik.
“Alhamdulillah,
wis bar.”
“Weee
ladala… wes jam 8 cah iki.”
“He?
Mosok to? Yowes ayo ndang laporan ning Satpam.”
Cah
telu kui langsung cepet-cepet golek i pak Satpam. Nanging pak Satpam ra enek
ning pos Satpam, amergo bingung cah 3 kui mencar goleki pak Satpam mubengi
sekolahan. Pas cah 3 kui kumpul neh, gak enek sing petuk pak Satpam, trus enek
sing nyeluk soko arah kantin.
“Le,
reneo le!!’
Pas
cah telu kui mengo, bakno pak Satpam lagi ngopi ning kantin.
“Goleki
aku to le? Aku bar sarapan mau, yowis ayo tak terne ning kelasmu.”
Akhir
e cah telu kui iso mlebu kelas, masio disin-isin disik amergo telat ning dino
kepisan mlebu sekolah, cah telu mau kelas e podo, dadi podo-podo isin e mergo
sing ngisin-isin yo guru karo kanca ne sing ana ning kelas kui. Bar kui kabeh
normal, cah wi sinau ning kelas bareng, mangan ning kantin bareng, diseneni
bareng, garap PR bareng, olahraga yo bareng, diulang bu Antik yo bareng, sinau
Basa Jawa yo bareng, bayar SPP yo bareng, kabeh bareng pokoke.
______________________________________________________________________
Boneka Rain
Dening : Febrian Miftakhul H (24)
Wis
suwe aku mikir babagan iki.
Jane
ana sabagean awakku sing nganggep boneka Rain iku medeni. Rumangsa kayata ora
mbungahi yang pas dicedhaki, meksa aku supaya tansah jaga jarak slamet saka
dolanan kriya iku. Sanajan katon gemes lan nyaman nalika digawa Rain, lan
sanajan aku ana pengarepan supaya dadi boneka (sing digendong) Rain, nggegirisi
iki tetep ora ilang.
Mungkin
iki sisi paranoid sing tukul sawise cedhak karo Rain saya suwe. Bocah iku
gampang weden lan mbayangna babagan perihal kang medeni minangka bagean uripe.
Sing paling takkarepne yaiku supaya Rain nduweni prasangka luwih positig lan
yakin.
Merga
kuwi awak dhewe mbahas iku saiki.
Papan
iki ora kebak pelanggan amarga kuliah sore bubar dhisik. Awak dhewe sepakat
kumpul ing panggon biasa, tanpa sadar topik iki takomong.
“Rain
nggarai kowe wedi?” Eri ngulum sedhotan pas ngomong.
Ana
presepsi keliiru saka kesimpulane Eri.
“Gak...
Bonekane kerasa aneh, mungkin iso diomong ‘mistis’?”
Swara
nyedot Eri krungu banter kayata kanggo ndelikna geguyu. Jelas aku weruh nganti
nekuk bibir tanda ora seneng.
“Gak
biasane we kuwatir marang babagan supernatural, batukmu ra kethuhuk, ta, Rik?”
Kina banjur ngomong nganggo ekspresi mesakne. Rumangsa iku ora biasa saka
dheweke.
“Mungkin
cuma pamikiran saklebat, aku ra ngerasa ana gangguan luwih saka ngangen-angen,
nanging jelas ana sing ora beres ing omah.”
“Misale?”
“Rain arang ngomong karo aku.”
Ngguyune
Eri saya mbludhak ngakak, lan saiki Kina melu-melu cekikikan.
“Apa
sing lucu?”
“Lah...
tibakna pawedene mas lanang... Oke, oke... kowe ra iso ucul saka fanatismemu
marang adhimu dhewe. Kanggo awak dhewe (Kina lan Eri) iku ngageti wayah kowe
ngomong kuwi karo pangrasa sing ‘wah!’
ngonowi.” Eri manggut-manggut banjur
ngetokne ambegan sing magep-magep.
Aku tenan tersirat ngukara pasal secedhak apa
aku karo adhik dulur. Kina sadar marang kuwi, yaiku ukuran cedhake aku karo
Rain luwih saka aku karo Kina. Ora arang Kina ngerasa aku manjakna banget si
Rain, lan iki ndadekna pangrasa cemburu pasif saka Kina tanpa sadar. Tapi
akhir-akhir iki dhweke mulai toleran marang tabiat sayangku marang Rain.
Mungkin merga kuwi pisan dheweke melu ngguyu.
Kina
mbenahi topik sing mulai mlenceng.
“Tapi
Rik, kowe katon kuatir banget. Apa iki masalah?”
“Bener.
Rain mestine duwe masalah dhewe, nanging, babagan nggawe hubungan rubahe
tindak-tanduk Rain karo boneka iku jelas kebangeten.”
Boneka
beruang iku prantara Rain karo Bapake. Yen aku nduwe kaputusan nggo nolak
bonekane, berarti aku nduweni maksud ala marang hadiah saka wong sing paling
penting nggo Rain. Sipat iku mula dadi sing paling wegah dakrasa.
“Piye
yen ngobrol karo Rain? Aku uga pengen weruh bonekane!” Eri nduding aku saka
sisi liya meja.
“Apa sing pengin koklakoni?”
“Nyilih
sedhiluk boneka iku, nggo iseng. Asal we ngerti, ak butuh contoh potret tema
bebas sing paling ora iso nyulik konsumen. Survei pungkasan menehi bukti,
babakan pasal crita miseteri akeh gawe reaksi saka wong-wong.”
Rada
males takon babagan ning endi survei iku digelar. Amarga ana kondisi sing
nggarai Eri kayata kobongan jenggot, aku milih ngiyakna sarane tanpa nentang.
16.30
Aku
ora turu ning omah dhewe, sawise pindah saka Semarang menyang kene gawe kuliah,
aku entuk tawaran numpang ing nggone Tante Zuliha. Mesti ana sing mikir saomah
karo sedulur sing suwe ra ketemu iku kabejonan. Nanging bagiku, wulan pisanan
kerasa kayata mangsa ta’aruf sing dowo marang calon pengantin. Angel banget
mbiasakake awak karo sikap Rain sing rada ngadohi aku. Banjur sawetara wektu,
Rain mulai mbukak sikape.
Saiki,
Rain mbalik maneh dadi katutup kaya biyen.
Omah
iki semacem kilangan kenangan pas dileboni, katon prasaja nanging ungkep.
Nangin Eri malah komentar kayata nepis pamikiran mau.
“Uwaaahh...
panggonan iki cukup nyaman, aku pengin duwe sofa kaya sing ning ruang tamumu!”
Sanajan
teknisi iki dudu nggonanku, nangin ukara iku dakredem ning jero ati.
“Riki,
aku ra iso nolak tansah dolan mrene lan ngajak Rain jalan-jalan mengko!”
“Kayake
becik.”
Paling
Eri wong sing cocok nggo nggawe Rain dadi luwih antusias.
Sawise
munggah tangga, dheweke teka ing lorong lantai loro. Minangka adohe sepuluh
jangkah saka pasuryan tangga yaiku kamar Rain ing sisih kiwo, lan kamarku ing
pungkasan lorong. Aku ndhodhok lawang sing kiwo, Rain nglirik saka bolongan
lawang sing kabuka saithik banjur ndelok aku nganggo mripat bingung.
“Ya?”
jarene.
“Kanca-kancaku—wadon
loro iki, dheweke entuk nyilih bonekamu sedhiluk? Anu, nggur didelok, ora ana
macem-macem.”
Rain
katon mbatin sakejap, banjur manthuk alon lan mbukak banter lawange tanpa
komentar.
Ing
jero kamar ana barang-barang sing nuansane nyenengake, padha karo sing
dakelingi dhisik. Rain iku seneng kerapian lan kaindahan. Sanajan wis 17 tahun,
dheweke isih seneng karo barang lucu lan lembut. Mestine boneka saka bapake
dadi sing paling becik saka sawetara barang in jero kene. Malah aku tau menehi
dheweke baret biru nom, padahal Rain seneng werna pink.
Aku
sing mlebu kamar pungkasan dhewe. Ujug-ujug Rain mbatek jaketku lan bisik-bisik
rada banter.
“Nyapo nggowo Eri mrene?”
“Eh?
Gak oleh, ta?”
Rain
nggur mingkem nggo jawabane. Dheweke mencep lan nguwalik rai sing nggambarna
ekspresi masa bodo. Aku gawe Rain mutung.
Boneka
sing dakomong ana ing sisih tengah amben Rain, nyulok bangen kanthi angel
dilewatke saka pandelengan. Eri njupuk antusias kayata wis paham maksude.
Dheweke mbengok, “Imut!” banjur nggawa barang iku menyang tengah kamar.
Ing
jero ruangan akeh sing dibahas marang awak dhewe lan sawetara kedadeyan misal
crita horor lan crita sekolah Rain (sing asline ra pengin dicritakne dheweke).
Hubunganku karo Rain oran dadi sanjlimet iku sawise ngerti babagan iki. Nggur
butuh wektu sing pas dienggo ngomong, mbahas, lan ora delikna sembarang perihal
merga rumangsa wedi. Rain dhewe, sajane bocah wadon sing nyenengake.
Kesimpulan
sing bisa kuundut yaiki, awak dhewe nggur butuh saithik wektu bareng sapadha
dulur adoh.
Pada
karo sing dakomong sadurunge, boneka iku tetep aneh.
Atas
dasar itu ibu Rain tak mempermasalahkan untukku tinggal dan menemani Rain.
Walau tidak ditunjukkan, beliau tetap cemas mengenai Rain. Sekarang, rumah
berada dalam kekuasaanku hingga esok.
18.07
Sawise
ngeterna Kina mulih, dina ganti peteng.
Dina
iki tante kudu budhal menyang reuni SMA-ne. Aku uga ora akeh kerjaan banget,
dadi becik yen ngeterna Tante Zuliha nganggo sepeda montor, nanging Rain nolak.
Ada saukara sing diomong ning aku kaya wengi biasane.
“Aku
wedi dhewe.”
Merga
iku ibu Rain gak gawe ruwet nggo aku lan nitip Rain. Sanajan ora katon, tante
mesti kuatir marang Rain. Saiki, omah wis ana ing kwasaku nganthi sesuk.
22.00
Ana
saklebat ukara saka Rain sing nggarai aku rada kepikiran. Rada awang, tapi
jelas iku nggarai aku bingung.
“We
yakin ndelok dhe’e (boneka itu) tenanan?”
Jelas,
aku ra iso nangkep maksude.
Dina
iki ada sing pengin dakjajal.
Paling
rada’ gak lazim merga sawetara awak dhewe ora pernah mbahas metode nggo nantang
sawijining perihal ing njaba logika.
Alon-alon
aku mlebu kamar Rain lan njupuk bonekane pas turu. Beruang gedhe pink ing wulu
akeh arupa kemul, tanganku ngrasa ora ana sing janggal saka boneka iki.
Ruangan
tengah krasa hawane kaku, ora ana wong, banjur cahyane kurang. Dakpikir, yen
iki dudu aku, mesti wis ana pangrasa pengin mandhek lan ora nglanjutne maneh.
Boneka
beruang kuletakkan menyandar di sisi dinding terjauh dari ruang persegi
tersebut. Sedangkan aku duduk di sisi terjauh berseberangan dengan boneka. Aku
bersila menghadap dinding. Jarak kami sekitar 6 langkah, namun itu terasa
singkat bagiku. Tidak ada seorangpun yang tahu perbuatanku, toh ini hanya
sedikit membuktikan kegelisahan seseorang.
Boneka
beruang dakdeleh nyender ing sisih tembok paling adoh saka ruangan persegi iki.
Banjur aku lingguh ing sisi sawalike boneka, sebrangane. Aku sila madep tembok.
Jarake sekitar 6 jangkah, naning rumangsa singkat nggo aku. Ora ana sapa sing
ngerti palakonanku, toh iki nggur saithik cara nggo gawe bukti kekuwatiran
sauwong.
Buktu
yen iku boneka biasa.
Suara
samar dengungan burung hantu membuatku merasa mual. Seperti aku ingin
meninggalkan tempat ini tapi dikalahkan oleh rasa penasaran.
Swara
awang mandengung manuk wengi nggawe aku krasa mukok. Kayak aku pengin ndang
ngalih sangka papan iki, nanging dikalahna rasa penasaran sing gedhe.
Kayake
rada angel ndelengi barang sebab ruangan ora pati padhang. Ana pamikiran nggo
ngekakna lampu sing cukup akeh naning ra daklakoni. Aku ngangkat kaca cilik sing
ada ing dhuwur sofa kiwoku. Gelagepan aku ngatur supaya ayang-ayang ing
ngguriku ketangkep.
Manut
saka bayangan cermin rias, boneka Rain katon mblayu marani aku.
______________________________________________________________________
Bocah kang Ora Bakal Kelangan Semangat
Dening : Fikri Fauzi (25)
Ing
sawijining saat ana bocah wadon sing manggon karo mbah kakung lan mbah utine
ana ing gubuk reyot ing pinggire alas. Bocah kuwi nduweni asma Rahma.
Ing
sawijining dina Rahma lagi dolanan karo kancane ana ing lapangan. Moro-moro
mbah kakunge Rahma teka lan nyusul Rahma,
karo ngomong “Nduk ayo kondur mesakke mbah uti lara nang omah”. Rahma langsung kaget lan muleh karo mbah
kakunge tanpo pamitan marang kancane. Satekane marang omah Rahma nakoki mbah
utine, “Mbah, mbah sakit nopo?” takone Rahma. “Ora nduk, mbah ora lara opo-opo”
wangsul mbah utine.
Ing nggone
ruang tamu mbah kakung lagi ngelu sirahe amarga mikir, piye carane nggowo mbah
uti menyang dokter, padahal mbah kakung ora duwe duwit sing cukup gawe ngobatno
mbah uti. Duwit seng diduweni mbah kakung mung anggone dodol kayu bakar lan iku
mung iso digawe mangan bendinane wae.
Rahma
marani mbah kakunge sing lagi ngelu mikir carane nggowo mbah utine menyang
dokter. “Mbah monggo kulo rewangi nyambut gawe damel tambahan nambakake mbah
uti”. “Piye maneh nduk anggonku nggolek duwit maneh, panggaweyan saiki angel
golekane” wangsul mbah kakung. “Pun ngenten mawon mbah, ten wingkinge griya lak
wonten wit telo, niku saget didamel panganan, terus ten pinggire griya nggeh
wonten wit gedhang, lha niku nggeh saget didamel panganan mbah”. “Lha terus
piye nggawene nduk mbah iki ora iso masake” pitakon mbah kakung. “Ngenten mawon
mbah, engken panjenengan pados bahane ben isuk engken kulo mawon sing masak,
soale kulo riyen nggeh diulangi mbah uti masak ngangge bahan niku wau” wangsul
Rahma. Saben isuk mbah kakung golek bahan telo lan gedhang ing sak kliterane
omah lan saben isuk Rahma masak lan dodolan jajan mubeng desa.
Ing
sawijining dina, pas Rahma lagi dodolan mubeng desa, ana wong tuku panganane
Rahma, wong iku mau tuku karo takon-takon menyang Rahma. “Sampeyan dikongkon
sopo nduk dodolan ngene iki?”. “Kulo dodolan piyambak bu damel nambakake mbah kulo”
wangsul Rahma. “Lha wong tuane sampeyan ana ngendi nduk kok sampeyan sing
dodol?”. “Kulo ket cilik manggon kaliyan mbah kakung lan mbah uti kulo”. “Oalah
nduk nduk, lha ngene iki sampeyan nggawe dewe ta?”. “Nggeh bu, dos pundi
rasane?”. “Enak nduk, ngene piye lak sampeyan mene dodolan ning tokoku wae,
sampeyan nggowoo dodolane sampeyan gak popo mengko sampeyan yo ngewangi ibuk
ngedol dagangane ibuk ing tokone ibuk, mengko penghasilane sampeyan iso tambah
akeh, lek gelem iki jeneng lan alamate ibuk, lha iku jenenge ibuk Bu Endah
jeneng sampeyan sopo?”. “Rahma bu” wangsul Rahma. Ora kakehan mikir Rahma gelem
kerjo ing tokone ibuk mau lan menene langsung budal marang tokone ibuk mau sing
wis dikeki alamate mau.”
Dina
menene Rahma budal kerjo karo semangat wong sing seneng atine. Sesampeke teka
tokone Bu Endah, Rahma langsung kerjo sing giyat soale dheweke pingin nggolekne
dhuwit mbah utine kanggo nombo. Dina sabtu dina sing nyenengake atine Rahma
amarga sorene dheweke oleh bayaran saka kerjone seminggu kanggo nambakake mbah
utine sing lagi sakit. Sawise oleh bayaran Rahma langsung muleh karo seneng
atine. Sesampeke tekan omah Rahma bingung amarga ing omahe rame akeh wong.
Rahma takon marang salah sijine wong. “Bu, wonten nopo iki?, kok griya kulo
rame sanget?”.” Nduk seng sabar wae yo mbah uti wis tenang ana sisihe Gusti
ALLAH SWT” wangsul ibu iku mau. Rahma mung meneng nratapi nasib sing nimpa
dheweke lan kaluargane. Sak wulan wes diliwati Rahma, dheweke nyoba maneh golek
dhuwit kanggo celengan masa depane. Tibane Rahma isih oleh nyambut gawe ing
trokone bu Endah, tapi saiki Rahma iso nyambut gawe karo sekolah dadi Rahma
mung dodol awan mulih sekolah sampek sore sakdurunge maghrib. Soale saiki Rahma
iso nambahi penghasilane mbahne gawe bondo sekolah.
______________________________________________________________________
Rasa Kang Kapendem
Dening : Hervianti Errina Margarani (26)
Ing
sawijining dino ana bocah seng lagi lungguh karo ngalamun neng kelas. Bocah kuwi yaiku
Rara. Rara lagi mikir piye carane ngebarake masalah seng lagi ngrusohi
pikirane. Dheweke bingung amarga lagi kasmaran. Rara nyenengi bocah lanang seng
terkenal neng sekolahe, Varo. Praupane Varo pancen bagus, lan menunjang
sekabehane. Nanging dheweke kalebu bocah seng nakal, seneng bolosan.
" Ra! Nyapo to awakmu kok ngalamun terus? Coba cerito kene neng aku,"
Fitri ngageti Rara banjur lungguh neng sandinge Rara.
" Healah Fit, kowe ki ngageti aku wae, ora nyapo nyapo kok Fit,".
Saurane Rara.
" Ra, aku ki kanca cedhakmu lho, mosok kowe ra gelem cerita neng
aku,".
" Yowes yowes aku tak cerita,".
Rara banjur nyeritakake opo seng dialami marang Fitri.
" Healah, tibakne kowe lagi kasmaran to Ra?" Saut Fitri karo
cekikikan.
" Ojo ngonowi to Fit," saurane rara karo ngempet isin.
" Yowes lah ra po po Ra jenenge cah enom mesti seng jenenge kasmaran," saut Fitri karo
ngos-ngosan amarga guyu.
" Tapi Fit....."
" Enek opo Ra kok kowe maleh mrengut?" Takon Fitri.
" Varo wes due pacar, gek yo pacare ki cah hits ngono kae, diincer
lanangan akeh," sauran Rara putus asa.
" Healah Ra, yo seng sabar ya seng jenenge jodoh ki ra bakalan neng endi endi.
Oh iyo awakmu wes nyoba ngomong neng Varo durung, nek awakme seneng
wonge?"
" Uwes Fit nanging pas kuwi aku ditolak lan dielek-elek banjur
dibanding-bandingne karo pacare kuwi," saurane Rara karo masang wajah seng
sedih.
" Loh, emang pacare ki sopo to Ra kok sampek dibanding-bandingne?"
" Lita neh Fit,"
" Lita Ra? Ealah lha wong wedokan koyok ngono wae dibangga-banggake. Si
Lita opo ayu sih Ra, lawong sekolah kok koyok arep nyanyi neng gone wong mantu
wae, luwih mending kowe seng ayune ki natural wong yo bedo adoh ngono
kok," saut Fitri sewot.
" Heh kowe iki Fit kok malah sewot,"
" Lah tarah yo nyatane ngono lho Ra, tibang Lita yo mending awakmu sak
pole to, lagian ya Lita kae gor menang hits,"
" Uwes lah Fit, sekarepe cah kae wae, seng penting aku wes nyoba ngomong
neng Varo yen aku ndue rasa neng Dheweke."
" Sing sabar ya Ra, lagian sek akeh kok lanangan liyo seng luwih apik lan
luwih bagus seko Varo," Fitri nenangke Rara.
" Iyo Fit, suwun ya wes gelem dadi kanca cedhak lan kanca curhatku,"
" Halah Ra Ra koyo karo sopo wae kowe ki,"
Bocah loro kuwi banjur guyon cekikikan, lan ora sadar yen enek wong seng
ngingeti bocah loro kuwi kanthi sawangan nyesek,
" Sepurane Ra, sak jane aku yo ndue rasa marang awakmu, nanging yo piye
maneh, kabeh iki gegoro Lita seng ngancem aku arep nyelakani kowe yen aku gak
nuruti karepe dheke," omong Varo kang irih. Banjur Varo ninggalke Rara
karo Fitri seng isek guyonan kuwi.
____________________________________________________________________
Ora Ngira
Dening : Ihda Setyaning K (27)
Rembulan
wis njudul ing sakduwure Icha lan kanca-kancane. Ing plataran amba iki Icha lan
2 kancane lagi mikirno piye uripe sakbanjure lulus SMA.
“Arepe kuliah ndek ndi Ka?” takone Icha marang Tika.
“Kepengenku sih ndek UNY, lha kowe-kowe kepiye?” takonne
Tika.
“Aku ya arepe kuliah tapi ndek Magelang wae” jawabe
Shinta.
“Alah paling ya emoh adoh saka mas-mas taruna kae, ya
ta?” takone Tika.
“Ngerti wae ndak an. Aku kok nduwe kepinginan dadi pacare
taruna” jawabe Shinta.
“Mesti bungah terus atine nek dadi pacare taruna” tambahe
Tika.
“Heh!! Lha kok malah padha bahas taruna ki piye to? Lagi
bahas panggon kuliah kok malah pengen dadi pacare taruna, leh mimpi ojo
duwur-duwur rek” omonge Icha.
“Apa salahe to Cha, kan cuman ngangen-angen. Kowe ngono
gampang seumpama arepe oleh pacar taruna” takone Shinta.
“Aku iki ora tertarik blas perkara karo taruna-taruna
ngono kuwi. Ora kepikiran masalah ngono kuwi rek” omonge Icha.
“Ojo ngono Cha, mengko nek malah kedadean ning uripmu
piye? Kowe sing gk pernah gelem bahas taruna jebule malah dipacari taruna,
dirabi pisan” wangsule Tika.
“Karepmu lah rek” jawabe Icha karo mlebu omah.
Aisyah utawa
kerep dijeluk Icha iku nduweni tanggepan liya marang taruna-taruna sing dipuji
karo kancane. Dhewekke ora pernah gelem diajak bahas taruna-taruna, amarga
dhewekke ora tertarik marang kauripanne taruna. Awit saka kelas 1 SMA nganti
kelas 3 SMA, kanca-kancane mesti bahas masalah taruna-taruna awit saka sing
durung nduwe pacar nganti sing wes nduwe pacar ora luput saka bahasanne Shinta
lan Tika.
Icha ora
masalah yen kanca-kancane kaya ngono kuwi, Icha wes biasa karo masalah ngono
kuwi, amarga dhewekke lair, urip lan digedhekne ing lingkungan militer kang
anaing Magelang.
Bapak lan Kangmas
e Icha iku tentara, tapi beda matra. Bapak e tentara angkatan darat kang dadi
pejabat penting ning Akademi Militer. Kangmas e Icha tentara angkatan udara
kang saiki tugas menyang Yogyakarta.
“Dek, lulus sekolah ora pengen daftar mlebu angkatan?”
takone Bapake marang Icha.
“Mboten ngertos pak. Kulo pengen kulisah kemawon” jawabe
Icha.
“Oalah..ndek ngendi pengenmu dek?” takone bapake.
“Dhateng UGM pak” jawabe Icha.
“Iyo dek, bapak lan ibu mung bisa dedunga supaya
kekarepanmu kawujud” ujare ibu e Icha.
“Nggih sampun, kulo dhateng ngajeng malih” omonge Icha.
“Iyo dek”.
Nalikane Icha metu saka omah,
kanca-kancane isih padha bahas taruna-taruna. Icha sing krungu mung iso mesem
karo gedheg.
“Oalah yahana yahene sing dibahas kok taruna wae, gak
kesel to?” takone Icha.
“Yo ben to Cha, marai atiku bungah” wangsule Shinta.
“Wes lah karepmu rek”.
“Cha, kangmasmu ora muleh to?” takone Tika.
“Ngopo emang? Nek wayah cedhak-cedhak iki ora koyokke”
jawabe Icha.
“Healah, gak ngopo-ngopo kok, cuman takon wae” jawabe Icha.
“Ngomong wae ngopo sih Ka, nek kowe seneng marang Mas
Afrizal, kangmase Icha” omonge Shinta.
“Heh...aja ngunu kuwi to” jawabe Tika.
“Oalah we seneng marang mas Ijal to? Ya mengko tak
omongne” ujare Icha.
Ulangan-ulangan
sekolah wis dilewati dening bocah-bocah kelas 3 SMA. Icha lan 2 kancane uga wis
mantep menyang ngendi anggone kuliah. Icha lan 2 kancane padha kuliah ndek UGM.
Arek telu iku mau ora ngiro yen dadi siji panggon kuliah.
Shinta
lan Tika wis ora bahas perkara taruna maneh, tapi saiki gantian Icha kang
kajiret rasa marang taruna. Kedadean iki kawiwitan wayah Icha dijak bapake
menyang Akmil. Saka kedadean kuwi, Icha kenal karo salah siji taruna tingkat 2
kang pawakane gagah pideksa.
Wayah
Icha wis semester 4, dheweke dijak menyang acarane taruna. Icha diajak Yudha,
taruna sing kasil njiret Icha marang kauripan taruna. Awit saka dijak menyang
acarane taruna kuwi mau, Icha lan Yudha tambah iso pangerten marang awake
dewe-dewe. Icha ngerteni yen dadi pacare taruna iku ora iso bola-bali njaluk ketemu.
Bocah loro kuwi namung bisa ketemu yen Yudha lagi ana jadwal pesiar, cuti saka
pendidikan.
Ora
kerasa wektu lumaku cepet banget. Icha wis arepe diwisuda dadi sarjana, lan ora
adoh wektu kuwi, sakdurunge Icha diwisuda, Yudha, pacare uga wis lulus saka
pendidikanne. Kisahe Icha lan Yudha ora mandhek teko sakmene.
“Dek, aku arepe ngomong”
“Ngomong wae bang” ujare Icha marang Yudha.
“We gelem gak ngenteni aku 2 taun maneh?” takonne Yudha.
“Ngenteni? Lha opo wayah iki aku ora ngenteni sampean to
bang?”
“Ora ngunu dek, sing tak maksud ki aku pengen luwih
serius marang kowe. Aku emoh yen kowe cuman nunggu aku wae sing gak enek
kejelasanne” jawabe Yudha.
“Ishh...langsung ning intine wae, gak usah muter-muter
anggone omong bang”
“Cha..kowe gelem ora dadi genepe agamaku?” takone Yudha.
“Ha?..maksudmu nganu?”
“Iyo, gelem ora kowe dadi bojoku?”
“Weladalaa...kok cepet to bang?”
“Ora wayah saiki langsung dek, wayah iki kowe tak lamar
disik, mengko wayah aku wes bar 2 taun tugas aku bakal mara menyang omahmu
nggawa kaluwargaku kanggo nembung awakmu dek” omonge Yudha.
“Aamiin Ya Allah, iyo bang, aku bakal ngenteni awakmu
nganti bar tugas 2 taun” jawabe Icha.
Icha
ora pernah nduweni pikiran yen dhewekke bakal dipinang dening anggota TNI.
Mbiyen dhewekke amung nduweni pamikiran yang sing bakal nduwe hubungan asmara
karo tentara kuwi Tika utawa Shinta, ora ngira malah dhewekke dhewe.
Cekap
semanten cerita cekak kang kula tulis. Menawi wonten klentunipun anggone nulis
nyuwun pangapunten.
____________________________________________________________________
Lomba Bal-balan
Dening
: Ilham Jaya Fahamsyah (28)
Bel muleh
sekolah wes muni Aku kambek pendik muleh bareng koyok biasane,mergo omahku
kambek omahe pendik cedak sekolah dadi budal muleh sekolah mlaku bareng “Ham piye iki telung dino maneh lomba
bal-balane wes awet” kandane pendik neng aku. “Hayo piye ?yo latihan to ben iso
menang!” Jawabku. “Terus kapan awake dewe latihane kambek konco-konco ?” takone
pendik. “Piye nek mengko sore wae mumpung sesok dino minggu ?” Jawabku marang
pendik. “Wah sip kuwi yo mengko cah-cah tak kabarane” omonge pendik. Sorene Aku
moro neng lapangan ,aku lingak linguk “kok gak enek uwong !, Jare bocah-bocah
ameh latihan' gak kurang akal akhire tak tinggal jajan pentol disek sing bakul
cedek lapangan .
Pas lagi tuku
pentol tibake bocah-bocah malah teko langsung ngajak latihan “lheh sek sek
pentolku piye ?” takonku . “ halah tinggal wae deleh disek wengko mangan disek
malah wetengmu sunduk'en '. Jawabane bocah-bocah .Yowes aku akhire latihan
,posisiku pas balbalan yoiku kiper sing tugase tunggu gawang .”Ayo tim e dibagi
loro disek ! “ omonge salas, Salas kuwi striker neng tim bal-balanku. “Aku
bolone paijo nek gak bolone paijo aku wegah maen” saurane Bayu, nah nek bayu
kambek paijo kuwi sing njogo garis pertahanan . “sek sek iki kan cumak wong pitu
, piye nek ameh mbagi loro mosok telu setengah telu setengah kan gak mungkin “
saurane Erik, Erik biasane dadi gelandang biasane salas nyeluke gelandangan .
“Oh iyo bener rik” saurane bocah-bocah bareng .
“Piye nek gawange digawe cilik cumak sak langkah ngko lapangane cilik wae “. Usule
Duta, Duta kuwi gelandang wonge gak ndue kesel sak lapangan bale digiring dewe
. “yowes ngono ae ayo digawe” saurane firman, Firman kuwi striker ,tapi
strikere gak gelem mundur senengane neng ngarep gawang ,gawange musuh. Akhire
gawange kambek gsrise wes bsr digawe Mergo wonge ganjil dadi sing maen gantian,
Aku,bayu,salas sak tim Erik,Firman,Duta neng tim liyane .
Akhire bal-balane diawiti mergo gawange cilik
dadi angel ameh ngegoalne. Terus maen akhire Erik kesel njalok ganti neng Pendik
. Wes suwe gak ngerti wayah tibak e wes ameh adzan magribh pas kuwi enek
jeglongan mergo wes rodok peteng aku gak ngerti akhire sikilku kejeglong “Aduuh
!!!, Sek sek mandek disek sikilku kejeglong “ aku njalok tulung neng
bocah-bocah mergo sikilku kroso loro . “Weh ayo ndang ditulungi” suarane Duta.
Akhire Aku dipapah kambek bocah bocah moro neng omahku.
Pas teko ndalan
aku eleng nek aku mau tuku pentol terus tak deleh neng andeng sendal “ eh Rik
pentolku keri !” takonku neng Erik . “Ogak,ogak keri kok pentolmu enek neng
kene tak gowo “ saurane Erik. “Lhah endi Rik gak enek ngono ?” jawabku . “Lhah
iki neng wetengku mau ki wes tak pangan pas aku njalok ganti hehehe” jawabe
Erik kambek ngguyu . “ Wo tarah yo putune Mbah Saimin polah persis mbahe wkwkwkwk
“ omonge Bayu kambek ngguyu ngakak . “wkwkwk yowes lah Rik koyok e we gak di openi
makmu sampek pentole wong ae mok pangan “ omongku maneh kambek ngguyu ngakak
bareng liyane .
“ eh eh disek terus lombane final kae piye ham
wong sikilmu kan loro gekyo lombane kurang 2 ndino maneh ? “ takone Pendik . “
Yo dongakne wae mergo cepet mari mugo-mugo sio melu tanding “ sauranku. “ Eh
njajal moro neng mbah sukinem jare iso mijeti wong kesleo “ usule Salas . “ Oh
yowes ngko bengi bar isya tulung parani aku ya las mrono bareng wae aku gak
ngerti dalan” sauranku . “Halah gak
ngerti dalan opo ameh pacaran ? Wkwkkw “ saurane Erik . “wkkwkw opo rono kambek
kowe ae rik tapi wengko pas neng ndalan tak cemplungke kali “ omongku neng Erik
. “ Yo gakpopo mengko tak parani neng omahmu adus sing wangi ya Ham ben tukang
pijete gak mambu ,kan ambumu gak enak wkwkwk “ saurane Salas .
Sakwese teko
omah bocah-bocah langsung muleh mergo wes bengi. Aku adus lan siap siap ameh
pijet gak lali aku njaluk duwit bapakku ngomong nek ameh gawe fotokopi soale
nek aku ngomong ameh gawe pijet sikilku mesti mengko aku gak diolehi melu lomba
. Bar kuwi Salas teko ngajak budal yowes akhire aku budal neng tukang pijet mau
.pas tekan kono sikilku dipijeti mergo rosone loro aku njerit , reflek tangane
Salas langsung nutup lambeku “ ojo bengak bengok dol “ omonge Salas neng aku.
Aku cumak mantuk mergo lambeku ditutupi. Wes bar pijet aku muleh ,tekan omah
aku turu . Sesok e sedino sak durunge final aku bingung mergo sikilku durung
mari akhire yowes lah aku pasrah ,gak maen neng final kambek konco-konco .
Dino terus
lanjut sampe bengi aku gak iso turu kepikuran piye sesok konco-koncoku . Sesok
isuk e koncoku kabeh marani aku “Ham Ilham ayo budal selak tandinge wes bar lho
“ omonge bocah-bocah bengak bengok neng ngarep omahku . “ heh ngonowi mbokyo
sing apik nek neng omahe uwong salam disek “ saurane bapakku. “oh nggeh pak
eheheheh Assalamualaikum “ Saurane cah-cah . “Walaikumsalam” jawabe bapak. “
Pak pamit riyen badhe tanding pak “ omongku neng bapak . “ yowes ati-ati ya
tandunge kudu menang “ jawabe bapak . “ oh nggeh pak “ saurane Erik . “lhah kok
malah sing nyauri kowe Rik ? Jawabe cah-cah bingung kabeh “ iyolah kan aku ngko
sing marai awake dewe ngko menang hehehehe “ .
Sakbare pamitan
aku budal ,tapi aku ngomong neng cah-cah nek aku gak iso maen mergo sikilku
ijek loro . “halah loro ngono tok ae alesan wewi ,ayolah we iso wong cumak
kiper kan kiper nggowo tangan “ saurane Firman . Akhire aku mercayakne neng
awakku nek aku iso meskio sikilku loro . Pas sampe neng lapangan aku eemet wedi
mergo musuhe gedhe-gedhe ,aku mbatin “ iki wonge ae gedhe ngene terus sadukane bantere
piye ? ,Iso-iso iki ngko muleh tambah tanganku sing keseleo “.
Pertandingan diawiti mergo iki cumak sepak
bola mini dadi pemaine cumak enek pitu terus lapangan yo gak sepiro gedhe . Pas
kepisan bale disaduk musuh neng gawangku aku sempet kaget soale sikilku rodok
angel diobahne ,tapi syukur bale iso tak cekel . Pertandingan terus lanjut sampe
babak loro ameh bar ogak enek sing iso ngegoalne . Erik nggiring bal neng
ngarep gawang pas ameh nyaduk sikile dijigal soko mburi akhire tim ku oleh
pinalti .pinalti disaduk kambek Salas lan goal . Kabeh seneng mergo goal kuwi
gak suwi akhire wektune wes entek lan timku juara .Aku gak nyongko nek iso
juara nergo aku mikire mesti aku ngko kegoalan akeh .Tapi mergo dukungan soko
bocah-bocah lan semangate tim sing aneh iki iso juara.
____________________________________________________________________
Sabar
Dening : Indita Aulia Ja’ani (29)
Ing
sawijining kutha, ana kaluwarga kang harmonis yaiku kaluwargane Bapak Galih.
Bapak Galih nduweni anak kang jenenge Atus kang sekolah ing SMK kang ana ing
kutha iku. Atus iku bocahe apik lan mesti dadi juara ing kelase, bahkan juara
sak sekolahan. Sawijining dino…
“Buk,
dinten niki kula badhe ulangan akhir semester ganjil. Kula nyuwun donga lan
restu panjenengan supayane kula saget ngerjakne ulangan kanthi gampang lan
bener” omonge Atus karo meluk bu Laras.
“Iya
nduk, tak dongakne muga-muga olehmu ngerjakne iso gampang lan bener akeh. Ben
tetep iso dadi juara ning sekolahan” ngendikane Bu Laras marang Atus karo
ngambung bathuke lan ngelus mbun-mbunane Atus.
“Amiin,
matur suwun sanget buk, sampun dongakne anakmu iki. Kula bidal rumiyin.
Assalamu’alaikum” pamite Atus karo nyangklong tas.
“Wa’alaikumsalam.”
Ngendikane Bu Laras karo mlaku ning dapur.
***
2 minggu sakwise ulangan tengah
semester, daftar nilai wis metu. Kahanan kelase Atus rame banget. Amarga ora
ana gurune. Ujuk-ujuk ana wali kelase Atus mlebu. Lan bocah-bocah spontan
langsung meneng.
“Sugeng enjing bocah-bocah. Dinten
niki kula badhe ngumumne sapa sing dadi juara kelas semester ganjil iki.”
Ngendikane Pak Barokah, wali kelase Atus. Lan ujuk-ujuk kahanan kelas iku
mbalek dadi rame maneh.
“Uwes-uwes, langsung mawon nggih! Kang
dadi juara 3 kelas iki yaiku Umi. Kang dadi juara 2 yaiku Sekar. Lan kang dadi
juara 1 semester iki yaiku…” Pak Barokah meneng rada suwi lan nggarai bocah-bocah
pada mriyek.
“Ndang pak, sing dadi juara 1
sinten?” bengok e Budi ketua kelas iku.
“Sek, sabar sabar. Aja ndredeg.
Kang dadi juara 1 semester iki yaiku Ivanka!!. Selamat kanggone para juara
kelas, tetep ditingkatne belajare. Lan kanggo liyane sing durung entuk juara,
sabar lan tetep semangat sinau. Iki daftar nilaine, tak tinggal ya. Budi mengko
ditempel ning dinding ya!.” Ngendikane pak Barokah karo ninggalne kelas.
“Lho, ternyata juara sijine ora aku
to?” batine Atus karo mbrebes amarga kecewa.
“Kowe ngapa Tus? Gak usah nangis
sing sabar ae.” Omonge Novi, kanca cedake Atus.
“Aku kecewa Nov, aku wedi ngko
bapak ibuku yo melu kecewa ning aku.” Jawabe Atus karo nangis.
“Wes lah Tus, gak usah dipikir
abot. Insyaallah bapak ibukmu bakal ngerti kahanane” Jawabe Novi nyemangati
Atus.
“Suwun ya Nov. kowe mesti enek nggo
aku.” Jawabe Atus karo meluk Novi.
“Iyo-iyo gampang. Santai wae”
jawabe Novi karo nepuk gegere Atus.
***
Dina iki Atus meneng wae, ora omong
blas. Saktekane ning omah deweke yo mung ngucap salam lan langsung mlebu kamar.
Kahanan iku nggawe ibuke bingung. Ngapa kok anak semata wayange sing gaene
ngguyu tur ceria, kok ujuk-ujuk meneng. Sampek bengi Atus ora metu saka kamar,
ora mangan lan yo ora ngombe. Deweke mung iso nangis terus. Ibuke tambah bingung
lan marani ning kamare Atus.
“Nduk, ana apa kok gak gelem metu
saka kamar ?” takone Bu Laras karo mbukak kamare Atus.
“Mboten napa-napa buk” jawabe Atus
karo ngusap eluh ning pipine.
“Ana apa to. Kene crita karo ibuk”
ngendikane Bu Laras karo marani Atus.
“Buk, sakderenge sepurane nggeh”
Atus langsung meluk ibuke saktekane ibuke ning sanding.
“Ana apa to? Ibuk gak ngerti
ki.”jawabe Bu Laras bingung amarga ujuk-ujuk anake njaluk ngapura.
“Niki buk.” Atus ngewehne kertas
sing didelekne ning ngisor bantal ning Bu Laras.
Bu Laras nampa kertas sing dicekel
Atus sing tibak e iku daftar nilai. Ujuk-ujuk raut wajahe Bu Laras maleh.
“Nyapo
iki? Kok kowe gak juara 1? Kok iso malah juara 5. Jane ki apa sing mbok piker?
Olehmu ngerjakne ki tenanan apa ora?” takone Bu Laras karo nggetak-nggetak.
“Sepurane
buk, kula nggih mboten ngertos. Rumangsa kula nggeh kula sampun tenanan
ngerjaknene.” Jawabe Atus karo ngempet nangis.
“Wiwit
saiki kowe wes ora oleh dolan. Kudu sinau terus. Kowe ki anak siji-sijine. Kowe
kudu sukses. Kudu iso nerusne karir e bapakmu. Nek olehmu sekolah kaya ngene,
trus arep sukses saka endi? Hee?” Bu Laras tambah banter oleh e nggetak Atus.
“Ibuk kecewa ning kowe. Wiwit saiki sinau tenanan!!” getak e Bu Laras karo
ngalih ninggalne Atus sing nangis
Ning
kamar Atus nangis terus. Deweke ngrasa bersalah. Deweke bingung kudu piye.
Saiki bapak e lagi ning luar kota. Dadi gak enek sing iso dicurhati. Sing iso
dadi nggon curhat yo mung Novi. Atus nangis suwi banget, sampek bengi. Sampek
deweke turu, trus sesok isuke deweke ora ketemu ibuk e blas. Deweke langung
budal sekolah lan ora sarapan.
Saktekane
ning sekolahan, Atus langsung nggolek i Novi. Tapi Novi gak enek. Olehe Atus
nggoleki iku sampek munyeri sekolahan, nanging tetep ora nemu. Bel mlebu wes
muni, Novi lagi mlebu kelas.
“Kowe
soko ndi Nov?” takone Atus saktekane Novi ning bangku cedake.
“Soko
mburi sekolah.” Saure Novi pendek.
“Nov,
aku ngko pengen crita.” Omonge Atus sing ora sadar enek sing bedo karo Novi.
“Iyo,
ning mburi sekolah wae ya, pas balek sekolah.” Ajake Novi karo ngingeti Atus.
“Iyo,
oke-oke.” Jawabe Atus pendek amarga gurune wis teka.
Sampek
balek sekolah Novi lan Atus gak akeh omonge, pada-pada menenge. Bel balek
sekolah wis muni, bocah-bocah pada buyar langsung mulih. Atus ngenteni Novi
sing ujuk-ujuk ngilang, deweke eling nek Novi mau ngejak ning mburi sekolahan.
Atus langsung menyang mburi sekolahan, tibake Novi wis ana ning kono karo
nyekeli rokok.
“Kowe
ngrokok Nov?” takone Atus kaget setengah mati.
“Iyo.”
Jawabe Novi ora ngrasa salah blas.
“Kaet
kapan?” Novi isih takon maneh.
“Lagek
ndek mau isuk. Gak usah kaget. Kowe ngke arep crita apa ?” jawabe Novi karo
ngingeti Atus sing during iso ngguwak rasa kagete. “Kene lungguh” ajake Novi
marang Atus.
Atus
langsung lungguh ning cedake Novi. Trus Atus nyritakne kabeh kedadeyan ning
omah. Deweke trus nangis. Sakwise Atus crita, Novi trimo ngingeti Novi, trus
omong
“Gelem
rokok?” Novi nawani Atus rokok sing ditokne soko tase.
“Astagfirullah..
kowe ki mikir apa to Nov, kok wani-wanine ngrokok ?” jawabe Bela kanca sak
kelase Atus karo njupuk rokok ning tangane Novi trus diidak.
“Kowe
ki nyapo to Bel? Teka-teka langsung nesu ki?” Novi langsung ngadek nyentak Bela.
“Lha
karepmu ki piye? Cah wedok kok ngrokok” Bela ganti nyentak Novi.
“Ya sak
karepku to, urip-uripku kok kowe sing maido.” Jawabe Novi ora kalah banter
olehe nyentak.
“Ngono
kuwi gak oleh Nov. Kowe ki bocah wedok ora oleh ngrokok. Jane sing ana ning
pikiranmu ki apa to ?” Takone Bela rodok alus.
“Kowe
ki nyapo to Bel? Rasah ngurusi uripku! Rumangsamu uripme wes bener he? Kowe ki
gak ngerti apa masalah ning uripku. Dadi nek aku arep ngrokok, aku arep mabuk,
aku arep mati pisan ora urusanmu.” Jawabe Novi karo nyentak. Atus mung iso
meneng ngerti kedadeyan kuwi.
“Ngertio
cah, saben dina bapak ibuku mesti padu, mben dina mesti ana barang sing pecah,
mbuh kuwi piring, gelas utawa kaca yo pernah pecah. Mben dina ibuku mesti
dikaplok bapaku, gek kuwi ning ngarepku. Bayangno cah, nek kowe dadi aku apa sing
bakal mbok lakoni ?” Novi curhat karo nangis. Atus karo Bela kaget setengah
mati. Amarga sakdurunge Novi gak pernah crita ngono kuwi.
“Ndek wingi bapak ibuku cerai.
Saiki aku ning omah dewe. Aku gak ngerti ibuku ning ndi. Aku yo gak ngerti
parane bapaku nyang ndi. Aku bingung cah. Aku stres, aku kesel urip ngeneki
terus.” Critane Novi nggarai Atus lan Bela yo melu sedih. Trus Atus meluk Novi
karo ngomong
“Sepurane
Nov, aku gak ngerti nek kowe nduwe masalah kaya ngeneki. Sepurane aku mesti
nuntut kowe enek nggo aku, tapi aku gak mesti enek nggo kowe. Sepurane Nov.”
Atus melu nangis.
“Kowe
gak salah Tus, aku wae sing gak tau crita ning kowe.” Jawabe Novi karo senyum
ning Atus.
“Wes,
saiki ngene. Novi! Wiwit saiki aja ngrokok maneh. Nek kowe nduwe masalah critao
ning kancamu. Kowe ki gak urip dewe. Enek aku, enek Atus, kancamu yo jek akeh.
Aja dipendem dewe. Trus aja mbok lampiasne ning rokok, kuwi bakal ngrusak
awakmu. Saiki, kanggone awakdewe isone yo mung sabar. Gak usah digawe beban”
Nasehate Bela marang Novi lan Atus.
“Iya
cah, sepurane, aku yo gak bakal mbaleni maneh. Aku gak bakal ngrokok maneh. Aku
bakal berubah. Sepurane ya cah” Jawabe Novi karo ngusap eluh ning pipine.
“Iya,
podo-podo” Jawabe Atus karo Bela barengan.
***
Elang lan Paijo
Dening : Indra Aditya P (30)
Paijo, bocah seng nduwe panggenan ning tengah alas.
Paijo pinter nulup. Tulupe biasane dienggo nulup manuk ing alas-alas. Saben
isuk paijo budal ing alas arep berburu manuk-manuk. Dekne pengen berburu. Ning
ngisor wit asem gedi Paijo ndelok manuk elang ngangkring ning nduwur wit
duwur.
"Nah, iki sasaran pertamaku! pikir Paijo. Paijo
ngelumpukke niat e. De’e ndelok manuk elang
iku nunduk sedih banget. Paijo ndelok nyedaki. Krungu suara........
wiek..... wiek....... wiek........
"Hah, Tibake enek anak manuk elang ceblok".
Anak elang iku ora iso obah babar blas. Awak’e kejepit godong lan wit wit an. Paijo cepet-cepet nulung. Sak bar e kuwi nyerahke anak manuk elang iku nang indukan’e. Elang miber karo seneng e minta ampun. Ngepakne sayap’e seng gedi. Sebagai tanda matur suwun.
Nang
nduwur iku lah panggon kanggo manuk bersarang.
Sejak saat iku Paijo ora gelem meneh berburu kewan
kewan seng ora nduwe doso. De’e nyayangi kabeh kewan-kewan.
Pas isuk seng cerah neng musim kemarau. Paijo mlaku-mlaku
santai ning hutan karo gowo anak panah e iku. Ning njero hutan udarane seger
banget nget nget.
Manuk-manuk
ngoceh banter banget. "Oh, apik e hutanku seng asri lan lestari iki gusti......"
Tiba-tiba dikagetke karo gemuruh soko alas. Kewan-kewan
mloya mlayu mrono mrene koyok kebingunan ngono. "Ana apa gerangan?" Tibake
alas e kobongan lur. "Aku kudu matikne api sak isoku, tapi geni ora iso tak padamke. Paijo
kepanasen, De’e ora iso nahan panas e kuwi. Matane perih, napase sesek. Paijo
berusaha nyelametke awake dewe soko kobongan alas kuwi.
Akhire geni iso dipateni karo warga penduduk sekitar
alas kuwi. Paijo arep muleh, tapi de’e bingung tersesat ora ngerti lor
kidul. Sekeliling e peteng ndedet, Kebak karo asep. Paijo tersesat, Wonge
ora iso muleh menyang omahe.
Paijo kesel.Wonge leren karo ngelamun. "Nyapo
wong wong kok iso bakar alas iki seng indah lan lestari? Wit-witan akeh seng
mati. Lan kewan kewan yo melu mati goro goro kobongan iki"
Dino
mulai peteng...... Wong tuaku mesti mikir posisiku nang ndi", pikir Paijo.
Sayup-sayup krungu suara ing nduwur awan. "....buik!....... buik!,.....
buik !.
Wah kuwi ketoke koyok suoro manuk elang seng semakin
nyedaki aku. "Hei..... tibake koe elang seng biyena anakmu tau tak tulung,
yoo....?" Bengok e Paijo kesenengen. Elang kuwi nduwe moto seng tajem
banget. Soko nduwur angkoso seng paling nduwur, De’e iso ndelok sak keliling e. Paijo
mbuntuti arah manuk elang iku miber. Ora suwi sakwis e, de’e wes nemokake omahe.
Bapak lan ibuke nyambut penuh kesenengan.
"Matur suwun gusti,.... matursuwun juga elang.
Koe
sahabatku seng apikan banget", ujare Paijo.
____________________________________________________________________
Amerga
Balbalan
Dening : Iqbal Ramadhan (31)
Isuk iku ing
kampung Sukajaya, jago pada kluruk nangekake wong sing jik pada turu. Kabeh
wong ing kampung kuwi pada tangi. Jam wis pas ing angka 6. Bocah-bocah pada
metu soko omah lan siap siap budal menyang sekolahan. Salah sijine bocah kuwi
jenenge Budi, murid kelas 5 sing sekolah ing SDN Sukajaya 1. Budi kuwi uwonge
apikan lan seneng guyon mulakno akeh sing konconan karo dheweke. Budi nduwe
konco sing jenenge Rudi. Rudi kuwi konco sekampung lan konco sakkelas karo
budi. Sakbendino Budi lan Rudi mlaku bareng menyang sekolahan. Kampung Sukajaya
pancen ora adoh karo sekolahan. Dadi bocah sing sekolah ing SDN Sukajaya akeh sing
podo mlaku.
Sabanjure teko
sekolah bocah-bocah pada mlebu ing kelase dewe-dewe. Budi karo Rudi kanca
sakelas lan lungguhe bareng. Sabanjure pelajaran, kira kira jam 9 bel istirahat
muni lan bocah-bocah pada mara menyang kantin. Budi ing kantin ngomong karo Rudi,
mengko sabanjure sekolah arep dolanan balbalan. Rudi setuju karo idene Budi.
Jam 1 awan bocah-bocah
wis podo mulih saka sekolahan lan balek menyang omahe dewe, budi karo rudi wis
janjian karo bocah kampung yen sabanjure sekolah arep dolanan balbalan. Kira
kira jam 2 bocah-bocah pada ngumpul ing lapangan arep balbalan. Bocah bocah
pada hompimpa nemtokake kelompoke. Budi karo Rudi bedo kelompok. Sumpritan muni
balbalan diawiti, balbalane seru saben kelompok podo rekasa ngegolne bal ing
gawang musuhe, setengah mainan skore 2:1 menang kelompoke budi, bocah-bocah
podo leren lan tuku es ing warung cedake lapangan. Bar bocah-bocah leren
balbalan diawiti maneh saben kelompok ngatur strategi ben gawange ora
kebobolan, wektu balbalan wis arep bar, bal sing digiring budi wis teko ning
ngarep gawange Rudi. Rudi bingung piye nek budi ngegolne, mengko kelompoke Budi
sing menang. Rudi mlayu arep ngroyok bal nanging sikile Rudi ngeneki sikile Budi,
Budi tibo lan ngasakne loro. Sikile bengkak amerga disaduk karo rudi. Rudi sing
arep nulungi budi dipenging karo budi, Rudi nyuwun ngapuro marang Budi, nanging
Budi ora gelem. Budi mulih menyang omah karo pincang.
Bar kejadian
kuwi Budi karo Rudi ora dolanan maneh, budal sekolah ora bareng maneh, malahan
ora dadi konco sabangku maneh. Budi pindah lungguhe ning ngguri dewe. Saben
dicedaki karo Rudi, Budi ngaleh. Sabanjure mulih sekolah Rudi mara menyang
omahe budi, Rudi takok ibuke Budi, Budi ning endi, ibuke njawab Budi enek ning
kamare, ibuke nyeluk Budi ing kamare nanging Budi meneng wae lan kamare di
kunci. Rudi ngrasa salah amerga nyaduk sikile Budi nganti loro. Dheweke nyesel
amerga kelangan konco sing apike kayak Budi.
Budi lan Rudi
munggah kelas ing kelas 6 nanging Budi ijik nesoni Rudi. Ibuke Budi ngomong
menyang Budi, dadi uwong kuwi ojo seneng dendam gak apik. Dadi wong kuwi kudu
nrimo ngapurane wong liyo. Opo maneh Rudi kuwi konco cilikke Budi, saben dino
dolanan bareng, nggarap PR bareng, budal sekolah bareng. Budi mikirne opo sing
diomongne ibuke. Budi mikir dheweke yo nduwe salah wis nesoni Rudi sing gak
sengaja nyaduk sikile.
Dino minggu esuk
Rudi teko menyang omahe Budi. Budi lagi lungguh ing ngarep omah, Rudi tetep
nyuwun ngapura menyang Budi. Dheweke nyesel, dheweke ngrasa dewe amerga gak
enek koncone yaiku Budi. Budi eling omongane ibuke, banjur Budi nrimo ngapurane
Rudi, nanging enek syarate. Rudi seneng amerga Budi gelem nrimo kesalahane lan
dheweke nrimo opo wae syarate sing penting Rudi bisa konconan maneh karo Budi.
Budi ngekeki syarat yen dolanan ojo nganti ngloroni koncone dewe, lan ojo iri
marang konco dewe amerga koncone menang utowo nduweni nasib apik. Rudi
ndingkluk amerga omongane budi. Rudi eling nyapo kok dheweke nyaduk sikile Budi,
amerga Rudi lan kelompoke gak gelem kalah, dadi Rudi nyaduk sikile Budi supaya Budi
gak ngegolne lan menang. Rudi janji gak ngulangi perbuatane maneh lan ora iri
marang koncone dewe.
Sabanjure
kejadian kuwi Budi lan Rudi budal sekolah bareng, dolanan bareng lan lungguhe
bareng sak bangku maneh. Ibuke Budi sing ndelok Budi iso konconan maneh karo Rudi
seneng banget lan bersyukur anake gelem ngrungokake opo sing diomongne, yen
konconan ojo dendam.
____________________________________________________________________
Iya, itulah cerkak dari bahasa jawa karya kami, apabila ada kurang lebihnya mohon maaf.
Wassalammu'alaikum Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar